Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

About Me

Followers

My Blog List

My Blog List

My Blog List

Snag a button

Selasa, 12 Januari 2016

Geguritan



3.           Kanca sejati
Angin kang sumilir magawe asreping atiku
Sunare cahya kang dadi gawe semangatku
Dina iki dina minggu
Bocah pada tangi esuk mbiyantu bapak ibu

Mlakuku anuju sawijining umah
Wit-witan gedhe kang jinejer ana ing pinggir dalan
Ademe anyese magawe mlakuku ora krasa adohe..
Sri..
Sri.. tak celuki jenengmu
Mangendi toh kowe cah...
Omahmu sepi nyenyet..
Namung ana wong tuwa ijen kang njaga omahmu..

Aku kangen kowe sri
Kowe kancaku awit bayi abang branang
Wis 2 minggu kita ora kepethuk
Kowe kanca sejatiku

Namung kowe saiki nang ndi sri
Aku kapengen kowe ngrungokna curhatku
Aku kapengen kowe dolan bareng karo aku
Aku kangen kowe sri....!


4.           Mahasiswi
Awakmu apik
Klambimu gaya terbaru
Sandhalmu high hill
Rupamu ayu kaya widadari
Nanging dudu iku sing dikarepake wong tuwamu
Golekna ilmu
Golekna pengalaman
Golekna kemandirian
Kanggo bekalmu mbesuk nduk
Kowe tak kuliyahake dudu kanggo pamer awak
Kowe tak kuliyahake kanggo masa depanmu
Kanggo uripmu mbesuk
Supaya kowe dadi wong sing berilmu nduk....

5.           Sang putra
Srengenge wus katon aslup
Angin sing magawe anyeping ati
Manuk wus pada miber nggoleki susuhe
Prau-prau pating krampul ora mingset saka papane
Nyai-nyai jambul wanen
Awak wungkuk mawa teken
Yuswa sansaya senja
Namung taksih kebak pangarep-arep
Yen sang putra bisa menyang gubug lan ngrawat dheweke

Geguritan



3.           Nasibe godhong garing
Langit katon mabyar
Srengenge kang nyinari tansaya gawe endahe sore kuwi
Wit-wit kang  padha beksan kesenggol angin sore
Godhong ijem, godhong jene tiba saka puciking carang wit asem

carang sing ringkih
carang sing gedhe
carang sing kuwat, kabeh bisa magawe godhong tiba
Godhong.....
tibamu ora ketata
Senggol satitik lemes lan niba
Tibamu ora bisa kowe karepake
Ana ing sawah
Ana ing siti
Ana ing watu

Godhong ijem
Godhong jene
angin kang sumilir dadi saksine

4.           Indonesiaku
Jaman tansaya edan
Bocah cilik
Wong nom
Wong tuwa
Tansaya kegawa arus globalisasi

Jarene indonesia kuwi makmur
Jarene indonesia kuwi subur
Jarene indonesia kuwi jaya
Jarene indonesia kuwi tanah surga

Nanging ya kenapa ta?
Rakyat isih padha mlarat
Kabeh padha kesrakat
Mangan isih padha kekurangan
Bahan bakar larang
Bahan pangan mundhak

Kiye tah sing diarani tanah surga indonesia?

5.           Jakarta
Gedung sing duwure nganti langit
Kukus pabrik sing kumebul
Magawe ibukotane tambah ruwed

Kebakaran
Kebanjiran
Kemacetan
Saben dina
Saben taun
Mesthi ana
Manungsa wus tansah ora preduli marang lingkungan
Mbuwang sampah ana ing kali
Tambah magawe rusake keindahan kota iki

Geguritan



1. Sanga
September sasi kaping sanga
Wayahe wayah apa
Banyu ing sumur asat
Sabin padha garing
Nek awan rasane benter banget
Kringet padha mili
Silire angin ora bisa ko rasake...
Udan...
Kapan mudhune?
Kabeh wong pangarep-arep bisa olih banyu
Mugi-mugi Allah tansah maringi
Amin..
toya
Milining toya ing samudra
Hanggawe biruning angkasa
Endahing damelan Gusti
Manungsa  sapantuk nugrahaning Hyang widhi
        Lintang kang nambah endahing alam
        Suryane padhang gumebyar
        Langit sing katon peteng ndedhet
        Wus ganti cerahing angkasa
Angin arupa kesetyan Gusti marang kita
Toyaning samudra dadi panguripan
Prau sing pating krampul dadi mencar ana ing tengah samudra
Nelayan kang golek rizki
Saged bungah lan ngucap syukur marang Hyang widhi
Ulam kejaring tan saya kebak prahune
Bungah bungah lan bungah sliramu
Mugi Gusti tansah maringi kanugrahan marang kita sedaya

3.       Desaku kang Asri
Wit pelem alemba-lemba ing pinggir tambak
Sawah sing ijo royo-royo magawe mripat seger
Kembang mlathi sing ambune arum
Iki lah desaku

Desa sing subur
Desa sing makmur
Desa sing ayem
Desa sing tentrem

Kabeh wong pada sregep golek rizki
Ana ing sabin
Ana ing ladang
Ana ing tambak

Sandhang pangan kacukupan
Tangga teparo tepang sedaya
Ora kaya wong kutha
Sing uripe mung individual ora kenal liyan
Kabeh-kabeh serba mewah, tela godhog ora doyan
Miris sanget marang gayanipun