Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

About Me

Followers

My Blog List

My Blog List

My Blog List

Snag a button

Senin, 21 Desember 2015

teks ARJUNA KRAMA KI ENTHUS SUSMONO



ARJUNA KRAMA
KI ENTHUS SUSMONO
DISK 1
Ing nagari Klidhang Langit Prabu bramongkara nduweni kapenginan kangge dhaup karo putri dwarawati sing arane dewi rara ireng lan njaluk saran maring togog kaliyan bilung kepiye carane supaya prabu bromangkara bisa dhaup kaliyan dewi rara ireng.
1.             Prabu Bromangkara       : “Jagad Dewa Bathara jagad pangestungkara,  Togog.."
2.             Togog                            : “Nuwun wonten dhawuh tinimbalan sinuwun Prabu Bromangkara.”
3.             Prabu Bromangkara       : “Lan kowe Bilung.”
4.             Bilung                            : “ Wonten dhawuh bos.”
5.             Prabu Bromangkara       : “Kowe arep tak jak rasan-rasan ya gog.. negara Klidhang Langit sing tak tunggoni iki rumangsaku sepi mamring tanpa wibawa, karana kowe ngerti dhewe andhahanku, utawa para panekar senopati mungguhing para wong-wong ingkang nduweni kawuh kang nyekel panguwasa, kabeh babar blas meh marata ora nduweni wibawa, mergane ora ana pengaruhe antarane sing dipimpin klawan sing mimpin gog..mula aku kapengin njangkepi sarat sarana dadi ratu kareben wibawa, aku kapengin dhaup klawan putri Dwarawati putrane Prabu Basudewa, kira-kira kepiye?
6.             Togog                            : “Woh..wonten jagad niku sampun dipun wenangaken jodho talimangsa.”
7.             Prabu Bromangkara       : “Jodho talimangsa?.”
8.             Togog                            : “Nggeh.”
9.             Prabu Bromangkara       : “Tegese piye gog?.”
10.         Togog                            : “Jodho talimangsa menika yen bambang entuk endang satriya niku   dhaupe  kaliyan putri buta karo buta kewan karo kewan, kula sawang sampeyan niku sipate buta, napa saged mbojo kaliyan putri saking Dwarawati nggih menikapun Dewi Rara Ireng.
11.         Prabu Bromangkara            : “Iya, nanging manungsa kuwi wajib mbudhidaya gog, sapa wonge kang gelem mbudhidaya mesthi bakal katekan kang dadi sediyane.”
12.         Bilung                                 : “Anu..nu..u’un sewu bos..kula ajeng matur wonten ngarsa, ajeng ngandika.”
13.         Prabu Bromangkara            : “Inggih, piye Bilung?.”
14.         Bilung                                 : “Menawi sampeyan niku ajeng nglamar kaliyan Dewi Rara Ireng miturut kula kok mboten badhe kelakon.”
15.         Prabu Bromangkara            : “Apa sababe?.”
16.         Bilung                                 : “Wis genah nek Dewi Rara Ireng niku wonge ayu, sampeyan wonge niku monster medeni mboten ajeng bisa.”
17.         Prabu Bromangkara            : “Loh kowe ngepal kang dadi kasektenku aku iki sugih, aku iki nduweni wibawa, aku nduweni panguwasa.”
18.         Bilung                                 : “Lare estri sakniki niku angel, wonten ingkang dipun senengi direktur jebulane digeratisi karo tukang kabel, niku nggih kathah, pramila menurut hemat kula sampeyan saged dhaup kaliyan Dewi Rara Ireng ning carane mboten dipunlamar.”
19.         Prabu Bromangkara            : “Carane piye?.”
20.         Bilung                                 : “Dicolong mawon.”
21.         Prabu Bromangkara            : “Dicolong?.”
22.         Bilung                                 : “Nggeh mangke kula tuduhake dalan sing dumugi negari Dwarawati.”
23.         Prabu Bromangkara            : “Piye Togog?
24.         Togog                                 : “Woooohh.. menawi sampeyan ajeng nyolong kaliyan putri Dwarawati. Dwarawati niku ratune jenenge Kresna, nika ratu wis ngerti sakdurunge dumadi sampeyan nembe krenteg mawon mrika pun krasa.
25.         Prabu Bromangkara            : “Piye Bilung?.”
26.         Bilung                                 : “Sing namine njangkepi tujuwan nika aja nganti disanguni nganggo ragu-ragu, kudu optimis, sampeyan kudu budhal saiki.”
27.         Prabu Bromangkara            : “Oh ngono.”
28.         Bilung                                 :“Mang limbang-limbang pemanggih kula kaliyan pamanggihipun Togog cabi kaya ngapa?.”
Cumangkang ngro sesumbar lindhu bumi gonjang-ganjing meludhuk guntur kedhuk lumembak kang jalani widhi....
29.         Prabu Bromangkara            : “Hyang kala ludra mas patih praja dewaku.”
30.         Prabu Bromangkara            : “Togog?.”
31.         Togog                                 : “Kula wonten dhawuh.”
32.         Prabu Bromangkara            : “Bilung?.”
33.         Bilung                                 : “Nuwun boss.”
34.         Prabu Bromangkara            : “Tak pikir-pikir bener saranmu lung, aku kalamon nglamar tangeh lamun bisane ketampa, nglewati aturan pirang-pirang, tak tampa panemu lung, aku bisa dhaup karo Dewi Rara Ireng saka Dwarawati waton tak colong calon mantene.”
35.         Bilung                                 : “Totoan kang.”
36.         Togog                                 : “Totoan priye?.”
37.         Bilung                                 : “Calone mengko kelakon dhaup apa ora karo Rara Ireng.”
38.         Togog                                 : “Kowe pintermen le, nggawe jugangan kanggo kuburan Gustimu.”
39.         Bilung                                 : “Dikandhani ora kena ora sadhar diri.”
40.         Togog                                 : “Duduhke dalan nyang Dwarawati.”
41.         Bilung                                 : “Kowe keri nang kene aku wes tak  melu karo sinuwun, wun aja ditinggal wun.”
42.         Togog                                 : “Kowe mabura lung.”
43.         Bilung                                 : “Ora nduwe wulu.”
44.         Togog                                 : “Wulumu akeh ngono kok, apa kowe lali tak ajari supaya kowe bisa mabur.”
45.         Bilung                                 : “Beres kang.”
Ing nagari dwarawati Prabu Kresna karawuhan  Prabu Baladewa, Sangkuni, Begawan Durna, lan Setyaki. Prabu Baladewa  dadi utusan panglamare Burisrawa putrane Brabu Salya saka Mandaraka. Dheweke arep nglamar Dewi Rara Ireng.    
Minangka pambukaning konthon inggih nagari dwarawati o.. sang prabu kresna inggih rajane..panampi rawuhing hira ingkang raka narendra ing dwarawati..tepang ya kang raka narendra mandura miwah patih arya sengkuni,sarimbit lan pandhita durna. Sigra atemtampu marang baya wigatine eling.....
Pawingnya sinawung o.... sasat sekar sinuji o... hyang prameswari hong hyang nira prameswari... yuwono... mretmalange lan sang prabu sri bathara Kresna.... ing negri darawati nampi rawuhing sang prabu Baladewa. He..... he.... o....ing pung..
46.         Baladewa                           : “Yayi prabu sri Bathara Kresna. Pun kakang wis bisa ngarani kalamun praptanipun kakang bebarengan klawan Pendhita Durna lan Patih Sengkuni, aning madynaning negara Dwarawati satemah ndadekake kaget rasaning atimu, angka sepisan amarga praptanipun kakang aning nagara Dwarawati jeneng saknalika utawa ndadak tanpa nganggo pakabaran luwih dhisik. Di agung pangaksamamu yayi.”
47.         Kresna                                : “Kawula nun inggih kanjeng Koko Prabu, dereng ngantos ingkang rayi matur sampun karumiyinan anggen Paduka munandika, boten namung prapta Paduka kula ngaturaken kasugengan kanjeng Koko Prabu.”
48.         Baladewa   : “Ya, wis tak tampa panembramamu yayi, praptanipun kakang kalih ngrubeda manggihing kahyangan, heh Setyaki, padha raharja Setyaki.
49.         Sengkuni                            : “Kula nuwun inggih kanjeng Koko Prabu, awit saking berkah pangestu saking Paduka raharja, kawontenan menika, sumangga ming pangabekti kula mewantu-wantu mugi konjuk wonten saandhaping papada Paduka kanjeng Koko Prabu.”
50.         Baladewa                           : “Weh lah dalah tak tampa yayi.”
51.         Kresna                                : “Bapa panemban Durna sami wilujeng prapta Paduka  wonten ing madyaning negari Dwarawati.”
52.         Durna                                 : “A..Lole lole sinuwun inggih, sampun kadhar katendha. Kalinggga murda paringsih panembrama ingkang remen dhumateng pun bapa ing sokalima, lampat kula slamet mboten manggih ing alang-alang mboten manggih ing alangan. Kula ngaturaken kasugengan mugi konjuk wonten ngarsa Paduka, dhuh sinuwun sang Prabu Kresna.”
53.         Kresna                                : “Inggih sampun kula tampi paman patih sengkuni sami raharja lampak Paduka paman.”
54.         Sengkuni                            : “Inggih, entuk berkah pangestu Paduka sinuwun raharja lampah kula kalih sing rubeda. Kula ngaturaken kasugengan mugi katampiya sinuwun.”
55.         Kresna                                : “Inggih kula tampi, wangsul dhumateng jeng ngandika kanjeng Koko Prabu, baya wonten wigatos ingkang kados ta pundi dene Paduka kanjeng kaka prabu ketawis lan kawis tingal sumengko pangawak bojo anggenipun marawuh ingkang rayi nyadhong menapa ingkang dados daruranipun Paduka rawuh wonten ing madyaning negara Dwarawati kanjeng Koko Prabu.”
Sorote pandang sumuluh, amadangi jro pasareyan i..ing..wuh
56.         Sengkuni                            : “Yayi prabu kadangipun kakang, praptanipun kakang aning madyaning praja Dwarawati blakothang terus terang bakal nakokake, adhimu ya adhiku si Dewi Rara Ireng, magepokan klawan sejarah mbiyen Rara Ireng kuwi melu menyang Mendura dherek marangpun kakang suwe suwening suwe si Rara Ireng ora betah melupun kakang jaluk melu sliramu yayi, babagan perkara ora cocoke si Rara Ireng karopun kakang ora mathuke si Rara Ireng karopun kakang ya mbokmenawa pun kakang iki banget-banget anggone kawatir, banget-banget anggone tresna marang si Rara Ireng, supaya aja ngantipun kakang duwe adhi wadon siji uripe kesurang-surang, uripe sengsara, si adhi wis nggenah dadi ratu Dwarawati pun kakang ora ketang cilik-cilik dadi ratu ing tanah Mandura. Umpamane ditampa dening si Rara Ireng, luwih seneng melu kakange Kresna ketimbang kakange Baladewa. Jarene Baladewa ki galak, Baladewa ki kasar, kabeh mau ora bakal tak leboke ning ati, nanging sing perlu tak takokake ngene yayi umure si Rara Ireng saiki wis ndungkap 19 taun, taun ngarep wis ambal warsa utawa ulang taun ingkang kaping 20, mbesuk kalamon adhimu si Rara Ireng ana ingkang bakal mengku garwa tegese suwe suwening suwe Rara Ireng mesthi bakal ketemu jodhone pun kakang melu takon jajal kaya ngapa apa miturutmu ukuran kanggo gawe yayi Kresna mbesuk kepengen duweni adhi ipe ingkang kepiye?.”
57.         Kresna                                : “Koko Prabu tiyang jejodhohan menika rumiyin kaliyan samangke menika benten. Menawi rumiyin jaman kina utawi jaman kuna, kuna menika saking tembung aku durung ana menawi jaman kuna menika, jodho menika dipunpadosaken tiyang sepuh gelem ora gelem anak kudu anut tuwuh. Anak menika kedah nurut dhumateng dhawuhipun tiyang sepuh ibaratipun gudel kedah nurut kaliyan kebo, nanging menawi jaman samangke Koko Prabu jejodhohan menika boten saged dipun peksa jaman sangsaya maju jejodhohan menika ingkang milih inggih milih calon pangantenipun piyambak wondene tiyang sepuh menika namung ngestreni namung ngrestoni.”
