Jinising
tembung ing ngelmu basa bisa kaperang dadi maneka warna. Kayata tembung aran,
tembung kriya, tembung sifat, tembung katrangan, tembung sesulih, tembung
wilangan, tembung panggandheng, tembung ancer-ancer, tembung panyilah, lan
tembung panyeru.
1.
Tembung aran (kata benda)
Tembung
aran uga diarani nomina. Yaiku tembung kang nerangake jenenge barang utawa apa
bae sing kaanggep barang. Akeh-akehe tembunge disambung tembung “dudu”, “ana”,
lan “ora”
Tembung
aran kaperang dadi loro :
·
Tembung aran katon (konkrit)
Tuladha
: pelem, krikil, sapi, wong, lsp.
·
Tembung aran ora katon (abstrak)
Tuladha
: ngelmu, kawasisan, kapinteran.
2.
Tembung kriya (kata kerja/verba)
Yaiku
tembung kang nerangake solahbawa utawa tandang-gawe.
Tembung
kriya kaperang :
a.
Kriya tanduk (kata kerja aktif)
Yaiku
tembung kriya kang jejere (subyek) dadi paraga. Tembung iku lumrah didhapuk lan
diimbuhi ater-ater (m-, n-, ng-, lan ny-). Sakliyane kuwi jejere nindakake
sawijining pakaryan.
Tuladha
: njawil, mlumpat, nulis, nendhang, nuthuk, lsp.
b.
Kriya tanggap (kata sifat pasif)
Yaiku
tembung kriya sing jejere (subyek) dadi sasaran (penderita). Tembung kriya
tanggap lumrahe didhapuk lan diimbuhi ater-ater (di-,ka-,ke-, lan seselan –in).
Tuladha
: dijawil, dthuthuk.
3.
Tembung sifat (kata sifat/adjektiva)
Tembung
sifat uga diarani tembung kaanan, yaiku tembung
kang bisa nerangake kahanan utawa watak sawijing bab utawa barang.
Tembung
kanan bisa kaperang dadi loro :
a.
Tembung watak (ora bisa owah)
Tuladha
: drengki, srei, jail, uthil, lsp
b.
Tembung kahanan (bisa owah)
Tuladha
: mlarat, sugih, beja, mulya.
4.
Tembung katrangan (adverbia)
Yaiku
tembung kang nerangake tembung liya, kayata :
·
Tembung katrangan kang nerangake tembung
aran (kakangku dudu guru SMA)
·
Tembung katrangan lan nerangake tembung
kriya (Adhiku kerep nangis)
·
Tembung katrangan lan nerangake tembung
sifat (pak brata priyayine rada galak)
·
Tembung katrangan lan nerangake tembung
wilangan (bukune kurang papat)
·
Tembung katrangan lan nerangake tembung
katrangan (aku ora tau mulih)
5.
Tembung sesulih (kata ganti/pronomina)
Yaiku
tembung kang digunakake kanggo sesulih (ganti) wong, barang utawa apa wae kang
dianggep barang.
Tembung
sesulih
Yaiku
tembung kang digunakake kanggo sesulih (ganti) wong, barang utawa apa wae kang
dianggep barang.
Tembung
sesulih bisa kaperang dadi enem, yaiku :
a.
Sesulih purasa (kata ganti orang)
b.
Sesulih pandarbe (kata ganti empunya)
c.
Sesulih panuduh
d.
Sesulih pitakon
e.
Sesulih panyilah
f.
Sesulih sadhengah.
0 komentar:
Posting Komentar