Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

About Me

Followers

My Blog List

My Blog List

My Blog List

Snag a button

Kamis, 03 Desember 2015

Nasi Grombyang Dhaharan Khas Saking Pemalang

Kutha Pemalang, ing taun 60-an wonten dhaharan Grombyang, ingkang namanipun Nasi Grombyang, Grombyang menika dados dhaharan khas ing kutha pemalang. Bahan dasaripun daging lembu, klapa ingkang sampun dipunparut, tauco, godhong salam, serai lan rempah ingkang sampun dipunulek ngantos alus. Grombyang menika mujudaken dhaharan ingkang dipunremeni masyarakat, grombyang menika mboten kawon kaliyan rawon, ananging saking raosipun benten. Grombyang sakelangkung miraos, bumbu rempahipun sakelangkung kraos gurih tansaya miraos menawi dipunparingi kecap. Grombyang menika kulina dipunladekaken kaliyan sekul, sate lembu lan diparingi bawang goreng supados sakelangkung sedep.
Ing kutha Pemalang, wonten satunggaling tiyang sadeyan grombyang kondhang, naminipun Bp. H. Warso ingkang saben dinten ndamel grombyang. Warungipun bp. H. Warso kulina bikak tabuh 8 enjing ngantos 9 ndalu. Panggenanipun menawi saking alun-alun Pemalang menika nglewati masjid agung pemalang lan mlebet ing margi RE Martadinata ngajengipun panggenan praktek dokter persalinan.
Ing warungipun bp. H. Warso menika dipunbiyantu 5 tenaga karya, saben dinten saged nelasaken 4 kg dhaging lembu. Reginipun grombyang khas Pemalang menika Rp 13.000,00 samangkok. Para warga Pemalang kapengin grombyang menika saged dados dhaharan ingkang saged dipunremeni lan kondhang kaliyan masyarakat sanesipun pemalang lan supados grombyang saged dados dhaharan kangge ciri khas kutha pemalang sanesipun kamir.

diahsyavana

0 komentar:

Posting Komentar