58.         Baladewa                           : “Ya tak tampa aturmu kang kaya mangkana, yayi sakdurungepun kakang iki mengko matur apa perluku teka mrene lan ndadak nganthi Pendhita Durna lan Patih Sengkuni, ki ngene miturut pamawasmu ingkang ketunggon saben ndinane karo adhiku si Dewi Rara Ireng, si Rara Ireng iki wis ana pacangane apa durung tegese Rara Ireng kuwi wis duwe pacar apa durung.”
59.         Kresna                                : “Koko Prabu babagan menika kula boten ngertos, nanging menawi dipun tingali saking glagat saksaben dintenipun ring Paduka adhi kula pun Rara Ireng , menika sampun caket sanget kaliyan Arjuna inggih permadi, wiwit nalikanipun Paduka kaliyan kula taksih timur ngantos samangke sampun gadhah umur wiwit rumangkang ngantos samangke sampun sami cerapan, Paduka mesthinipun sampun saged nampi glagat lan tandha-tandha kalamon Rara Ireng samangke sampun cedhak kaliyanpun Arjuna.”
60.         Baladewa                           : “Iya bener yayi, ning sing jenenge cedhak kuwi durung tentu dadi jodho, sanajan toh nang endi-endi diterke, nang nggon facebook statese wis tunangan, fotone wae wis rerangkulan diton-tonke nanggon umum kamongko nglamar wae durung bocah saiki wis kaya ngono kuwi, GR bangetlah tak sawang durung diapak-apake kok wis tutut kaya ngono nang ndi-ndi ndi wae lah dlah, aja maning nang Banyuwangi ora diterna, metu o sakjabane bumi paribasane nggon planet merkurius bakal diterke nganggo pesawat capung gunung. Mula, aja banget-banget kowe nduweni kesimpulan kalamon Si Dewi Rara Ireng mesthi dadi jodhone si Harjuna sebab jodho kuwi ana pirang-pirang perkara, Setyaki rungokna iki.”
61.         Sengkuni                            : “Kula nuwun inggih.”
62.         Baladewa                           : “Bapa Durna.”
63.         Durna                                 : “Kula wonten dhawuh sinuwun.”
64.         Baladewa                           : “Jodho menika wonten pinten?.”
65.         Durna                                 : “Enaah, jodho menika kathah, nggih nuwun sewu sinuwun mboten kula menika ngoyak ngasemi kula megunteni dhumateng Paduka.”
66.         Baladewa                           : “Megunteni kuwi apa?.”
67.         Durna                                 : “Megunten kuwi tata krama basa inggile maguru, kuwi megunten.”
68.         Baladewa                           : “Aku kok durung tau krungu.”
69.         Durna                                 : “Iki sastra anyar mula kowe kudu sekolah.”
70.         Baladewa                           : “O..ngono dadi meguru kuwi krama inggile megunten, lah krama tengahane?.”
71.         Durna                                 : “Megusret.”
72.         Sengkuni                            : “Hehee..Kaya ngono kok dadi professor e lah dalah prof. Dr. Durna, prof. H. Dr. Durna kamangka aku iki gela banget Durna kok munggah kaji, Durna kok duwe gelar haji, kamangka asline Durna kuwi hajingan.”
73.         Durna                                 : “Menengo cangkemu, jodho menika satunggal wonten dipun wastani. Ah mangerep wae ben rada penak sinuwun kula aturi mundur sawetawis supados blokingipun sakeca.”
74.         Baladewa                           : “Yoyoyo welah dalah Durna ngerti bloking barang.”
75.         Durna                                 : “Nggih..o inggih.”
76.         Kresna                                : “Kados pundi prof?.”
77.         Durna                                 : “Nah..menawi manggil kula menika prof, provinsi. Jodho menika wonten ingkang dipunwastani jodho banyu.”
78.         Kresna                                : “Jodho banyu menika menapa?.”
79.         Durna                                 : “Jodho banyu menika nikah taun iki, taun ngajeng pegatan. Lah menika jodho banyu. Menika jodhonipun tiyang-tiyang ingkang klambrangan parawisata darmawisata. Contonipun jodhone wong asing karo wong bali lah menika menawi sampun cukup menapa ingkang dapuk dados sedyanipun dados pariwisata lan darmawisata cekap. Lajeng dipun cerai ngaten menika jodho banyu keli dhumateng waktu. Angka ingkang kaping kalihpun menika jodho geni.”
80.         Kresna                                : “Apa Setyaki?.”
81.         Setyaki                               : “Menika penonton ingkang ngajeng ngadeg ngaling-alingi sing teng mburi. Ujarku wong nembe jejer ora usah ndadak apa mengko nek wis perangan ngana lang.”
82.         Kresna                                : “Kaya peranganmu apik-apika.”
83.         Setyaki                               : “La dalah pripun, kula niku ning perangan kalah karo arek-arek emoh kula.”
84.         Kresna                                : “Jodho menapa wau?.”
85.         Durna                                 : “Jodho geni.”
86.         Kresna                                : “Jodho geni menika??.”
87.         Durna                                 : “Panas hawanipun. Wonten rejeki panas boten entuk rejeki langkung panas, niku biyasanipun weton menawi weton kaneman menika jodhonipun panas umpamanipun jaleripun selasa bojone wetone minggu nah menika tiba kaneman, selasa, rabu, kamis, jumat, sabtu, minggu lah nika tiba enem sakala mangsanipun menika tiba enem menika menawi gongipun boten enten radi kirang sae. Jodho geni menika jodho ingkang kirang sae, amargi ana rejeki mesthi bakal padu ana rejeki mesthi ribut menika jodho geni.”
88.         Kresna                                : “Lajeng menapa malih?.”
89.         Durna                                 : “Jodho angin.”
90.         Kresna                                : “Jodho angin menika ingkang kados pundi?.”
91.         Durna                                 : “Jodho angin menika ingkang sipatipun sawetara sanget, ukuranipun short time utawi long time lah niku ukuranipun namung sekedhap.”
92.         Kresna                                : “Sekedhap kados pundi?.”
93.         Durna                                 : “Seneng karo wong wedok dijak mlebu. Terus eeee.. terus dibayar lah menika namanipun jodho angin.”
94.         Sengkuni                            : “Hehehe.”
95.         Durna                                 : “Menika jodho angin jodho ingkang namung sekedhap. Contonipun yang-yangan wonten ing salekta 2 hari lah menika tiketipun ingkang bekta ingkang bedhug. Lah menika namanipun jodho angin ngaten. Wondene anglampahi menapa mbotenipun ingkang ngertos namung malaikat kaliyan dirinipun piyambak niku jodho.”
96.         Kresna                                : “Oh inggih.”
97.         Baladewa                           : “Sampun bapa kula aturi lenggah wonten pengker malih.”
98.         Durna                                 : “Ngestuaken dhawuh, wedange sengkuni.”
99.         Sengkuni                            : “Oh.. beres..beres tenang.”
100.     Baladewa                           : “Yayi, apa kang ingkang dadi keterangane bapa Durna satemene tak tumpangi nganggo apa ta sababe denepun kakang rawuh aning ngabyan caramu yayi tak aturi midhangetke yayi.”
Wekwek wiranggan ingkang permara kumarabi gentar-gentir dening banyu masilir maruta.o..linukip sang sekar garudha..linukip sang sekar garudha..linukip sang sekar garudha.
101.     Baladewa                           : “Yayi abot-abotepun kakang dijaluki tulung klawan yayi Prabu Duryudana Narendra ing negara Ngastina, saya maneh abot rasanipun kakang dupi mertuaku rama prabu salya uga anum pangkarep si Burisrawa adhiku putrane kanjeng rama Prabu Salya kowe ngerti.”
102.     Kresna                                : “Inggih kula nate tepang Koko Prabu.”
103.     Baladewa                           : “Yo kuwi gandrung-gandrung yen awan ora bisa nedha yen bengi angel turune, kaya kena sindrom. Yayi, Rara Ireng tak jaluk tak jodhokake karo si Burisrawa babagan apa-apa mengko ketemu buri. Tak jaluk dina iki si rasydi ingkang minangka dipercayasi Rara Ireng supaya bisa  nduweni hak wali. Sanajan toh. Sanajan toh hak wali tumrape si Rara Ireng ora mung si adhi dhewe. Pun kakang ugi nduweni hak kanggo gawe ningkahake si Dewi Rara Ireng nanging luwih prayoga sapa baya ingkang tak jaluki pasetujon ning ora si rasayadi gelem ora gelem umpanepun kakang diarani meksa ya kena Rara Ireng kudu dhaup karo si Burisrawa adhiku ipe.
104.     Kresna                                : “Hyang sukma dini luwih kaya ngono panjenegan ingsun tafakur puja brata kononjuk wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumados
105.     Baladewa                           : “Piye yayi.”
106.     Kresna                                : “Koko Prabu jejodhohan ingkang dipunpekso mangke manapa mboten badhe ngawatosaken wonten tembe wingkingipu yayi.”
107.     Baladewa                           : “Miturut dhawuhing agama sing jenenge wong tuwa kuwi nduweni hak meksa menyang anak kang  jenenge wali mujbir. Wali mubjir paham.”
108.     Kresna                                : “Ingkang tegesipun?.”
109.     Baladewa                           : “Hak lan wewenange wong tuwa kanggo gawe nemtoake kowe jodhone karo sapa. Kowe jodhone karo sapa aning sajroning agama kuwi ditentuake.”
110.     Kresna                                : “Koko Prabu, menawi miturut pamanggih kula menika babagan ingkang pineksa menika mboten sae, wonten samukawis menapa kemawon menawi dipun peksa menika dadosipun boten sae. Sabab dedhaupipun Dewi Rara Ireng tumrap kula menika boten namung jejodhohan tata lair nanging jejodhohan tata batin. Kula menika sanget ngarep-arep dhumateng keturunanipun yayi Dewi Rara Ireng mbenjang saged dados keturunan ingkang sae. Sabab menapa Koko Prabu badhe nukulaken generasi ingkang sae menika dipun wiwiti saking wijil bakal sapa ingkang bakal nurunake wijil lan sapa ingkang bakal nurunake generasi wonten ing bangsa niki. Conto saksampunipun dedhaupan saksampunipun dedhaupan salah satunggaling pria menika netesaken wijil dhumateng wanita mrika dipun tonton, priya iku nek le golek pangan. Sabab menapa wijil utawi kama utawi sperma menika dipun damel saking dedhaharan utawi dipun damel saking bahan mangan, bahan pakan, bahan ingkang dipun tedha saben dinten-dintenipun, contone ngaten tiyang tani rumiyin menika anake apik-apike sebabe  napa wong tanine nyambut gawene wekel, kedah dipun taliti pramila kula sanget ngatos-atos bojone si Rara Ireng mengko metu saka ngendi sebab menawa wong lanang bapake ki nyambut gawene reget senengane ora seneng milih dalan kang bener nyabet mrana nyabet mrene dadiya pejabat kuwi nglakoni sandhung rawud wal-wal kedhuwal ora watu, ora aspal, ora ula, ora kadhal, ora kasur , ora bantal janji kena diuntal jarene halal. Menika la Koko Prabu aja dupeh nonton sugih. Sugihe kuwi saka ngendi ngaten, sabab jaman rumiyen kaliyan jaman samangke menika benten.”
111.     Baladewa                           : “Yayi, kowe ki arep nyengsarakake adhimu apa piye? Nek cara aku Rara Ireng kuwi kudu entuk paling ora-orane kuwi calon ratu. Saiki aku wis ngerti arah tujuanmu. Kowe arep jodhohke Rara Ireng karo si Harjuna.”
112.     Kresna                                : “Kula menika mboten jodhohaken Rara Ireng kaliyanpun Harjuna, nanging kula badhe pitaken kaliyan Paduka menawipun Burisrawa jaminanpun menapa?.”
113.     Baladewa                           : “Jaminane aku, Burisrawa kuwi anake wong sugih calon ratu, besuk umpamane kanjeng rama prabu salya seda sing arep genteni dadi ratu kuwi si Burisrawa. Umpamane si Harjuna kuwi anake wong mlarat bapake wis seda, saiki wae klendhang klaweran melune mbahe ya kuwi ana ing pertapaan saptaarga ora duwe banda ora dewe apa arep dipakani apa Rara Ireng!.”
