Malem natal lan
nuzulul qur’an
Nunggal wengi kuwi
mahanani laladan
Masjid istiqlal lan
gereja katedral
Sautara kaum
muslimin dhampyak-dhampyak menyang masjid istiqlal
Sauntara umat
katholik mbanjiri greja katedral
Papan kekarone
pancen cecedhakan
Qori kang
ngumandangake ayat al-qur’an
Tembang kudus misa
malam natal
Uga keprugu syahdu
saka njero katedral
Nuansa religius
rinasa kenthel
Ngebaki atmosfir
kekarone papan ibadah
Kabeh jamaah
Pada bugah
Rukun ing dina barakah
0 komentar:
Posting Komentar