Basa
jawa iku sugih kasusastran, salah sijine yakuwi geguritan. Miturut kamus,
geguritan iku duwe teges, tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya
tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg. Tembung
geguritan asale saka tembung gurita,
tembung gurita owah-owahan saka
tembung gerita. Tembung gerita
linggane gita, tegese tembang utawa
syair.
Basa ing geguritan iku beda karo basa gancaran. Awit, basa
gancaran mono nengenake ukara kang komplit. Kudu ana jejer lan wasesane. Nanging
ing geguritan, tembung kang pinilih yaiku tembung-tembung kang ringkes lan
mentes. Amarga kaendahaning geguritan katonton saka pamilihane tembung-tembung
kang rinakit kanthi edi-peni. Basa ing geguritan ngemot tata sastra kang bisa
njalari geguritan mau dadi endah.
Kaendahan geguritan bisa dirasakake kanthi maca lan
ngrungokake. Kanthi maca lan ngrungokake saengga bisa :
1. Nemtokake
pesen kang ana sajroning geguritan
2. Nemokake
sabab kang njalari endahing geguritan
3. Gawe
gambaran tumrap geguritan
Endahing geguritan iku
gumantung ana :
1. Pilihane
tembung kang menetes.
2. Runtute
swara utawa migunakake purwakanthi
3. Tembung
endah lan entar kang digunakake.
4. Tembung
andhahan kang karimbag mawa ater-ater, seselan utawa rangkep.
Adhedasar dhapukaning
ukara lan pangiketing tembung, werna-werna araning geguritan, yaiku :
1. Gita
dwigatra yaiku syair rong gatra sapada.
2. Gita
trigatra yaiku syair telung gatra sapada.
3. Gita
gatra catur gatra yaiku syair petang sapada
4. Gita
panca gatra yaiku syair nem gatra sapada
5. Gita
sad gatra yaiku syair nem gatra sapada.
6. Gita
sapta gatra yaiku syair pitung gatra sapada.
7. Gita
hasta gatra yaiku syair wolung gatra sapada.
8. Gita
nawa gatra yaiku syair sangang gatra sapada.
9. Syair-syair
dhapur soneta
10.
Syair bebas.
Perangan kang perlu
digatekake ing geguritan, yaiku :
1. Tema,
yaiku wos-e pikiran kang dadi dhasare geguritan
2. Diksi,
yaiku pamilihaning tembung lan gaya basa. Dene kang diarani gaya basa yaiku
mbudidaya kepriye nulis lan nggunakake tembung-tembung kanthi endah lan cocok
orane kanggo nggambarake kahanan tartamtu.
3. Sarana
retorika, yaiku sarana kanggo nggambarake apa kang arep diandharake ana ing
geguritan mau.
4. Amanat,
yaiku pesen kanggo pepiling marang para maos.
0 komentar:
Posting Komentar