114.     Kresna                    : “Hehehe.”
115.     Baladewa               : “La ko gumuyu.”
116.     Kresna                    : “La menika Koko Prabu, bentenipun Paduka kaliyan kula menika ngaten. Samangke Burisrawa menika lair wis sugih esih cilik wis sugih apa-apa ana pramila besuk yen dadi pejabat kuwi susah sethithik mesthi warwed ora ngerti kuwi dhuwite rakyat ora ngerti kuwi kang kudu dibagi karo rakyat gandheng wis malela nyengel ana ngarepe bisa dipangan ya dipangan bisa ditelep ya ditilep bisa dikorupsi ya dikorupsi. benten kaliyan pun Harjuna. Harjuna menika menawi wonten ngriki, menika paino niki la mbiyen nelayan mlarate ora umum wiwit saka cilik dadi sedhengan dadi iki mrambat karir mrambat apa wae pramila umpamane  dadi wong sugih ki ya krasa kepiye sengsarane wong mlarat mulane bareng wis sugih ora eman-eman ngeculake duniane kanggo fakir miskin. Ora eman-eman ngetokake donyane kanggo gawe tangga teparo.”
DISK 2
117.     Kresna               : “Dadi wong sugeh ki ya krasa kepiye sengsarane wong mlarat, mulane barang wis sugih ora eman-eman ngeculke donyane kanggo gawe fakir miskin. Ora eman-eman ngetokake donyane kanggo gawe tangga teparo menika sampun teruji.”
118.     Setyaki               :  “Wah sesuk mesthi tambahe ki mesthi, masuk. Winginane ngenyang iki mesthi ora ngenyang iki diwaneni apa penjaluke
119.     Kresna               : “Setyaki menenga wae. manungsa kok senengane njalak njaluk, isin aku. Nak entuk tambahan aku dikei.”
120.     Setyaki               : “Alaaah alah ....”
121.     Kresna               : “Koko prabu sumangga Koko prabu dedhaupanipun Dewi Rara Ireng menika sampun dipun anggep wes nikah titik amargi generasi-generasi ingkang badhe dumugi mangke ingkang badhe nyanggah Negara Kesatuan Republik niki mangkeh ingkang paling kedah dipun pikiri lan kedah dipun siapaken wiwit samangkeh.”
Lha umpamanipun generasi-generasi saikiki mentale-mental tempe.”
122.     Baladewa           : “Kangge napa”
123.     Kresna               : “Pramila kula menika paling cocok, yen toh pemimpin niki diserahake bali karo militer, sabab militer menika tiyangipun militan ora ingah ingih. Sampeyan ngertos anggota dewan perwakilan wayang. Cobi, sareng dipun tinggal TNI kaliyan POLRI samangke amburadul, wakil-wakil rakyat ndaftar dadi petinju anyaran. Lagi ngrembug perkara-perkarane rakyat, lagi ngrembug perkara negara, kolu-kolune ditinggal turu ditinggal micek. Kaya ngono kok ngaku tokoh politik, niku sanes tokoh politik ning bajingan politik. Menapa badhe nukulaken generasi-generasi ingkang mekaten.”
124.     Baladewa           : “Kowe nyurigai Burisrawa yen Burisrawa kuwi calon koruptor.”
125.     Kresna               : “Loh sinten ingkang nyebut Burisrawa, sinten ? Kula aturi menggalih.”
126.     Durna                 : “Nuwun sewu, menawi saget kula ndherek intruksi sekedhik, ngeten.”
127.     Kresna               : “Wonten menapa Bapa Durna”
128.     Durna                 :“Anu, jejodhohan menika adhedhasar weton nuwun pangapunten Dewi Rara Ireng menika wetonipun menapa?”
129.     Kresna               : “Setyaki ladenana.”
130.     Setyaki               : “Oke bos... apa?”
131.     Durna                 : “Aku moh karo kowe.”
132.     Setyaki               : “Wong nyatane aku diperintah kon ngladheni kowe. Perkara perwetonan ki aku ahline, Rara Ireng kuwi wetone kemis.”
133.     Durna                 : “Arjuna?”
134.     Setyaki               : “Selasa”
135.     Durna                 : “Nah, mati nom kuwi jejodhohane mati nom, kamis kuwi jodone karo minggu, la sing wetone minggu Burisrawa.”
136.     Setyaki                : “Kuwi perkara apa?”
137.     Durna                 : “Perkara jejodhohan.”
138.     Setyaki               : “Umpamane selasa ketemune karo kamis.”
139.     Durna                 : ”Mati nom rejekine seret.”
140.     Setyaki               : “Keleru.”
141.     Durna                 : “Sababe.”
142.     Setyaki               : “Pak Harto karo Bu Tin kae wetone selasa karo kemis ning nyatane dadi presiden nganthi 32 tahun pesugihane pirang-pirang, cangkeme bosok kowe ki. Ning donya ki ora mesthi sing jenenge jejodhohan gumanthung manungsane. Yen jejodhohan kuwi pancen wis dhasar watak mangertia Durna kowe kuwi kyai ning kyai genthong ngumes. Gusthi Allah aning surat Ar Rad yen ra kleru ayate 39 kuwi nyebutake.” “Allah bakal ngubah keputusane, gawe keputusan anyar gumanthung ikhtiaring manungsane.”
143.     Durna                 : “Budidhayane manungsa ora bakal ngungkuli purbaning kawasa.”
144.     Setyaki               : “Bener ning bab endi?”
145.     Durna                 : “Ning babagan samukawis.”
146.     Setyaki               : “Ora iso, ana ayat kang nyebutake Allah ora bakal ngrubah nasibe manungsa, yen ora manungsane dhewe ingkang ngrubah. Nyatane apa, Paino biyen nelayan saiki dadi jutawan. Paham ora? Ora usah ndadak adol ilmu aning negara Dwarawati, ngko tak kepruk ndasmu pecah.”
147.     Durna                 : “Kowe wani karo ulama, aku iki kyai. Paham porak?”
148.     Setyaki               : “Aku tak takon karo kowe, sekolahe kyai neng ndi? Kenapa ndadak ana gelar kyai?”
149.     Sengkuni            : “Wes pakne Durna, mundur mundur he mundur. Kecekel karo setyaki ho rompal , wus wus.”
150.     Setyaki               : “Jendral Sengkuni tak aturi meneng.”
151.     Sengkuni            : “Oh nggeh pak kopral.”
152.     Setyaki               : “Ayo aku tak takon, sing jenenge kyai, kya kuwi lumaku, i kuwi banyu. Lakuning kyai kudu kaya banyu kabeh butuh banyu, wong nggarap sawah nukulke wineh butuh banyu, wong medang butuh banyu, wong adus butuh banyu, wong masak butuh banyu, wong gawe anak butuh banyu, bubar gawe anak butuh banyu.”
153.     Durna                 : “Kramas.”
154.     Setyaki               : “Hayoo.”
155.     Durna                 : “Kramas.”
156.     Setyaki               : “Kudune sing jenenge kyai kuwi bisa madhangake jagad. Saiki aku takon apa ana kyai- kyai sing kaya mbiyen. Kyai biyen kyai-kyai desa mulang turutan mulang alip alipan ora tau njaluk bayaran. Honore mung urunan kemisan, kuwi wae nak kemise udan jemuahe kyaine ora ngliwet, apa ana saiki kaya ngono kuwi. Gusthi kang akarya jagad kuwi nduweni sifat loro. Siji sifat qadha lorone sifat qodhar. Sifat qadha kuwi tegese ingkang mok aturake budidayane manungsa ora bakal ngubah-ngubah marang purbaning kawasa kuwi diwatesi sak durunge manungsane ikhtiar. Contone bayi umur petang sasi ditulis aning laiful mahfud dening malaikat Jibril. Kowe umure semene, jodhone nanggon iki, mbesuk matine kowe mergane iki, uwis dicatet. Nanging keputusane gusthi ngakarya jagad ingkang jeneng qadhar bakal dirubah cocok karo ayat ingkang munine mau aning surat Ar Rad bukaken kitabe. Kowe ki kyai ning kyaimu kanggo gawe topeng, jabane kyai jerone iblis.”
157.     Sengkuni            : “Pas pas persis cocok kuwi.”
158.     Durna                 : “Kowe ki menenga asu, kepruk ndhasmu kowe ki jane bebalaku po balane kono.”
159.     Sengkuni            : “Balane enthus.”
160.     Durna                 : “Asu tenanan rumangsane, kene lagi diserang kok malah mureh gencet lho.”
161.     Sengkuni            : “Hehe.”
162.     Durna                 : “Ngguyu!”
163.     Setyaki               : “Kowe tak kandani Durna ora usah ngompor ngompori. Ora usah adol umuk aning negara Dwarawati. Aku tak takon karo kowe, sing paling abot dadi pendhita, sing paling abot dadi kyai, sing paling abot dadi ulama dudu gelare, dudu jenenge, dudu ilmune, dudu pesugihane. “liyabb luwakum ayyukum ahsanu ‘amala” Sing penting kuwi amal perbuatane, Harjosari kuthane sing dadi kenyataane ora sah kakeyan cangkem. Rakyat wie bosen ngrungokke pidato, rakyat wis bosen ngrungokke janji-janjine ulama, rakyat wis bosen krungu janji-janjine pejabat, rakyat wis bosen ngrungokke janji-janjine tokoh politik sing isine mung loro, janji karo ngapusi. Kowe krungu kowe weruh matamu ora picek Durna. Weruh perbuatan kaya ngono kenang apa sing dadi ulama kuwi mung meneng. Kowe wis tau disumbang pondok pesantrenmu saengga kowe cangkemmu diblangkep. Oh Durna Durna mula rusak ing agama rusak ing bangsa sing pertama kuwi saka alimun fajir.”
164.     Durna                 : “Alimun fajir iki apa?”
165.     Sengkuni            : “Haduh kyai orak ngerti piye, haduh mati apes-apes kyai karbitan wis kaya ngono kuwi Durna Durna.”
166.     Setyaki               : “Alimun fajir kuwi nek cara kene ulama ning watake kaya begenggek, ulama ning watake kaya lonthe watake lacur ngedol agama, lo kowe manungsa sing kaya kuwi. Ulama kuwi ana telu, siji kang sing disebut ulama kidhang.”
167.     Durna                 : “Ulama kidhang kuwi apa?”
168.     Setyaki               : “Ulama sing plempatan turut partai, biyen melu partai kae Mbasa wis ora menghasilkan pindhah partai liyane, sawise ning partai liyane ora menghasilkan pindhah maneh aning partai liyane. Sing angka lorone kyai kodhok. Kyai kodhok kuwi tegese kyai sing senenge mung donga terus, ora tau nyambut gawe. Yen dikai pegawean males senengane mung donga kamangka sing jenenge donga kuwi sing paling apik nek dongakake wong kuwi ning ngarepane nang buri. nanging nak ngileke wong kudu aning ngarepe. Kamangka gom-gomane kuwi kyai-kyai Ngestina kuwi ora, nek dongake ning ngarepane pejabat karep ben apa? Karep ben diwenehi sumbngan pesantrene, kemangka dhuwite kuwi ora ngerti kuwi dhuwit apa.”
169.     Durna                 : “Sing penting sumbangan dhuwite sing endi ora bakal weruh, sing penting sumbangan ditampa.”
170.     Setyaki               : “Kuwi jenenge kyai wal wal keduwal. Ora ngerti barang kang haq lan barang kang halal. Ora ngerti dununge “walaatalbisul haq bil batili wataq tumul haq wa’antum taklamun. Ngerti pora?”
171.     Durna                  : “Pangestune ora.”
172.     Sengkuni            : “Aduh piye piye, setyaki malah apal dalil jare kyai Durna malah ora. Haduh haduh mundur om mundur, haduh iki ngko iso pecah ndasmu iki mengko, haduh haduh gawa jagung mung diwirang-wirangake.”
173.     Setyaki               : “Nyuwun pangapunten Koko Prabu, nyuwun pangapunten. Miturutku perkara keluwarga karep ben dirembug keluwarga dhewe. Sebab kyai kang sing paling apik yo kuwi kang angka telu, kang sinebut kyai keong. Keong blekicot kae wis mati keonge, nanging cangkange isih urip, wis mati kyaine nanging thukulan ilmune isih manfaat kanggo wong liya. Mula tak itung nganti telu ora gelem mundur nang mburine Koko Prabu Baladewa, apa kelakon tungkak iki ngramasi ndasmu Durna.
