Tembung
manton, saka tembung mantu + -an. Mantu saka kereta basa sing dieman-eman metu.
Banjur apa kang dieman-eman kanggone wong tuwa, ora liya siji bandha donya loro
anak. Bandha kang wis diklumpukake pirang-pirang taun kanggo nyukupi
kabutuhaning urip lan bebrayan. Dene anak kang wiwit cilik digdhang-gdhang,
digulawenthah, tiba tekaning diwasa bakal dijatukrama dening priya liya.
Kanggone wong tuwa umume sanadyan kudu ngetokake ragad kang ora sethithik ana
ing acara mantu tetep dienekake kanthi rame (regeng). Yaiku nganggo tata
upacara mantu kaya sing isih lumaku ana tengahing bebrayan jawa nganti saiki.
Kang
duwe gawe mantu iku wong tuwane calon penganten wadon, dene yen wong tuwane
penganten lanang jenenge ngundhuh mantu utwa ngundhuh manten.
Dene
urut-urutane wong arep duwe gawe mantu sing kaprah kaya ing ngisor iki :
1)
Wilujengan utawa mbuwangi
Biasane ditindakake pitung dina sadurunge tempuking
gawe. Yen saiki ana sing ngringkes nganggo slametan. Utawa donga puji lan menehi
sodakoh utawa bancakan kanggo tangga teparone. Donga ditindakake dening tokoh
agama utawa tokoh adat.
2)
Kumbakarnan
Sing diarani kumbakarnan kuwi rapat kulawarga kang
dibantu dening tangga teparone kanggo tata-tata sadurunge tumpuking gawe mantu.
Dene isine rapat yaiku gawe panitya mantu lan ngrembug kabeh kebutuhan lan
tatacara mantu kang bakal ditindakake mengko. Kumbakarna biasane ditindakake
seminggu sadurunge tempuking gawe. Ana ing bebrayan saiki, sakliyane kanggo
tata-tata lan ngrembug kabutuhan mantu, kumbakarna utawa rubukan uga ngrembug
undhangan (ulem) sing arep diaturake
kangggo para tamu. Sapa wae tamu singa arep diaturi, ngendi alamte, lan
sapa paraga kang kajibahan ngeterake ulem mau ?
3)
Pasang tuwuhan (tarub)
Tembung tarub iku saka karetabasa ditata supaya katon
murub. Omahe sing arep duwe gawe sing adate kurang resik, mulane terus
diresiki, ditata,lan diwangun supaya luwih endah-asri lan gawe krasan para tamu
sing bakal rawuh nyekseni anggone mantu. Pasang tarub lumrahe ditindakake
telung dina sadurunge tumpuking gawe.
4)
Siraman
Yaiku ngedusi penganten putri sadurunge dipaes
(didandani) supaya katon resik lan ayu kaya widadari. Siraman biasane
ditindakake sedina sadurunge gawe.
5)
Midodareni
Midodareni yaiku acara wungon utawa lek-lekan sing dienekake
wengi sadurunge tempuking gawe. Ing malem midodareni adate dienekake acara
panebusing kembar mayang utawa sekar mancawarna ya sang kalpataru dewandaru.
6)
Nikahan utawa ijab qabul
Biasane katindakake ing dina kang wus pinathok jumbuh
klawan undhangan kang kasebar menyang sanak kadang. Menawa acara panggihing
manten katindake ing awan, nikahane adate diwiwiti luwih esuk sakdurunge
adicara pahargyan manten.
7)
Pawiwahan/pahargyan
Adicara iki sing diarani intine acara mantu. Sakwuse
manten sekaliyan resmi diijabake banjur diwisudha ing acara panggih miturut
adata. Acara panggih kuwi digelar luwih regeng kanthi dirawuhi para tamu
undhangan kang bakal paring donga pangestu marang sri penganten.malah ana sing
disugata lelangen kayata klenengan, campursari, cokekan, lan diaturi
dhedhaharan ingkang mirasa.
0 komentar:
Posting Komentar