Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa
sastrane. Purwakanthi kang runtut basane diarani purwakanthi basa. Dene yen
sing runtut sastrane diarani purwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara
lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang.
Tuladhane
:
v Aja
dumeh bagus terus kumenthus
v Wong
sabar bakal subur
v Kebat
kliwat, gancang pincang
Purwakanthi
miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku :
1)
Purwakanthi swara
2)
Purwakanthi satra, lan
3)
Purwakanthi basa/lumaksita
Jlentrehe
mangkene :
1)
Purwakanthi swara
Yaiku
unen-unen kang runtut swarane (vocal), padatan manggon ana ing pungkasaning
tembung.
Tuladha
:
v Gemi setiti ngati-ati
v Bungah susah iku lumrah
v Desa mawa cara negara mawa tata
2)
Purwakanthi sastra
Yaiku,
unen-unen kang runtut sastrane (konsonan). Padatan manggon ana ing wiwitaning
tembung utawa ing satengahing tembung.
Tuladha
:
v Tata titi tatas titis
v Cecer cicir cewet
v Kala kula kelas kalih kula kulak kalo
Purwakanthi basa/lumaksita
Yaiku, unen-unen kang
kadhapuk saka rong gatra. Pungkasaning gatra kapisan, sing dadi wiwitane gatra
kapindho.
Tuladha :
v Jarwa pinter, pintering satriya ing
pringgandani
v Bayem arda, ardane ngrusak busana
v Kolik priya, piryagung anjani putra
0 komentar:
Posting Komentar