174.     Durna                 : “Nurut, malah kaya buah catur.”
175.     Sengkuni            : ”Haduh Durna kowe mau mangkate ki sarapan apa Durna.”
176.     Durna                 : “Kakean lopster aku, ora kulina heh mangan lopster loro. Nyawang sindhenku kaya arep nyaut-nyauta, candrane kaya wong mendem aku.”
177.     Kresna               : “Mundur setyaki.”
Sikrabala kang tumingel perang campo samnya medali ler kadet wileding gada dayanggung manggung jade...menjang hyang haji mijel
kandheg buntu amargi pating carowe ingkang ora nduweni perkara pada melu cawe-cawe. Pitakonanipun sang Prabu Baladewa kandeg. Pamanggihipun Sri Prabu Bathara kresna ingkang sanget minulya ugi kandeg. Amarengi buntoning lelakon tan kang nyono-nyono saking jawining pangurakan lumebet wonten ing paseban, tilas prameswari nagari Ngastina. Garwanipun mendiang Prabu Pandhu Dewayana nun inggih, Dewi Kunthi talibranta, repepeh-repepeh. Anggonipun lumampah lon-lonan sumunar cahyane senajan sampun sepuh, nanging dipun nugrahani kaliyan gusthi ingkang ngakarya jagad Durgayuswa. Sumarak sowan merpeking ingkang putra sang Prabu Kresna.
178.     Dewi Kunthi         : “Anakku ngger Kresna, aku ingkang teka ya Kresna.”
179.     Kresna                  : “Bibi suwawi kula aturi pinarak lenggah lumebet Dewi Kunthi.”
180.     Dewi Kunthi        : “Iya iya Kresna.”
Sorote padhang sumuluh amadhangi jroning pasareyan...
181.     Kresna               : “Sarawujengandika Dewi Kunthi, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk wonten sandhaping pepada padhuka.
182.     Dewi Kunthi      : “Ya ya Kresna, kowe wis tak tampa gawe gedhening atiku Kresna, kowe ngaturake pangabekti, ora lewat pangestuku tampanana, ya ngger.”
183.     Kresna               : “Gurawalan awit saking anggen kula ngundhi paring pangestu saking jalandhika kanjeng Dewi Kunthi. Lumeber wonten ing kawibawan kula.”
184.     Setyaki               : “Bibi, kula ngaturaken sungkeming pangabekti bibi, mugi konjuk.”
185.     Dewi Kunthi     : “Setyaki wis tak tampa.”
186.     Kresna               : ”Koko Prabu Baladewa mboten mbagekaken dhumateng karawuhipun Dewi Kunthi Kunthi.”
187.     Baladewa           : “Ya, wis padha karo kowe lah.”
188.     Sengkuni            : “Dewi Kunthi talibranta wis tuwo ning iseh ayu ya.”
189.     Durna                 : “Kowe ki nek mripate nek ndhelok karo wong wedok kok.”
190.     Sengkuni            : “Aku ki jan jane jatuh cinta karo Kunthi awet nom mula, nanging ora tau kelakon, jer gagal terus. Ya wis mbesok mbok menawa ora kelakon ning dunya, kelakon ning akhirate.”
191.     Durna                 : “Akhirate ora iso, wong Dewi Kunthi mlebu ning Suwarga kowe ning Neraka kok.”
192.     Sengkuni            : “Dewi Kunthi ning Suwarga rak suwi-suwi arep masak mesthi butuh korek kanggo nggawe ngurupke kompor mesthi, nyang aku nyilih korek nggo ngurupke kompor, aku dilarak seka Neraka nyang Suwarga.”
193.     Sengakuni          : “Mung mungah tok, tendhang maneh mlebu nang Nerka Jahanam paling ngisor.”
194.     Dewi Kunthi    : “Aja kaget ya ngger, tekanipun Dewi Kunthi aning madyaning negara Dwarawati, sing gedhe pangapuramu sak temene aku babar pisan ora wani wania ngger. Teka aning negara Dwarawati negara gedhe ratune titising Sanghyang Bethara Wisnu. Jladhak-jladhak Kunthi ingkang namung titah sawantah wani nemuni Ratu Dwarawati ingkang gung pinenara.”
195.     Kresna               : “Bibi-bibi sampun ngendhika ingkang kados mekaten menawi Dewi Kunthi menika mboten jabel, pangandhika padhuka badhe kaluntha luntha lampahing Prabu Kresna bibi woten wigatos punapa bibi.”
196.     Dewi Kunthi      : “Kresna, aku ditangisi karo adhimu si Arjuna anggone kepingin dhedhaupan kelawan Rara Ireng adhimu. Prasetyane si Arjuna anakku gelem mengku garwa nanging kudu karo Dewi Rara Dewi Ireng, kamangka kowe ngerti dhewe Arjuna kuwi anake wong randha bapake wis seda, saiki uripe melu simbahe ana ing pertapan saptaarga wani nglamar adhine ratu gedhe. Abot-abote aku iki wong tuwo kudu tanggung jawab marang nasibing putra, gelem ora gelem senajan ta abot kaya watu. Tak seret tak remuk watu mau aku ora nduweni rasa tak tutupi ora tedheng aling aling lan ora aling alingi tedheng mpun bibi arep netepake lamaran mbiyen wis ora sah ndadak mitung apa-apa Kresna. Kira-kira entuk apa ora lan mbesok kapan dhedhaupe Arjuna karo si Rara Ireng adhimu kuluk.”
Kabyak risang kaberangu rinangkul kanempet-kempet tusaratnaning bawana yaki tukang walangadek ho...yaki tukang kudu kering yaki tukang nene...
197.     Baladewa           : “Kepareng matur bibi Kunthi, kula ingkang putra pun Baladewa.”
198.     Dewi Kunthi      : “Baladewa, pun Dewi Kunthi durung rampung anggone matur nang ngarasane adhimu.”
199.     Baladewa           : “Senajan dereng arampung anggen padhuka ngendhika, kula sampun ngertos saripatinipun anggen padhuka rawuh wonten madya negara Dwarawati. Dewi Kunthi, mugi dadosaken kawuningan Dewi Kunthi, kajawi yayi kresna kula ugi nggadhahi hakwali kaliyan putra padhuka pun Dewi Rara Ireng adhi kula, dinten mangkeh. Blakothang terus terang blaka suka waleh-waleh menapa kula sampun ngrancang sinten jodhonipun si Rara Ireng. Setunggal kiwulung mboten wonten ingkang kedhah nduwo, utawi batalaken jejodhohan pilihan kula, mboten sanes namung kajawi. Rara Ireng badhe kula pacangaken kaliyanipun Burisrawa adhi ipe kula. Menika sampun paten ora wis kena diubah-ubah. Menapa maleh sifating Jawa, menawi Dewa temurun badhe mambengi jejodhohanipun yayi Dewi Rara Ireng kaliyan adhi kula pun Burisrawa. Prabu Baladewa ingkang badhe dados tumbal, tertamtu umpamina banteng ingkang ageng kula tabrak. Prekawis adhi kula pun Harjuna putra paduka gampil, Arjuna menika tiyang bagus, larene bagus, mung nggih mlarat pun ngeten mawon . Ora duwe apa-apa uripe wae melu mbahe, wong adol bagus, pol polane ngepol adol kementhus, pol pole ngepol dadi tukang demenan ikupun Harjuna. Kula mpun ngertos resikone. Arjuna niku bojone pirang-pirang mangkeh mbisuke mesthi kaya ngoten. Watak wong kaya ngono ora bakal junun ora bakal tenang nduwe bojo siji. Pramila kula namung kepenging nylametaken adhi kula pun Dewi Rara Ireng. Pramila Dewi Kunthi, mboten ngurangi ngraos kurmad kula dumateng padhuka duh Dewi Kunthi Kunthi talibranta. Kula suwun Arjuna dipun padosaken wanodya lintu, nuwun pangapunten. Menawi padhuka menika kawratan ragad. Nuwun sewu panjenengan, dipun tular kaliyan paman Prabu Pandu dadi randha menika sampun dangu. Kula ngertos menawi paduka menika mboten gadhah bandha kangge ragad ndhaupaken. yayi Arjuna dhumateng sinten kiwala.”
200.     Kresna               : “Koko Prabu.”
201.     Baladewa           : “Wis kowe menenga dhisik.”
202.     Kresna               : “Koko Prabu.”
203.     Baladewa           : “Menenga dhisik.”
204.     Baladewa           : “Setyaki.”
205.     Setyaki               : “Kula kanjeng Koko Prabu.”
206.     Baladewa           : “Piye?“
207.     Setyaki               : “Kendel kemawon coba kados pundi dipun sawang.”
208.     Baladewa           : “Setyaki menega.”
209.     Setyaki               : “Inggih.”
210.     Durna lan           : “Iki padu iki, awake dhewe kudu lunga, iki perkara keluwarga, lunga sengkuni.”
Durna lan Sengkuni lunga.
211.     Baladewa           : “Pramila bibi, kula mangkeh ingkang badhe ngragadi Harjuna dhaupipun telas pinten yuta, telas pinten real. Senadyan separuh negari Mendura badhe kula tambokaken kangge dhaupipun kyai Harjuna nanging sanes kaliyan Dewi Rara Ireng adhi kula, kula suwun Arjuna dipun padosaken wanita lintu bibi.
Kaya tinodok tumbak penggalihipun Dewi Kunthi talibranta midhanget dhumateng dawuhipun sang Prabu Baladewa ingkang  sanget amboreh raos dhatan kumejak amung dalaweran iluhnipun lon lonan Dewi Kunthi talibranta morod saking pasewakan tanpa pepoyan dhumateng ingkang putra sakit jroning manah sang Dewi Kunthi talibranta nanging dhateng kumejak duh dewa-dewa.”
212.     Kresna               : “Bibi.”
Melas dening kudira kawang-wang ngegana kang sumiras he...
213.     Kresna               : “Rara ireng, ana apa kowe metu saka ing kedhaton rara ireng.”
214.     Rara Ireng          : “Kakang yen nganti tumetes banyu mripate Dewi Kunthi Kunthi aning negara Dwarawati bakal kena tsunami kakang ana ratu sing babar pisan ora nggunakake rasa, aku njaluk izin tak temonane ratu ingkang nyuthat bibi Kunthi.”
215.     Rara ireng          : “He ratu Mandura.”
216.     Baladewa           : “He Rara Ireng aku iki kakangmu.”
217.     Rara ireng          : “Aku ngerti kowe kakangmu jalaran kowe lahire luwih dhisik timbang aku nanging kowe ngaku kakang karo rara ireng tak batalake jalaran apa wong tuwo sing mesthine kudu bisa mbetuwahi wong tuwo kang kudu bisa nukulake rasa tentrem tibane aning kene wong tuwo nanging ngilang tuwane mergane mung dadi kongkonaning ratu mung dadi gedibale adhi ipe, kakang prabu Baladewa kowe mesthine ngerti kowe ora tau dadi wanudya nanging gelem ora gelem kowe lahir saka wanudya uga, kowe nduweni kebutuhan apa wae sing bisa ngadhemake ki wanodya nanging kowe ngecamah kelawan penggalihe bibi Kunthi talibranta. Tujune kanjeng bibi Kunthi talibranta senajan ta sedhih kaya ngapa ora tau ngetokke banyu larangan ya kuwi banyu mripat, kowe tak kandhani he wong sombong yen nganti Dewi Kunthi Kunthi iluhe tibo aning kedaton iki njeblak bumine yen pancen kowe kaya ngana sing jenenge wong jejodhohan kuwi bakal lumbananing kekluwargaan kang kenangapa kowe kudu ngorbanake perasaane bibi Kunthi perkara kowe ora setuju aku kelawan Arjuna, ora usah diwaleni karo Baladewa ora patheken rumangsane wong tuwo ora kanggo gawe patuladhan ora gelem njaluk pangapura karo Dewi Kunthi Kunthi, ora nduweni kakang sing jenenge Baladewa, Rara Ireng iseh tetep urip. Kakang prabu kakang prabu ora ngira babar pisan saya kuncara, saya kondhang asmanmu ning saya mlorot akhlakmu, kowe saya pinter nanging budi pakartimu kaya budi pakartining kewan jabang bayi ora sothak aku nyawang kelawan kowe kakang prabu. Haduh.”
