KETHOPRAK
Kethoprak
kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging uga bisa
tinemu ing Jawa sisih wetan (Jawa Timur). Kethoprak wis nyawiji dadi budaya
masyarakat Jawa Tengah. Kethoprak wiwitane awujud dedolanan para priya ing
dhusun kang lagi nganakake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing
waktu wulan purnama-ndadari, kasebut “gojek.” Ana ing tembe kairing tembang
bebarengan ing kampung utawa dhusun kanggo lelipur. Sak teruse ana tambahan
kendhang, terbang lan suling. Mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung,
kira-kira kadadeyan ing taun 1887. Sakbanjure ana ing taun 1909 wiwit dianakake
pagelaran kethoprak kanthi komplit lengkap.
Pagelaran kethoprak kang resmi ing
masyarakat umum, dhisik dhewe paguyuban kethoprak Wreksotomo, dipun pandhegani
dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake,
yaiku : Warso-Warsi,
Kendono-Gendini,Darmo-Darmi, Lsp.
Saksuwe iku pagelaran kethoprak
sangsaya suwe dadi lan apik lan dadi klangenane masyrakat, utamane ing tlatah
Yogyakarta. Ing kahanan pagelaran kethoprak dadi pepak anggone carita lan uga
ana iringane gamelan.
Saksuwene disenengi dening masyarakat,
khususe ing daerah Yogyakarta, kethoprak sing wiwite saka pertunjukan dolanan
lesung terus dadi pertunjukan kethoprak komplit kanthicerita lan gamelan sing
ngiringi, sarta pengaruh-pengaruh teater bangsawan sing mlebu ing pertunjukan
kethoprak.
Jinise
kethoprak bisa dipilah kaya ngisor iki :
a.
Kotekan Lesung : minangka asal mula lan bibit sing ngembangake dadi pertunjukan
kethoprak.
b.
Kethoprak Lesung Mula, yaiku dikembangake
saka kothekan lesung ditambah karo tari-tarian lan kompliti karo cerita sing
sederhana. Uripe wong tani saben dinane.
c.
Kethoprak Lesung, yaiku minangka
pertunjukan lengkap karo cerita-cerita rakyat kanthi iringan gamelan sederhana
kendhang, suling, terbang lan lesung. Saka iki mau sebenere pertunjukan
kethoprak lair.
d.
Kethoprak Gamelan, yaiku ngrembakane saka
Kethoprak Lesung, dikompliti karo cerita panji ditambah karo klambinan “mesiran”
(seribu satu malam).
e.
Kethoprak gamelan sing ana nganti saiki
yaiku cerita-cerita sing disuguhake akeh-akehe yaiku cerita babad, sing paling
populer nganti saiki. Pertunjukane ing alam bebas, nanging wis wiwit nyedaki
gedung utawa panggung, yaiku sing disebut “kethoprak pendhapa” (pertunjukane
ing ngarep pendhapa).
f. Kethoprak
panggung, yaiku minangka ngrembakane sing pungkasan, yaiku pertunjukan
kethoprak sing dilakoni ing panggung kanthi cerita campuran. Kaya dene crita
rakyat, sejarah, babad utawa crita-crita adaptasi saka cerita njaba (Tuladha Crita Sampek Eng Tay, Maling Saka
Bagdad,Lsp).
0 komentar:
Posting Komentar