Tembung Kawi
Ing tanah Jawa, basa kang diarani
paling tuwa dhewe yaiku Basa Kawi. Kawi duweni teges pengarang, pujangga,
karangan, tembang. Utawa tembung-tembung kang kanggo ana ing kapujanggaan
(layang-layang jaman biyen), ora kaprah diengga ing basa padinan. Mulane ing
jaman saiki akeh sing padha ora mudheng basa kawi. Basa kawi kena ditegesi
basane pujangga ing tulisan layang-layang kuna kang nganti saiki isih ana ing
kapustakaan lan museum papan panaliten.
Kawruh basa kawi ing jaman saiki isih
ana, sanadyan wujude utawa anggone nggunakake wis dicampur basa jawa umum.
Kayata basa ing pedhalangan, pahargyan manten, tembang utawa sekar macapat,
geguritan, lan karya sastra liyane.
Tuladha sawetara kang isih kerep
diprangguli ing padinan, basa kawi kanggo nyebut dina lan pasaran, kayata :
DINA
|
KAWI
|
PASARAN
|
KAWI
|
Senin
|
Soma
|
Pon
|
Palguna
|
Selasa
|
Anggara
|
Wage
|
Cemengan
|
Rebo
|
Budha
|
Kliwon
|
Kasih
|
Kemis
|
Respati
|
Legi
|
Manis
|
Jemuah
|
Sukra
|
Paing
|
Jenar
|
Setu
|
Tumpak
|
||
Ahad
|
Dite
|
b.
basa Rinengga
basa Rinengga ora bisa pisah karo basa
kawi. Sabab ing basa rinengga akeh kosa-kata (tembung-tembung) kang migunakake
basa kawi. rinengga ateges dipacaki, pinajang, dipaesi kang kabeh mau prelune
supaya luwih endah, bergas, ngengreng, lan katon ngresepake. mula kuwi basa
rinengga bisa ditegesi, basa pajangan, basa pacakan utawa basa bregasan kanggo
nggambarake kaendahan lan kawibawaan. basa rinengga mesthi wae ngemu surasa
kaendahan, karepe kaendahan basa. basa kang endah ora ateges basa kang angel,
sanajan mesthi wae ana akeh kosakata basa endah kang angel disurasa tegese.
Basa
rinengga bisa kaperang dadi loro :
1)
Basa rinengga kang digunakake ing pepindhan
Yaiku
tetembunngan utawa ukara kang nyebutake apa wae kang dipadhakake “kadya”,
“lir”, “pendah”, lsp.
Wujude:
v Pepindhan
kanggo ing paguneman saben dina.
Tuladha:
Renggang gula kumepyur pulut
Kaya banyu karo lenga
v Pepindhan
kanggo ing pedhalangan
Tuladha:
Sireping kang gara-gara, ing bang
wetan katon ana wewujudan kang ambegugung kaya gumuk hambegogok kaya tenggok.
Hening sesanti niskala. Dhedhep sidhem
perbawaning ratri (hening disertai doa agar jauh dari
bencana. Tenang dan dingin suasana malam).
v Pepindhan
kanggo panyandra
Yaiku candrane wong tuwa
kahanan. Biasane digunakake kanggo nyandra manten.
Tuladha:
Gumebyar
busananing putra penganten kakung, anggagem busana ingkang tinaretes benang
sotya, ngagem kuluk kanigara, hangemba busananing nata. Lamun kadulu katon
agung, mrabu, miwah mrabawa.
v Pepindhan
kanggo ing sanepa
Tuladha :
Tatune
arang kranjang
Ulate
bening leri
2)
Basa rinengga ing tembung-tembung kang
ateges entar(silihan)
Tuladhane:
Dhuh
woting atiku, manik netra ya mung sira nyawaku. Keneng apa sliramu tansah
kumanthil saben aku ngedhepake netra. Atiku wis dak patri nyawiji klawan atiku.
Carane
ngrengga basa, yaiku
1)
Sarana dikandhakake utawa ditulis nganggo
ukara liya kang tetembungane ngemu surasa luwih bergas.
v Basa
lumrah “teluk”, basa rinengga “pasrah bongkokan.”
v Basa
lumrah “sedhela banget”, basa rinengga “sakedheping netra.”
v Basa
lumrah “kekasihku”, basa rinengga “jantung atiku.”
2)
Diganti tetembungan sawetara, umpama prelu
dilironi tembung kawi
Tuladha
:
v Tandange
kaya bantheng kataton
v Tatune
arang kranjang
v Swarane
gumlegur kaya gludhug
0 komentar:
Posting Komentar