218.     Setyaki                           : “Sokor.”
219.     Kresna                           : “Setyaki menenga. piye kakang?
220.     Baladewa                       : “Kyai prabu kowe sing ngajari?”
221.     Kresna                           : “Lho lho lho kok kula sing ngajari pripon toh? Bocah pun gedhe, pun nduweni alam pikiran piyambak kok ndadak diajari dipengaruhi pripun ta?”
222.     Baladewa                       : “Kowe mbelani Rara Ireng.”
223.     Kresna                           : “Kula mboten mbelani Rara Ireng.”
224.     Baladewa                       : “Nyalahke aku?”
225.     Kresna                           : “Mboten nyalahke.”
226.     Baladewa                       : “Sing keleru endi?”
227.     Kresna                           : “Mboten wonten sing keleru mboten woten ingkang leres wong niki sanes ulangan niki sanes pelajaran niki sanes testing nanging menika kadadosan.”
228.     Baladewa                       : “Tumpraping kowe piye aku diwaneni karo si Rara Ireng piye?”
229.     Kresna                           : “Sampun samesthinipun sabab koko prabu leres menapa ingkang dados aturipun adhi kula Rara Ireng seklimah kaliyan tiyang sepuh tiyang samangke menika intelektualitas munggah kepinteran munggah jumlahe profesor wonten negara niki kathah sanget ning napa buktine napa? Wong–wong pinter ora bisa menyelesaikan masalah menapa mawon wonten negara niki. Koko prabu sing pantes nduweni gelar profesor niku dudu Durna, nanging tiyang-tiyang ingkang saget nukulaken mboten ketang namung wonten pundi kutha cilik panggonan cilik dudu cilik kuthane nanging nglaherake generasi ingkang bener-bener. Nduweni raos kamanungsa ingkang ageng yen dipikir sing tuwo malah ora nduweni wibawa bocah kaya Rara Ireng malah ahklake luweh dhuwur timbang sampeyan. Ngantos sekawan likur jam sedinten sedalu padhuka mboten nyuwun pangapunten kaliyan Dewi Kunthi Kunthi, kula mboten tanggung jawab Koko prabu.”
230.     Baladewa                       : “Aduh piye.”
231.     Baladewa                       : “Yayi prabu, di agung pangaksamamu yayi kebranang dening rasa ho bener kang di aturaken marang si Rara Ireng , aku njaluk pangapura ingkang akeh yayi.”
232.     Kresna                           : “Koko prabu menawi badhe nyuwun pangapunten sampun kaliyan prabu Kresna tiyang salah menika saktemenipun kejawi nyalahi diri pun pribadi menika gadhah lepat kaliyan ingkang kawogan inggih menika bibi Kunthi talibranta pepunthoning ngrembag paduka kedhah nyuwun pangapunten kaliyan purbaning kawasa.
233.     Baladewa                       : “Oh yayi.”
Gonjang ganjing langit kelap-kelap katon mleregen janging samawi gandrung saparang kadulwuger muyag mayig he...
234.     Baladewa                       : “Kabeh tak pasrahke marang sliramu yayi.”
235.     Kresna                           : “Koko prabu”
236.     Baladewa                       : “Piye?”
237.     Kresna                           : “Menawi pitados dhumateng kula, sedaya cinakup tigang perkawis ingkang manungsa mboten saged anggerba senajan ta, namung saget ambudidaya nanging hasilipun sedaya wonten purbaning kawasa setunggal, ketemuning jodho, lorone tekaning rejeki, ping telune tumibaning pepati. Pramila wonten wangson jailulah jailulah aja nganti jail, kamangka wong kang jail tartamtu dadi satruning gusthi Allah, kula aturi nengga wonten panuragan mangkeh kula badhe lumebet manggihi Rara Ireng, badhe kula tarini mangko sing pantes dadi kakunge Burisrawa menapapun Arjuna.
238.     Baladewa                       : “Nggeh yayi, tak percayakke kabeh karo kowe, gedhe pengarep-ngarepku supaya si Rara Ireng bisa karo si Burisrawa.”
239.     Kresna                           : “Sami pengajeng-ngajengipun pun Arjuna ugi sageda dados garwanipun sedaya mangkeh kaputusan kula pasrahaken wonten yayi Rara Ireng sedaya kewala kesepakatan menika mboten wonten ingkang saget ambatalaken.”
240.     Baladewa                       : “Ya, tak tunggu aning sak njabane Balawati.”
Yakjo buro rupa nyisedeng ngarindra manguing mung sawita kelawan..
Wonten negara Dwarawati
241.     P. Bromangkara             : “Bilung.”
242.     Bilung                            : “Wonten dhawuh.”
243.     P. Bromangkara             : “Apa iki wes tekan negara Dwarawati?”
244.     Bilung                            : “Sampun.”
245.     P. Bromangkara             : “Wah pethetane apik-apik nemen ya lung.”
246.     Bilung                            : “Negari Dwarawati niku saderengipun dipun cepeng kaliyan prabu Kresna niku negarane amburadul wah amburadul.”
247.     P. Bromangkara             : “Iya.”
248.     Bilung                            : “Sareng dipun cepeng kaliyan prabu Kresna samangke pembangunan dados sae sanget, amargi prabu Kresna niku pemimpin ingkang mengutamakan masa depan bangsa, tidak hanya mencari harta. Bedane pemimpin kaleh bakul sapi niku teng mriku.”
249.     P. Bromangkara             : “Ya.”
250.     Bilung                            : “Pemimpin niku nek durung mimpin wes ngetokke dhuwit pirang-pirang mangkeh nek dadi pimpinan dadi pejabat niku ora bakal miker rakyat, piye carane modale bali dhisik. Opo maneh modale entuk utang wa wes anggaran pendapatan belanja negara sing mesthine kanggo rakyat malah disunat sing mesthine nggo tuku pasir pembangunan nggo tuku pasir dhuwite nggo plesir, sing         mesthine nggo tuku watu dipangan pejabate nggo tuku sepatu, sing mesthine dhuwit dibagekke karo rakyate dimbat nggo nglonthe la ngoten niku. Jane pejabat niku nek arep royal nak ora nggo dhuwite negera nggo dhuwit apa. Nak paino ngono wes apa apane wis ngerti kabeh wong kene kuwi kae wong sembada kae wedokene sing marani dudu dek’e. Sembada tenanan lanang kae tenanan wedokane sing monggo mas kula aturi ngenclep la ngono kuwi, wong lanang sing apik sing kaya ngono kuwi aku ya tau nglakoni kaya ngono kuwi ning aku rak tega aku rak tegelan. Sinden kok sikile dislonjorke ngene kaya arep, rumangsane aku ki kuwatir diwal diwel diwal diwel kok gek..
251.     P. Bromangkara             : “Kowe ki ngrembug apa kuwi.”
252.     Bilung                            : “Nggeh, negari Dwarawati niku nggeh niki.”
253.     P. Bromangkara             : “La kedhatone nang endi?”
254.     Bilung                            : “Kula piyambak mboten ngertos.”
255.     P. Bromangkara             : “Jare ngerti.”
256.     Bilung                            : “Ngerti wilayahe ning ora ngerti jeroane ngerti blegere ning jeroane dereng nate wong kula dereng nate ndemok inggih menika menawi ciri fisikipun menika mpun wonten contone dhadhane saya gedhe bokonge saya mendelong ngono kuwi ki ciri-ciri wis ana ki mesthi kena sentuhan la menika mekaten niku. Wondene sampun dumugi pundi-pundi kemawon kula mboten ngertos.”
257.     P. Bromangkara             : “Wis kowe menenga, we la dalah. Weh kae ana wong ngadek sak ngisore wit ringin.”
258.     Bilung                            : “Pundi?”
259.     P. Bromangkara             : “Kae.”
260.     Bilung                            : “Oh nggeh niko satria njegreg wonten ngisore wit ringin ireng niko satriyane.”
261.     P. Bromangkara             : “Ya jajal kaya ngapa, sumingker. He satria aku melu takon, aku arep nyolong Dewi Rara Ireng ki piye carane mbok menawa kowe ngerti carane aku ditulungi.”
Rekad sang bratasena anganthi ingkang ibu dewi kunthi talibranta he... kangu gene rang-rang ho...he...
262.     P. Bromangkara             : “Iki lung, jenenge sapa lung?”
263.     Bilung                            : “Takon dhewe.”
264.     P. Bromangkara             : “Kok kowe urung kenal?”
265.     Bilung                            : “Wis kenal ngko ndang diunduli, takon dhewe.”
266.     P. Bromangkara             : “He kisanak yen kowe nduwe jeneng sapa jenengmu yen kowe satriya sapa sambating wewangi.
267.     Bratasena                       : “Waah....”
268.     P. Bromangkara             : “Woh ana lindhu.”
269.     Bilung                            : “Lindhu dengkul sampeyan niku, bocahe niku nggereng kok lindhu.”
270.     P. Bromangkara             : “Wah bocahe nggereng.”
271.     Bilung                            : “Nggeh, dikira trafo njeblug napa.”
272.     P. Bromangkara             : “He sapa jenengmu.”
273.     Bratasena                       : “Yen kowe takon karo aku jenengku Bratasena.”
274.     P. Bromangkara             : “Bratasena ki sapa Lung?”
275.     Bilung                            : “Bratasena niku putranipun pangeran diponegoro, ingkang dhaup kaliyan dewi Kartini.”
276.     P. Bromangkara             : “Ngawur.”
277.     Bilung                            : “Ngerti ngawur takon, ati-ati nek kaleh niku.”
278.     P. Bromangkara : “ya, tak akalane karep ben ngewang-ngewangi aku nyolog Dewi Rara Ireng.”
279.     Bilung                            : “Monggo, semoga.”
280.     P. Bromangkara : “dongakake aku ya Lung?”
281.     Bilung                            : “Nggeh mugi-mugi kula dongakake jembar kuburane, hu delalah wong arep apes ya kaya ngana kuwi ndelalah aku mlaku kok rak tekan-tekan ki.”
282.     Bratasena                       : “Kowe sapa?”
283.     P. Bromangkara             : “Prabu Bromangkara saka negara klidhang langit.”
284.     Bratasena                       : “Teka ning negara Dwarawati arep apa?”
285.     P. Bromangkara             : “Arep nyolong Dewi Rara Ireng.”
286.     Bratasena                       : “Arep mok kapake?”
287.     P. Bromangkara             : “Arep tak pek bojo.”
288.     Bratasena                       : “Barang colongan kok dipek bojo sebabe apa?”
289.     P. Bromangkara             : “Yen tak lamar ora bakal kelakon ditampa.”
290.     Bratasena                       : “Oh ngono.”
291.     P. Bromangkara             : “Ya, mulane ngene ya Bratasena kowe mengko tak kei dhuwit sing akeh, ning aku ewang-ewangana aku kancanana.”
292.     Bratasena                       : “Ngancani apa?”
293.     P. Bromangkara             : “Nyolong.”
294.     Bratasena                       : “Nyolong apa?”
295.     P. Bromangkara             : “Dewi Rara Ireng.”
296.     Bratasena                       : “Aku kudu ngapa?”
297.     P. Bromangkara             : “Tuduhke dalane mengko aku sing mlebu kowe sing ngenteni.”
298.     Bratasena                       : “Kowe arep mbayar piro?”
299.     P. Bromangkara             : “Arep njalok bayar piro kowe?”
300.     Bratasena                       : “Umpamane aku njalok apa kowe bakal minangkani?”
301.     P. Bromangkara             : “Yakin tak wenehi, wis ta nek perkara-perkara wedokan calon bojoku pokok’e tak kek’i njaluke piro.”
302.     Bratasena                       : “Dudu njaluk piro ning njaluke apa.”
303.     P. Bromangkara             : “Ha?”
304.     Bratasena                       : “Njaluke apa.”
305.     P. Bromangkara             : “Oh dudu dhuwit?”
306.     Bratasena                       : “Dudu.”
307.     P. Bromangkara             : “Oh ya mbak menawa kepengin tak lantarke nek kowe kepengen dadi satpam, apa kowe kepengin njaluk mariner dadi meriner, kowe ngko tak larapake sing pertama kali sak durunge kowe mengenal banyu kowe tak kandhani agamane iwak kuwi apa?”
