Wengi
iki langite padhang gumebyar. Lintang lan rembulan katon endah nyunari bumi
saisine. Rasaning atiku ayem tentrem neng ngisor cahyaning rembulan. Ana platarane
omah aku lungguh dikancani kunang-kunang sing ngetokake cahya magawe sansaya
padhang njingglang bengi iki, aku nyoba ngetung kunang-kunang sing akeh cacahe
mau.
“ siji, loro, telu, papat,...satus. wah akeh tenan
kunang-kunange! Coba aku bisa njipuk kunang-kunang mau siji wae kanggo bapak
lan ibuku supados purun nyekolahna aku nganti sarjana,” ucapku greneng-greneng
ijen.
Aku tumungkul pasrah, ngrumangsani nasibku. Aku pengin kaya
kanca-kancaku sing bisa kuliyah, sing bisa nggolek ilmu nganti perguruan
tinggi,” atiku ngresula sanajan bapak lan ibuku ora karep yen aku kuliyah,”
Kagem
Gusti ingkang Maha Agung
Dhuh
Gusti, geneya uripku kaya ngene? Aku pengen kuliyah ben dadi guru, saged nimba
ngelmu ing perguruan tinggi . kenging menapa kula mboten saged kados
kanca-kanca ingkang saged nimba ngelmu? Sedaya kancaku gadhahi tiyang sepuh
ingkang ndukung putranipun ingkang badhe kuliyah. Nanging menapa bapak lan ibu
kula mboten kados mekaten? kula nyuwun diparingi kesabaran, katetegan manah
supados nggayuh rahmad panjenengan. Amin..
Saben rina wengi ing pangarepanku, aku tansah nulis surat
kanggo Gusti Allah. Apa sing bisa tak tindakake kanggo ngrubah nasibku iki. Aku
tansah nangis ing ati. Aku tansah nduweni pangarepan supaya Gusti Allah saged
maringi kamurahan marang kula. Aku mung bisa arep-arep sepisan maneh supaya
wong tuwaku bisa mbiyayani aku kuliyah. Rasa pepenginku kuliyah pancen gedhe,
ora mung pengen nggolek ilmu, aku uga kapengen yen mengko bisa mbantu adhiku
sing esih sekolah SD lan SMP. Aku nduweni karepan bisa nyekolahna adhiku nganti
kuliyah lan bisa dadi wong sing wiguna kanggo keluwarga lan masyrakat.
Awan kuwi langite mendhung, gludug glumeger kaya nyigar
bumi. Dina iki pengumuman menawa aku ketampa apa orane ing perguruan tinggi.
Aku tansah numpak sepedhah montor astrea sing wis reyot knalpote kukuse
kemebul. Aku githa-githa maring warnet lan mbuka pengumuman mau ing internet,
atiku deg-degan, tak buka pengumuman kuwi,siji,loro,telu,papat,..lodinge suwe
tenan. Kaping lima pengumuman kebuka. Atiku deg-degan sansaya banter, mataku
dlewer eluh tumetes nang pipi, sanajan aku langsung sujud syukur merga aku
ketampa ing Universitas Negeri Semarang jurusan Bahasa lan Sastra Jawa . Aku
bangga lan seneng banget merga bisa nyingkirake wong 1.000 sing ndaftar nang
kono. Aku langsung balik ngomah lan matur kaliyan Bapak lan Ibu .
“bu..pak... ! mriki, aku
ketampa wonten ing Unnes jurusan Bahasa Jawa !” aku nimbali bapak lan ibu saka
njero omah.
“kados pundi nok? Kowe
ketampa ing Unnes? Selamat nggih nok ibu tumut seneng kowe bisa ketampa ing
kono”. Ngendhikane ibu karo nyikep aku kenceng.
***
Sunaring sang baskara
mlebu ing sela-selane cendela kamar. Hawa anget nyikep awak. Aku tangi saka
amben lan siyap-siyap ewangi Bapak lan Ibu.
“Rara..wis siyap apa
durung? Kene ewangi Bapak gawekna wedang, arep takgawa menyang sawah” swarane
bapak celuk-celuk aku.
“nggih mangke sakedhap malih
pa, Rara taksih beresi kamar”. Wangsulane aku .
Rara apa iya tah nduk kowe
ketampa ing Unnes ?”, pitakone bapak .
Nggih pa leres. Menapa
nggih pa?”wangsulane aku.
Nanging ya menapa arep
dijupuk kowe ya wis bisa basa jawa ngapa kowe malah jupuk basa jawa! Ora basa
inggris utawa basa liyane!” ngendikane bapak.
