Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

About Me

Followers

My Blog List

My Blog List

My Blog List

Snag a button

Kamis, 17 Desember 2015

Resensi Cerkak



RESENSI CERKAK
1. Identitas Cerkak
   a. irah-irahan  Cerkak                       : Layang saka Titing
   b. panyerat                                       : Irul S Budianto
   c. penerbit                                        : Panjebar Semangat
   d. taun terbit                                     : 2000
2. Irah-irahan Resensi
    Resensi Cerkak“Layang saka Titing”

3. Wosing cerkak
Irul kang kala jaman rumiyin menika dados kanca ingkang raket sanget kaliyan titing nalika bocah loro mau kuliyah. Nanging, amarga wonten sawijining masalah merga titing dipunpeksa wong tuwanipun nikah karo Ir. Pranoto. Padahal, irul lan titing menika sampun janji mboten kapengen pisah wektu winisudha perguruan tinggi. Irul namung bisa nrima ing pandum, piyambakipun ngrelakaken menawi titing dipunikahaken paksa kaliyan insinyur pilihanipun bapak lan ibunipun titing. Nanging ing sawijining dinten irul katekanan layang kanthi amplop werni jambon, mboten dinyangka amplop menika saking titing bocah wadon ingkang dipuntresnani wonten ing bangku kuliyah ndhek jaman rumiyin. Penggalihipun irul makdeg maos surat wau lan heran kenapa kok titing kadingaren ngirim surat kados menika wosipun mekaten irul, apa kowe isih kelingan lelakon telung taun kepungkur? Dakkira kowe ora bakal nglalekake. Lan mungguhku dhewe ya ora bisa lali. Isih panggah daksimpen dadi memori lelakon telung tahun kepungkur mujudake reroncening crita antarane awake dhewe.  Critane wong lanang lan wadon sing lagi dolanan kembang-kembang asmara. Ya, wektu iku mujudake dina-dina sing kebak kabungahan lan kabagyan. Nanging, emane, wektu iku uga mujudake dina surem tumrape awake dhewe. Aku lan kowe kudu pisah, nalika wong tuwaku ngakon supaya aku kudu kawin karo sawijining insinyur pilihane. Irul kowe aja kaget.ing wektu-wektu iki aku banget rumangsa kasepen atiku lara lan njarem. Sanajan wis dakcoba dakkipatake adoh meksa ora bisa. Nanging sokngonoa aku isih seneng merga Danar, anakku. Awit patang sasi kepungkur aku ora pran, bojoku, klakon pisah. Sebab dheweke duwe bojo maneh. Aku ora ngerti karo kanyatan sing ana iki. Geneya pran tega tumindak kaya ngono ? irul, sanajan kepriyea wae aku wisnrima marang pandoming urip. Mbokmenawa iki wis dadi garising uripku. Aku mung njaluk karo kowe, dongakna wae supaya aku bisa jejeg lumaku kanthi jejeg. Irul ndadak kemutan maneh marang uripipun saking telung taun kepungkur, piyambakipun ngantos bingung lan apa kang dipunmaksud titing nyerat surat kados mangkene ingkang nyariosaken menawi dheweke sampun pisah kaliyan bojonipun, penggalih kula kang saya panas pasuryan kula abang mangar-mangar, dhadha kula ngantos munggah mudun, kula dados nesu dhewe. Kula jenggirat lan jumeneng dak simpen surat abang jambon wau nalika kula mireng klakson mobil ing pelataran omah, wonten ing sajroning mobil menika mboten tiyang sanes. tini, bojoku, ingkang nembe mulih ngeteraken lintang, anakku saking supermarket saperlu tumbas boneka.