308.     Bratasena                       : “Agamane iwak apa.”
309.     P. Bromangkara             : “Agamane iwak kuwi Kristen, sabab rajane jenenge paus, nah.
310.     Bratasena                       : “Ya paus.”
311.     P. Bromangkara             : “Ha?”
312.     Bratasena                       : “Nek agamane manuk apa?”
313.     P. Bromangkara             : “Heh gantian ik. Agamane manuk wah angel.”
314.     Bratasena                       : “Agamane manuk kuwi loro, sing Kristen lan sing Islam ya ana.”
315.     P. Bromangkara             : “Sing Kristen?”
316.     Bratasena                       : “Manuk greja.”
317.     P. Bromangkara             : “La nek sing Islam?”
318.     Bratasena                       : “Emprit kaji.”
319.     P. Bromangkara             : “Oh iya sing kenene putih kae, wah sahabat-sahabat ternyata hobine padha karo aku, hobi manuk.”
320.     Bratasena                       : “Ana maneh.”
321.     P. Bromangkara             : “Apa?”
322.     Bratasena                       : “Kenangapa wong mati jenazahe diadepke ngulon?”
323.     P. Bromangkara             : “Wah ukuran agama ki ngono kuwi wes dadepke nang kiblat ngono.”
324.     Bratasena                       : “Goblog kowe.”
325.     P. Bromangkara             : “Lo gobloge?”
326.     Bratasena                       : “Takono karo aku.”
327.     P. Bromangkara             : “Kenangapa wong mati diadhepke ngulon kabeh?”
328.     Bratasena                       : “Yen ana sing diadhepke ngetan mesthi omong-omongan.”
329.     P. Bromangkara             : “Aduh... Terimakasih entuk ilmu. La kowe kuwi njaluk kudangane apa? Njaluk  hadiahe apa?”
330.     Bratasena                       : “Aku njaluk hadiah karo njaluk bonus, ning bonuse dhisik.”
331.     P. Bromangkara             : “Bonuse apa?”
332.     Bratasena                       : “Aku njaluk ndhasmu tinggalen kene, awake gawanen.”
333.     P. Bromangkara             : “Heh heh heh ndhase tinggal awake gawa? Kowe mesthi ora setuju kowe mesthi.”
334.     Bratasena                       : “Rara Ireng kuwi arep dadi bojone Harjuna.”
335.     P. Bromangkara             : “Harjuna ki sapa?”
336.     Bratasena                       : “Adhiku.”
337.     P. Bromangkara             : “Aduh, apes aku. Gobloge ora umum. Bilung?”
338.     Bilung                            : “Mula ratu niku pejabat niku ijazahe aja ijazah persamaan, ijazahe niku aja tuku, telek dibungkusi sampeyan, mripat melek dapusi. Ratu ning polone bosok kaya sampeyan niku, kaya pejabat-pejabat saiki kaya sampeyan niku rata-rata ngeten niku, dadi wakil rakyat ditiba giliran mikeri rakyat micek la ngeten niku sing digedekke mung iki thok terus kaya ngono kuwi, asu tenaaan.”

DISK 3
339.     Brumangkara                 :“Mula ngaso-asoni ke rumangsane apa? Heh Bratasena oh ndi wssssonge, oh iki.. jebulane kowe benteng nagara Dwarawati”
340.     Bratasena                       : “Tak akoni”
341.     Brumangkara                 :“Wahaah bagus, rawe-rawe rantas malang-malang putung”
342.     Bratasena                       : “Tegese piye?”
343.     Bromangkara                 :“Sapa ingkang ngalang-alangi aku tak trajang! Sapa ingkang cawe-cawe bakal tak entekake! Manuta kowe, tak jabut nyawamu,”
344.     Bratasena                       :“ Majua tak odhol-odhol ususmu. “
345.     Brumangkara                 :” Wuh durung klakon wis krasa aku, yaaa igit syungkup pangampit mamprung nyawamu!”
346.     Brumangkara                 :“ Cangkemmu!”
Brumangkara lan Bratasena gelut jotos-jotosan, Brumangkara langsung tiba”,
347.     Bilung                            : “ Aaaah aman...”
348.     Brumangkara                 : “Aduh lung... aduh bilung”
349.     Bilung                            :“ Dereng mati ta sampeyan”
350.     Brumangkara                 : “Urung”
351.     Bilung                            :“ Pateni sisan ya? “
352.     Brumangkara                 :” Kowe rumangsamu, weeeeeh edan! Ngancam karo Bratasena, puntir awakku”
353.     Bilung                            :”Aaaaa, niku nembe ronde pertama, niku nembe pengasrepan,”
354.     Brumangkara                 : “ Pemanasan kok pengasrepan, welah dalah lawan kaya ngapa”
355.     Bilung                            : “Ampun... sampeyan pingin dawa umure, Saestu wong saniki niku akeh-akehe wong sing kaya sampeyan niku gampang mati. Aja sombong, contone Marijan, nika le mati nika ora wedi mati, piyambake iku wedi isin, ngaten kaya niku lo,”
356.     Brumangkara                 : “Wong duwe keyakinan ora kena dicampuri lung,”
357.     Bilung                            : “Nggih mangga”
358.     Brumangkara                 : “ Wong nduweni keyakinan ora keno dicampuri”
359.     Bilung                            : “Asumonggo, nek kepingin dijemput karo malaikat Izroil”
360.     Brumangkara                 : “Aja kakean bebangaloh, Bratasena! Hampyak awur-awur glundhunging memeng bathangmu.. hep,”
361.     Bilung                            : “Aduh! Ratu matane yak-yakan dancok raimu.”
Panggonan liya, kahanane Brumangkara ngalawan Bratasena, Brumangkara wonten ing mriki kalah.
362.          Brumangkara               :” arrrg mati. Duh.. duh.. aduh. Aaaaa. Weeeeit. Yaaaaaa”
363.          Bilung                         :” Alhamdulillah! aish ora mati iki ndang, helahdalah. Innalilahi wainnailahi rojiun, meninggal dunia dengan jelalatan. Sukses! hadeeh tak gotonge ngantikan, remuk rempu. Haaah.. Bratasena ke perangane tandangane jan nggilani tenanan, wah nganthi sing mbedhug kaponthal-ponthal. Sing dikerekke ke gong cinane aja petambore, bol. He hehe aaah gotong go mulih. Dianakake upacara pengantenan, eh kok pengantenan! Kematian”
Ee ee ee eeee oo ooo ee eee ee
Melas dening ludira kaaa..wang, nggegono, tan sumirat
Ee ee ee eeee
364.     Dewi Kunthi      : ” Bratasena”
365.     Bratasena           : ” Waaa ibu Kunthi, piye? Ditampa apa ora penglamare Arjuna?”
366.     Dewi Kunthi      : ”Tanganmu, kucah getih, kemringet kemebul. Yen nyawang kasektenmu saka kadohan pun ibu kilingan klawan bapakmu, Pandu”
367.     Bratasena           : ”Sing wis sedha, ora usah diungkit-ungkit maneh. Piye?
368.     Dewi Kunthi      : ”Bratasena, iki umpamane mengko Permadi  utawa Arjuna, adhimu ora klakon dhaup karo Dewi Rara Ireng piye?”
369.     Bratasena           : ”Yen klakon Arjuna ora kasembadhan kang dadi kesektiane piro jembare praja Dwarawati. Bumi angus dening Bratasena, mung kari kapan sliramu paring dhawuh karo aku Ibuuu”
370.     Dewi Kunthi      : “Bagus ngger, kuat tangan anakku lanang ora sa-sia  anggonku nggegulang,nanging durung titi wancine. Sabab iki ana pepalang, ora ana liya pepelange kajaba Burisrawa, sedulurmu saka ing nagara Mantharaka putrane paman prabu Salya, lumantar Baladewa kakangmu melu ngriwuk kempul perkara iki”
371.     Bratasena           : ”Aja maneh Burisrawa, sak baladewane aku ora bakal gila, yen njaluk tak sempal kapite mumpung manggon Banyuwangi.”
372.     Dewi Kunthi      : ”Aja ngono ya ngger, ora saben kekerasan bisa ngrampungake perkara,”
373.     Bratasena           : ”Nanging kekerasan titi kala mangsane kudu perlu wong sing sombong adhile kudu disombongi. Takabur minal mutakabirin, wis sodaqoh,”
374.     Dewi Kunthi      : ”Iya, mingin durung titi wancine aja nganthi ya ngger. Iki mau aku ditekani karo si Setyaki adhimu, didhawuhi supaya ngenteni sawetaraning papan kang wis dipapanake dening anakku Krsna, ayo melu..”
375.     Bratasena           : ”Moh, wegah ketemu karo wong Dwarawati, sepet mripatku, aku cukup  ning alun-alun. Yen ana apa-apa, ngganggu marang katentremanmu, kabarna aku.”
376.     Dewi Kunthi      : ”Sing ati-ati ya Bratasena, ibu bakal nunggu katerangane, sabab kakangmu Krsna saiki lagi nemoni calon adhimu, si Rara Ireng. Sapa ngerti mbok menawa netepi marang dhawuhing wong tua padha wong tua. Sinuwun prabu Pandu prabu Pandu, klawan kakang prabu Basudewa, mbiyen prajanji seduluran ora bakal pedhot donya akhirat, moga-moga Krsna nyekel amanat kuwi.”
377.     Bratasena           : ”Iya, pangewange-wange njaluk Gusti sing agawe jagad siapke tenaga, yen nganti urung adhiku Arjuna dawuh laro dewi Rara Ireng. Aja takon doso Dwarawati bumi angus dening Bratasena.”
Kate tangis tangise jalar sarasa...
Eee ee eee
Kocap kacarita sak lebeting kedhaton nagari Durwati, Dewi Rara Ireng anggenipun kataman panah asmara jatu..silananging  akrami diage-age, tansah angabur-ngaburake sekar merati kang rinon..ce dadiya sumiyar gandaning kedhaton.
limbukan
Disc 4
Samenika limbuk cangik
Sang Burisrawa nyawang-nyawang rawit. Sang Dananjaya ring kepareng rika sumingkira hohoho. Hangnyaba Pandhawa.
Ridhu mawur, mangawur-awur wurahan,
Tengaraning ajurit,
Gong maguruh gangsa
Teteg kaya butula
Wor panjriting turanggaesthi
Rekatak ingkang
Dwaja lelayu sebit
Wonten ing sawijining wekdal, ing nagari Mandara, Burisrawa ndangu dhateng Prabangkara lan Prabancana
378.     Burisrawa          : “Prabangkara lan Prabancana.”
379.     Prabangkara       : “Wonten dhawuh.”
380.     Prabancana        : “Wonten dhawuh.”
381.     Burisrawa          : “Kowe tak gawa saka kasatriyan Tambutulang saperlu kowe tetungguling nom-noman ikang takdu karo macan, macane mati. Takdu karo gajah, pedhot gadhinge.”
382.     Prabangkara       : “Menika sadaya awit saking gladhen paduka Raden Burisrawa”
383.     Burisrawa          : “Iya, kowe bola-bali kandha mbenjang kapan kula saged males kesaenan paduka raden wis tumeka titi wancine mangsa kala. Wee, panas rasaning atiku ora saranta sanajan kakang Prabu Baladewa wus teka mrene. Kakang Prabu Baladewa wis nglamarake Burisrawa. Wis selak aku kepengin rabi karo si Rara Ireng. Iki wis tekan tapel wates kowe ngadoha saka aku sawetara. Inanggara Dwarawati ora ngulungake Dewi Rara Ireng. Ee, Mbok Badra Sumbadra, Rara Ireng ladenana brantaku Rara Ireng, Rara Ireng. Kaya mbledhag-mbledhaga atiku ketatap jemparinging asmara ingkang metu saka langkat panguripanmu. Hehe ladalah, hee wong negara Dwarawati endi Rara Ireng takrabi. Ora nganti klakon dhaup karo Rara Ireng takbumi angus negara Dwarawati.”
Banjur, tiyang-tiyang samenika wau sami kesah piyambak-piyambak.
Punapa ta ngira ingsun mrihatin tanpa bomije udaha tanpa karya.
Bumi gonjang-ganjing langit kelap- kelap katon,
lir kincanging alis,
risang mawèh gandrung, O ,
saparang kadulu.
Wukir moyag mayig,
saking tyas baliwur, O
Sawijining dinten, wonten ing Mandara, Burisrawa nyuwun tulung dhateng Suman, supados Suman kersa ngrencangi Prabu Baladewa anggenipun nglamar Dewi Rara Ireng.