Aku mung bisa meneng lan
ngempet tangis ing njero atiku. Sanajan lara atiku merga Bapak bisa-bisane
nggawe semangatku tambah loyo.
Kagem
Gusti ingkang Maha Agung
Maturnuwun
awit nikmat ingkang sampun kaparingaken dhateng kula,Gusti. Dalaning gesang
tansah kula lampahi, nanging kenging menapa bapak kula mboten ndukung kula
merga kula kuliyah ing basa jawa. Kula nggih kuliyah badhe nimba ilmu, ilmu
menapa kemawon nggih wonten manfaatipun. Muga-muga pepenginku dikabulake Gusti
ingkang Maha Asih. Amin...
Wis seminggu iki pengumumanku
ketampa ing Unnes. Nanging bapak lan ibu ora nanggepi apa sing wis
takperjuwangake melu tes ing Semarang kanthi rong ndina. Kuwi kabeh ya merga
mbayar UKT(Uang Kuliyah Tunggal)ne uga larang nganti Rp 3.500.000 pantes wae
bapak lan ibuku ora nyanggupi, bapak kerjane ya mung buruh macul, karepanku bisa
kuliyah sansaya adoh sansaya angel mujudakene. Aku tansah ngempet tangis ing
njero atiku ngadepi kanyataan sing kaya mangkono . Aku banjur metu saka kamar
kanthi mripat sing bendhul merga nangis.
“Kok
beneh kaya biyasane Bapak ora celuk-celuk jenengku? Ibu ya ora krungu swarane.
Gek padha menyang ngendi wong ngomah iki?” batinku. “Bu..Pa..! aku
undang-undang bapak lan ibu.
“ana
apa Ra?” ibu mlayu saka latar lan gita-gita nyedhaki aku.
“Bapak
pundi bu? Napa Bapak mboten tindak sawah dinten menika?”
“O..alah
ibu lali Nok. Wis saiki lungguh kene ibu takmengarep ngrampungake nyapu latar.”
“saiki
lungguh kene sik, mengko Ibu sing njelasake!”
“Njelasaken
perkawis menapa tah bu? Ana apa iki? Batinku bingung.
“watara
limang menit ibu bali saka latar banjur lenggah ing sisihku”.
“wonten
menapa ta bu kok kula ndadak dilungguhke ngene lan badhe ngendika menapa kok
serius sanget”.
“Ngene
loh Nok, iki ana kabar apik kanggo kowe. Kowe bakal bisa kuliyah,” ngendikane
ibu karo ngelus-ngelus rambutku.
“Napa
bu, bisa kuliyah??? Ah mbok ampun guyon.
“Tenan
kok Nok, ngendikane ibumu kuwi pancen bener. Kowe bakal bisa kuliyah. Anane
Bapakmu ora menyang sawah dheweke lagi lunga njupuk dhuwit kuliyahmu,”
ngendikane ibu.
“Ya
Allah....alhamdulillah, menapa saestu bu? Nanging lajeng sinten ingkang
ngampilaken dhuwit Bapak kangge kuliyah kula Bu? Pitakonku pengin ngerti.”
“Sing
nyilihi dhuwit ya Budhemu...Bapak mung nyilih sejuta nanging Budhemu sing
nduweni ati becik lan trenyuh karo semangate kowe kapengin kuliyah nanging wong
tuwamu iki ora bisa mbiyayani, lajeng Budhemu menehi dhuwit Rp 2.500.000 nggo
tambahan kowe kuliyah Nok.” Ngendikane ibu dibarengi tumetesi eluh ing pipi.
Aku
ora nyana ning Budheku nduweni kabecikan arep mbantu mbiyayani aku kuliyah.
Atiku seneng banget. Aku maturnuwun banget marang Budheku sing wis mbantu aku
lan keluwargaku. Bapak lan ibu uga tumut ngaturake panuwun marang Budheku.
“Dina
kuwi uga aku mbayar UKT ana ing bank BNI. Alhamdulillah matur nuwun Gusti, donga pangarep-ngarep kula
sampun dipunkabulaken. Samangke kula saged kuliyah ingkang bener lan saged mujudaken
cita-cita kula lan saged mbantu bapak lan ibu ngringanaken beban. Maturnuwun
Gusti, lumantar Budheku saged mbiyantu kula, mugi-mugi Budhe lan kulawarganipun
pikantuk barakah saking panjenengan.Amin...
*CUTHEL*
0 komentar:
Posting Komentar