4. Kekirangan lan Kaluwihan Cariyos Cerkak Layang Saka Titing Kekurangan
Kekirangan
v  Cariyos layang saka titing miturut kula biyasa mawon mboten wonten perangan ingkang menarik, cariyosipun kados cariyos padinan panulis ingkang nyariosaken titing ingkang dipunjodohaken wongtuwanipun nikah kaliyan insinyur Ir.Pranoto.
v  Cariyosipun taksih mbingungi antaranipun samenika penulis nyariosaken pengalamanipun piyambak menapa mboten.
v  Endingipun cariyos biyasa kemawon mboten wonten greget utawa klimaksipun “Aku jenggirat lan nggadeg dak simpen surat abang jambon wau nalika aku krungu klakson mobil ing pelataran omah, sing ana njero mobil iku ora liya tini, bojoku, sing bubar ngeterake lintang, anakku saka supermarket saperlu tuku boneka”.
v  Para pamaos mboten penasaran kaliyan cariyos ingkang samenika.
Kaluwihan
v  Cariyos layang saka titing mujudaken cariyos katresnan ingkang romantis “aku terus dirangkul kenceng lan dijiwiti sarosane, mesthi wae aku sambat kelaranen. Nanging dheweke ora maelu, malah anggone njiwiti dibaleni. Aku gemes”.
v  Wonten ing sajroning cariyos maringi tuladha menawi manungsa kudu saged sabar napa kemawon ingkang dipunparingi cobaan kudu saged ngadepi, legowo lan iklas “irul, sanajan kepriyea wae aku wisnrima marang pandoming urip. Mnokmenawa iki wis dadi garising uripku. Aku mung njaluk karo kowe, dongakna wae supaya aku bisa jejeg lumaku kanthi jejeg”.
v   Wonten ing sajroning cariyos maringi tuladha menawi manugsa kudu gadhahi sipat prihatin, welas asih kaliyan sinten kemawon, sanajan tiyang menika sampun magawe sakiting penggalih “geneya lelakon uripmu dadi kaya ngono? Aku bisa ngrasakake sepira sedhihe atimu lan gedhening panandhangmu”.
v  Cariyos cerkak layang saka titing ngajaraken kita supados manut marang wong tuwa napa kemawon kehendakipun ibu lan bapak kudu saged kita manut lan nglaksakaken, walaupun menika dudu pilihan ingkang dipunremeni kita “Aku lan kowe kudu pisah, nalika wong tuwaku ngakon supaya aku kudu kawin karo sawijining insinyur pilihane”.


RESENSI CERKAK
1. Identitas Cerkak
   a. irah-irahan  Cerkak                       : Ora Bisa Muni Ora
   b. panyerat                                       : Efix Sbroto
   c. penerbit                                        : Panjebar Semangat
   d. taun terbit                                     : 2013
2. Irah-irahan Resensi
    Resensi Cerkak“Ora Bisa Muni Ora”

3. Wosing cerkak
Astuti tiyang estri ingkang nduweni sikap tetulung kaliyang sinten kemawon ingkang mbetahaken tetulung. Astuti kaliyan Eko sampun bebrayan dados suami estri sampun ngancik sepuluh taun. Eko tansah suka syukur dene Gusti kang maha asih menawi dipunparingi jodho sawenehipun wanita ingkang prasaja. Nanging rumah tangga menika ugi wonten masalah ingkang dipunadhepi sedaya, masalah wau nanging taksih saged dipunrembug. Astuti ingkang nduweni sikap blabah, remen mbiyantu marang tangga teparo mboten nate ngocap”ORA” menawi dipunsuwuni tetulung, wonten sawijining dinten Bu Maruto menika badhe ngampil arta kangge mbayar SPP larenipun, Astuti dipuntembungi kados mekaten lan mboten saged ngocap “ORA”. Eko asring maringi nasehat marang Astuti menawi tiyang menika nggih mboten asring manut lan mboten saged ngocap ora amarga ingkang dipunajrihipun mangke dipunmanfaataken kaliyan tiyang sanesipun. Astuti ingkang dados guru lan aktif ing werni-werni kegiyatan kayata Sekretaris PKK, seksi Pendhidhikan RW, bendhahara arisan Trah, koordinator paguyubanipun senam saben minggu, lan wali kelas loro B. Eko namung saged ngandhani pancen Astuti menika Gajianipun kantun akeh lan dheweke kantun sithik, namung menawi wonten tiyang badhe nyuwun tetulung dipunpikir maneh supados mboten dipunmanfaataken. Ing sawijining dinten Astuti ingkang terkenal gadhahi sipat enthengan, prigel, trampil lan menawi dipunsuwun tetelung mboten saged nolak. Sipat menika dipunmanfaataken kaliyan pak Harso, Guru BP wonten ing SMP. Pa Harso ngajak Astuti supados saged nglayani dheweke ingkang saweg ngorong sanajan estrinipun saweg gerah lan mboten saged ngacukupi kabutuhan lahir lan batin, Astuti ingkang mboten saged ngocap ora lajeng manut lan ngacukupi kabutuhan batinipun pak harso. Astuti ingkang gadhahi raos salah nyuwun ngapunten kaliyan bojonipun menawi dheweke sampun ngingkari janji kasetyan pernikahan.

Kekirangan lan Kaluwihan Cariyos Cerkak Ora Bisa Muni Ora
Kekurangan                                
v  Cariyos samenika magawe image wanita karir menika saged dipungodani marang wong lanang sanesipun
Kaluwihan
v  Cariyos menika menehi tuladha menawi manungsa kedhah tulung menulung
v  Basanipun cerkak gampil dipunmangertosi
v  Cariyosipun magawe pemaos penasaran ngantos akhir
v  Endingipun cariyos ingkang mboten saged dipunduga pamaos
v  Cariyosipun saged menginspirasi pamaos supados tiyang estri menika saged aktif lan mboten namung saged ing dapur kemawon, tiyang estri kedhah saged mbiyantu ngringanaken suami kangge cara kerja lan aktif organisasi.


0 komentar:

Posting Komentar