384.     Burisrawa          : “Wuuh, ladalah Man, sampeyan ingkang ngantheni kakang Prabu Baladewa, Man. Cekak aos Man, kula boten saranta Man.”
385.     Suman                : “Dursasana ora melu, Kartamarma ora melu, Kurawa ora ana sing melu. Padahal iki swasanane dharurat ngger.”
386.     Burisrawa          : “Pripun?”
387.     Suman                : “Dharurat ngger. Sinuwun Prabu Baladewa, kakangmu, ketoke ora kuwawa. Aku weruh dhewe sinuwun Prabu Baladewa didukani karo calon bojomu, si Rara Ireng. Nganthi tamek  gur anggolek ora isa apa-apa. Gawat Kurawa ora melu Burisrawa.”
388.     Burisrawa          : “Pripun to Man?”
389.     Suman                : “Penglamarmu dibarengi karo Arjuna.”
390.     Burisrawa          : “Wee, ladalah.”
Jaja muntap lir kinetap kumejot padoning lathi,netra kocak ngondar andir, O
391.     Burisrawa          : “Keparat! Arjuna wani ngembari karo penglamare Burisrawa.”
392.     Suman                : “Sing nglamar Dewi Kunthi talibranta. Nganti putrane si Bratasena kae ngger sing njekrek kaya tugu sinukarta, kamangka saiki lagi padha rembugan.”
393.     Burisrawa          : “Rembugan apa?”
394.     Suman                : “Pertimbangan sing ditampa Arjuna apa Burisrawa? Ketoke Kresna ndhoyong nang Arjuna. Mula kowe aja tinggal mung mangku tangan.”
395.     Burisrawa          : “Hayo gene pun?”
396.     Suman                : “Ukuren kekuwatane Bratasena. Yen kowe bisa nglahke Bratasena. Mateni Arjuna mung sekedhiping metro.”
397.     Burisrawa          : “Wah, ladalah. Kokop getihmu Bratasena!”
Burisrawa lajeng kesah nilaraken Suman piyambakan, saperlu madosi Bratasena badhe dipunpejahi.
398.     Suman                : “Bagus, bagus, bagus! Takkeproki saka kadohan ngger.”
Burisrawa kasil anggenipun madosi Bratasena. Bratasena boten ngertos menawi wonten Burisrawa. Ngertos-ngertos Burisrawa sampun jumeneng wonten wingkingipun Bratasena.
399.     Burisrawa          : “Heh, jagoane Pandhawa! Bratasena!”
400.     Bratasena           : “Kakang Burisrawa.”
401.     Burisrawa           “Kowe ngungkurake aku? Ngece kowe ?”
402.     Bratasena           : “Aku lagi ngematake kori gapit seketheng lawang pambutulan, ibu kunthi lagi rundhingan. Ayo bareng-bareng ngenteni haning kene.”
403.     Burisrawa          : “Cangkemu! Pegaweyan paling mbosenake kuwi nunggu ngerti!”
404.     Bratasena           : “Apa daronane kuwi sumusul?”
405.     Burisrawa          : “Yah. Arep methik kembang soroja ingkang bakal dadi pepethetaning pituronku yah yayi Rara Ireng.”
406.     Bratasena           : “Rara Ireng arep dadi bojone Arjuna.”
407.     Burisrawa          : “takbatalake!”
408.     Bratasena           : “Jejodhoan ora kudu nganggo kekerasan.”
409.     Burisrawa          : “Yen tak peksa piye? Arjuna dakpateni.”
410.     Bratasena           : “Ning diwakili kakangane piye?”
411.     Burisrawa          : “Yoh, yen aku bisa mateni kowe, Bratasena, mateni Janaka luwih cepet timbang mateni kowe.”
Bratasena nyodhog Buriswara ngantos dhawah kesakitan.
412.     Burisrawa          : “Dajal laknat kowe Bratasena. Wuh, dhadhaku nganti sementep.”
Kekalihipun gelut. Ketingal menawi Burisrawa boten saged nandhingi kekuwatanipun Bratasena. Burisrawa asring dhawah anggenipun nglawan Bratasena.
413.          Burisrawa        : “Ora minggat, pedhot.”
414.          Burisrawa        : “Adhuh, mati aku.”
Burisrawa kalah. Piyambakipun wotak-watuk kemawon banjur idu.
Disk 5
Bratasena karo Burisrawa.
413.     Burisrawa          : “Modar kowe! Bratasena, tandhingana iki!”
Akhire Burisrawa kalah.
414.     Kunthi               :  “Bratasena?”
415.     Bratasena           :  “Piye ?”
416.     Kunthi               : “Perangmu kali ini hebat tenanan, durung tau ana sing isa ngembari. Improvisasimu jan sip tenan. Kok ngglethak?”
417.     Bratasena           : “Durung mangan.”
418.     Kunthi               : “Lungguho, kowe tak critani”
419.     Bratasena           : “Iyo.”
420.     Kunthi               : “Mbiyen bapakmu pandhu nalika arep entukipun ibu, tetapa nganthi taun taunan kuwat. Anake dadi wong kang gembeng. Bapakmu kuwi gajah ngger, ora ana gajah nduwe anak celeng.”
421.     Bratasena           :  “Endi Burisrawa?”
422.     Kunthi               : “Dudu wataking satriya, kae pengecut. Wadya bala-balane kae Burisrawa mau, perang tandhing karo udawa karo setyaki. Mung  sayange ora kesyuting dadi ora ketok.”
423.     Bratasena           : “Pateni ning mburi omah mau aku weruh.”
424.     Kunthi               : “Iyo. Ayo ngger, ngadhep kakangmu ingkang dina iki uwis sumadi rerumbingan sapa mengko ingkang bakal ditampa.”
425.     Bratasena           : “Burisrawa uwis kalah.”
426.     Kunthi               : “Sayembarane dudu perkara adu okol, nanging iki sayembara ingkang bakal dikandharake karo calon adhimu ipe si Rara Ireng ya Bratasena.”
Ing... Bremara leh manguswa ambrangengeng. Ong... kadya karenaning kaswasih. Aneng marga amalatkung. Ong...
427.     Kresna               : “Kanjeng bibi, swawi kula ndherekaken minggah wonten ing balai Maligi.”
428.     Kunthi               : “Ayo, kadherekaken Kresna.”Ana ing Dwarawati, Kresna, Rara Ireng, Dewi Kunthi, Baladewa, lan Bratasena pada ngrembag perkara panyuwune Rara Ireng.
429.     Kresna               : Kanjeng bibi Kunthi Talibranta.”
430.     Kunthi               : Ana dhawuh punapa anakku ngger? Anakku wong bagus, wong sugih, Prabu Kresna?”
431.     Kresna               : “Miwak paduka kanjeng kaka prabu.”
432.     Baladewa           : “Ya yayi, piye?”
433.     Kresna               : “Ora keri, yayi Bratasena.”
434.     Bratasena           : “Ya. Bektiku tampanana njlitheng kresna kakangku.”
435.     Kresna               : “Wes tak tampa Werkudara.”
436.     Baladewa           : Apa darunane si adhi, ngumpulake Bibi Kunthi Talibranta kalawanipun kakang? Apa ana sambung rapete kalawan adhiku si Rara Ireng nemoni para panglamar?”
437.     Kresna               : “Enggih. Sawetawipun mangkeh badhe kula pasrahaken. Rara Ireng?”
438.     Rara Ireng          : “Ana apa kakang?”
439.     Kresna               : “Sira matura dhewe karo Bibi Kunthi niwah kakangmu Bratasena”
440.     Rara Ireng          : “Kanjeng bibi miwah paduka kakang.”
441.     Baladewa           : “Iya yayi.”
442.     Kunthi               : “Iya, Rara Ireng.”
443.     Rara Ireng          : “Kabeh ora ana ingkang padha sulaya,jalaran yen nganthi ana ingkang rebut balung tanpa isi. Tak anggep sapa wae ingkang mengku, wigati marang Rara Ireng tak anggep bocah cilik kabeh.
444.     Baladewa           : “Kaget aku, we lhadalah. Priye yayi prabu?”
445.     Kresna               : Nyatanipun mekaten. Menawi paduka menika namung sadermi utusan, sami kula kaliyan bibi Kunthi. Mboten wonten  ingkang dados utama kejawi ingkang saged manggihaken bebananipun adhi kulanipun Rara Ireng.”
446.     Kunthi               : “Kresna, aku tak jaluk pamit ya Kresna. Rara Ireng aku pamit.”
447.     Rara Ireng          : “Kula nuwun inggih. Titip salam dhumateng raden Arjuna, sampun ngantos ngewa-ewa nggih. Dipun welingi, cempaka wungu ingkang kula kintuni kala wingi supados nyirami nggih bibi Kunthi.”
448.     Baladewa           : Heh! Ora usah kaya ngono! Kirim salam apa kanggo kae Burisrawa?”
449.     Rara Ireng          :  “Ya kirim salam, muga-muga Burisrawa enggal sadhar. Yen nresnani ora ditresnani, ora ana wong keplok tangan siji kakang.”
450.     Baladewa           :   We lhadalah, piye iki?”
451.      Kunthi              :   “Bratasena, ayo tah dherekake Bratasena.”
452.     Bratasena           :   “Ibu Kinthi, ayo tak gendhong bali.”
Pandhita ing saptaarga Sang Begawan Abiyasa. Dewi Kunthi Talibrata Kiren ana Kinaken dhumateng prekawis penglamaring sang apekik menggih Raden Arjuna panengah Pandhawa dhumateng kyai Semar badranaya.
453.     Semar                 : E, thole. Nala Gareng, Petruk lank owe bagong. Kene thole padha Gumringah. Ayo padha bebarengan mikirake marang bendaramu ingkang bakal nduwe gawe gedhe. Yaiku dedhauping tempuk kelawan wahyu. Muga-muga Negara iki bisa kaimbuhan baldatun, warobun, toyyibatun ghoffur awit saka ningkahaning bendaramu. Ayo to le, aja mung pijer ngimpi thole.”

GORO-GORO
454.     Semar                 :   E, ndara Arjuna ndara Permadi.”
455.     Arjuna                :   Apa kakang semar badranaya?”
456.     Semar                 :   Ndara Puntadewa.”
457.     Puntadewa         :   Apa kakang?”
458.     Semar                 :   Lan paduka ndara Bratasena.”
459.     Bratasena           :   Wah yo kakang semar.”
460.     Semar                 :   Dinten niki boten wonten gegayuhan ingkang saged pinikul enteng namung kajawi dipun pikul sesarengan. Rukun agawe santoso, cerah agawe bubrah. Menika ngger, sedaya kala wau ingkang saged dipun wastani manunggaling tekad laire kawon batos. Ingkang mekaten.”
461.     Arjuna                :   “Gamelan Lokananta ingkan ana aning madyaning khayangan cakra Kembang. Ingsun dhewe karo kakang Semar ingkang bakal munggah ana ing khayangan cakra kembang, bakal tak temoni kakang Kamajaya lan kakang Kamaratih.”
462.     Puntadewa         :   Gamelan lokananta anaaning kaindran, ya aku Puntadewa mengko ingkang munggah nanging beda panggonan ing khayangan. Bakal tak pundhut dhewe aning Khayangan Swargaloka
463.     Bratasena           :   Wah. Mung kari Negara sing gelo. Mung nek perkara Ramayana mung goleki kakang Anoman mangkih lak kepanggih.
464.     Arjuna                :   Aku nyuwun pamit kakang semar.”
DISK 6
Semar ing goden prayitno cenguris titiani ganda yo ning tri sunti wenayan jati
465.     Semar                 : “Hai Ndara Arjuna, Ndara Permadhi.”
466.     Arjuna                : “Apa kakang Semar Badranaya?”
467.     Semar                 : “Ndara Puntadewa.”
468.     Puntadewa         : “Apa kakang?”
469.     Semar                 : “Lan paduka Ndara Bratasena.”
470.     Bratasena           : “Wahh... Ya kakang Semar.”
471.     Semar                 : “Dinten niki mboten wonten gegayuan ingkang saged pinikul entheng namung kajawi dipun sangkul sesarengan, urukun agawe santosa laa cerah agawe bubrah hahh menika ngger sedaya kala wau ingkang saged dipun wastani manunggahing tekan lahir kawan batos. Ingkang makaten.”
472.     Arjuna                : “Gamelan Lukananta ingkang ana aning madyaning Khayangan Cakra Kembang ingsun dhewe kakang Semar ingkang bakal munggah ana ing Khayangan Cakra Kembang bakal tak temoni kakang Kamajaya lan kakang Kamaratih.”
473.     Puntadewa         : “Gamelan Lukananta aning kaindran iwaku Puntadewa mengko ingkang munggah nanging bedha panggonan ing khayangan bakal tak pundhut dhewe aning Khayangan Swargaloka.”
474.     Bratasena           : “Wahh... Mung kari Negara Singgelapura aning  endi papan dununge Kreta Kencana jaran wolu tiras titisane Prabu Dasamuka.”
475.     Semar                 : “La nggih leres niku Negara Singgela mung nek perkara Ramayana  mang goleki kakang sampeyan Anoman mangke ora saged kepangge.”
476.     Arjuna                : “Aku njaluk pamit Kakang Semar.”
477.     Semar                 : “Inggih ingkang ngantos-antos nggih gus.”
478.     Puntadewa         : “Dongakna aku Kakang Semar Badranaya.”
479.     Semar                 : “Pepuji kula nderek jengkal paduka.”
Ing pantan kumuwan hama tangis sroning pasareyan ngenangi watana ramu-ramu kalingan ngangrangan sang tyas manah wungkung tumung temtu ing sang hyang angrerepa dadya wus sira tabu yayi eman-eman wuwus entek pranta yayi olon nadyah o...
480.     Semar                 : “Kula pepuji mugi-mugi saged sinambut ing berkah kayuwanan gus... e... Kula ajeng mbrebel nonton krukunan ing para Pandawa e... Kerukunan saiki wis saya kinikis saya entek... Saya entek. Kerukunan saya habis karena di trempa oleh para Kaum Borjuis aah... Ndara, ndara... Mugi-mugi sampeyan para Pandawa kenging kangge conto kangge uswah njejegaken Negara Kesatuan Republik Indonesia. Nggih jiwa gotong royong kaya ngoten niku aja nganti ilang ndan..”
Semar ing guden prayitno jenguris titiyaning gadayana e...
Tansah marapamaring suksmo sinuk maya winagya winasepi sinimpen telenging kalbu
481.     Puntadewa         : “Pukulan Bathara Indra sembah nuwun awit saking paduka sampun maringaken Gamelan Lukananta dhumateng pun Puntadewa.”
482.     Bathara Indra    : “Iya ngger... Puntadewa Gamelan Lukananta iki mau minangka kanggo gawe ngabuhi lan mapag temuning temanten adhimu si Permadhi klawan si Rara Ireng mengko wulun ingkang gawa yaga saka Surabaya e Suralaya.”
483.     Arjuna                : “Matur kasinggihan kakang bukulun lan kakang mbok bukulun. Kakang bukulun Bathara Kamajaya lan Kamaratih awit saking anggenipun pari maremuk miwah sih wilasapa duka dhumateng kula.”
484.     Kamaja              : “Aja kawatir yayi Permadhi. Ora mung tak ampili nanging mengko mbakyumu ingkang bakal dadhi juru rias. Kidhang mas pupus cindhe parijata kencana lan leregan mandara giri tumuli mengko bakal tak leboke menyang cupu wasiat mung yen gawakna supaya anggone sira nggawa ora kerepotan.”
485.     Bathara Indra    : “Gamelan Lukananta mengko tak wadhahi marang Kendaga Wajaseta. Saperlu supaya kuwi mengko bisa kepenak lan bisa praktis anggonmu nggawa.”
486.     Puntadewa         : “Ngaturaken agungin punuwun ingkang tanpa pepindan. Kula nyuwun pamit bukulun.”
487.     Bathara Indra    : “Ya sing ati-ati Puntadewa.”
488.     Arjuna                : “Kulo nyuwun pamit Bukulun.”
489.     Kamajaya           : “Sing ati-ati Janaka.”
Ngaturaken agungin punuwun ingkang tanpa pepindan
Kegiri-giri analir papata angkawelakar mangun mungsu amin o lawan mandra drosing manada pakarsa manudruka
490.     Dhadhung awuk            : “Raden Bratasena.”
491.     Bratasena           :  “Kuwi ngerti karo jenengku?”
492.     Dhadhung awuk            : “Halah ben dina kumpul neng kothak masa pangkling.”
493.     Bratasena           : “Kuwi sapa?”
494.     Dhadhung awuk            : “Pangone Kebondanu kang pancal panggung cacah patang puluh jenengku Dhadhung awuk.”
495.     Bratasena           : “Dhadhung awuk wis ngerti tekaku?”
496.     Dhadhung awuk            : “Wis. Kuwi arep nyilih, yen ora nyilih tuku, yen ora tuku arep dirudukpari peksa Kebondanu kanggo srah-srahaan adhimu si Janaka ya si Arjuna.”
497.     Bratasena           : “Wahh... Ya pancen kenang ngapa kuwi ora masrahake?”
498.     Dhadhung awuk            : “Ngene ya Bratasena. Senajan aku wis diwelingi karo sang Giwang Indra yen pancen Kebondanu kuwi wis jatahe Permadhi jatahe Arjuna.”
499.     Bratasena           : “Ora kakendang digiring menyang Negara Dwarawati?”
500.     Dhadhung awuk            : “Enak men! Ana pangudangku.”
501.     Bratasena           : “Apa pamundhutmu?”
502.     Dhadhung awuk            : “Gelut karo kuwi!”
503.     Bratasena           : “Yen ora gelut piye?”
504.     Dhadhung awuk            : “Kurang marem. Wis suwe awakku ora tau di pedhot-pedhot karo musuh. Yen perlu patenana aku!”
505.     Bratasena           : “Ya! Yen pancen kuwi panjalukmu. Tak pinangkani.”
506.     Dhadhung awuk            : “Wah... Lah dalah klakon gibeg ilang nyawamu!”
Bratasena akhire gelut karo Dhadhung awuk
507.     Dhadhung awuk            : “Wis Raden. Cukup Raden.”
508.     Bratasena           : “Wahh pothol gulumu!”
509.     Dhadhung awuk            : “Yen aku dipothol mengko sing angon lembu e lembu Kebondanu sapa?”
510.     Bratasena           : “Oh edan!”
511.     Dhadhung awuk            : “Wis. Kuwi ki kelemahane nang gon ku. Aja sia-sia karo aku. Terima kasih ya Bratasena, wah awakku penak suwe ora tau digebugi musuh. Mbasa digebugi mungsuh dadhi kepenak kaya ngene.”
512.     Bratasena           : “Edan kuwi! Aku di anggep tukang pijet wae. Rumangsamu apa hayo dina kang wis ditentoake Kebondanu kudu wis tekan alun-alun Dwarawati.”
513.     Dhadhung awuk            : “Aja kuwatir tak rengga-rengga nganggo mutiara lan berlian, tak kalungi nganggo tambang emas. Aku dhewe mengko ingkang masrahake karo adhimu, tak terna menyang alun-alun Dwarawati.”
514.     Bratasena           : “Ya matur nuwun.”
515.     Dhadhung awuk            : “Padha-padha Werkudara.”
Anoman malumpat sampun... pradeng widengnaka sari mulat mangan ndapat tingal manadyayu purwaking e...
516.     Bratasena           : “Pertapaanmu mung kari pirang ndina Anoman. Tuduhke aku Negara Singgelapura, sing weruh kuwi yen nganti ora nuduhke karo aku kaya ngapa kaning ngayaku ora bisa ngrabikke adhiku si Permadhi.”
517.     Anoman             : “Adhuh Bratasena.”
518.     Bratasena           : “Sing gedhe pangapuramu.”
519.     Anoman             : “Ora papa dhi.”
520.     Bratasena           : “Kuwi lagi tetapa ngapa?”
521.     Anoman             : “Aku ki pertapa ya nyramakke adhimu Raden Arjuna kuwi.”
522.     Bratasena           : “Ya, yen pancen kuwi nyramake karo adhiku Arjuna.”
523.     Anoman             : “Tak golekane, tak tuduhke anane ning Negara Singgela.”
524.     Bratasena           : “Ya Negara Singgela kuwi nang endi?”
525.     Anoman             : “Weruh penering srengenge?”
526.     Bratasena           : “Ya, srengenge angslup.”
527.     Anoman             : “Kulon kidul arahe kae.”
528.     Bratasena           : “Ya para pedhut mangampak-ampak.”
529.     Anoman             : “Kae kukusing segara. Yen dudu satria bisa mati kapracundhang dening kukus samudra kuwi.”
530.     Bratasena           : “Ya, karo kukuse merapi ampuh endi?”
531.     Anoman             : “Imbang.”
532.     Bratasena           : “Ya.”
533.     Anoman             : “Werkudara.”
534.     Bratasena           : “Nggih.”
535.     Anoman             : “Aji bayu bajra.”
536.     Bratasena           : “Ya aji bayu bajra.”
Negara Singgelapura.
Janeyaning talaga adhil lange mambang tepas mulano pamani ga... eng... wurung
537.     Prabu anem                    : “Patih Kerta Bangsa?”
538.     Patih Kerta Bangsa        : ‘Kulo wonten dhawuh. Sang Prabu anem Bisa Warna.”
539.     Prabu anem                    : “Lan sira Tumenggung Kukuh Mangarsa.”
540.     Tumenggung                  : “A... Dadu situ ala iyung...”
541.     Prabu anem                    : “Sing prayitna mripatmu, sing tutus, titis lan tetes dhasare sira iki dadhi Tumenggung ingkang nanggung pira nggone anggunggung yoga-yoga ingkang padha munggahpanggung. Yo kang alit yo kang agung kabeh padha kinunggung supaya ana meneh suk mbok menawa ana tanggapan malih anggone manggung.”
542.     Tumenggung                  : “Ae... wa... o... e...”
543.     Patih kerta bangsa         : “Wonten menapa angger sinuwun anggenipun aninggali dhumateng ingkang patih kula pun Kerta Bangsa.”
544.     Prabu anem                    : “Ngene patih, wis entuk rong kalenggahan iki.”
545.     Tumenggung                  : “Gambang kakang.”
546.     Prabu anem                    : “Rong dina iki Negara Singgela ketiban daru ingkang bobote padha amung beda wujude. Ndaru iki mau siji ireng siji putih. Tumiba aning pesisir samudra Negara Singgelapura mbok menawa impen iki dadhi kasunyatan patih. Takno kabeh kuradyo bala baris pendhem aning tepining samudra.”
Sorote pandangsumulung amadaning njroning pasarean remu-remu kalih engang-engang ngangrangan sangyah manahang pung
547.     Patih Kerta Bangsa        : “Nyuwun tambahing pangestu sinuwun.”
548.     Prabu anem                    : “Yaya... Aja kaya bocah patih.”
Patih kerta bangsa lan tumenggung lunga ninggalke prabu anem
549.     Kerata Basa                   : “Kuwi sapa?”
550.     Anoman                         : “Aku Anoman. Kuwi sapa?”
551.     Kerata Basa                   : “Patih Kerata Basa. Inganggugu ing samudera rumadyani negara sing luruh kurawin. Kuwi dadhi trisendi ngastenine sinom marang mburi suwarna aja ngrereget Negara Singgelapura. Minggata!”
552.     Anoman                         : “Aku gelem minggat yen aku wis ketemu karo Prabu Bisa Warna.”
553.     Kerata Basa                   : “Elah dalah lancang pangucapmu! Lenu pangindapmu tatap kemudha!”
554.     Anoman                         : “Heh... heh... heh...”
555.     Kerata Basa                   : “Bandha kanggo gawe pangewan-ewan kuwi.”
Patih kerata basa lan anoman gelut
556.     Bisa Warna                    : “Kuwi tanding karo sapa em?”
557.     Kerata Basa                   : “Parwagaseta.”
558.     Bisa Warna                    : “Kethek Putih kae jenenge Anoman. Aja meneh kuwi mbahku Prabu Dasamuka. Angsoh angsoh.”
559.     Kerata Basa                   : “Angsoh menika menapa ingkang dipun ngge bayi menika?”
560.     Bisa Warna        : “Kae angsop. Angsoh kuwe tegese mati. Aja meneh koh kuwi, yo iku ingkang tak goleki Anoman kulo ingkang putrawa.”
Patih bisa warna lunga nemoni anoman lan ninggalke patih kerata basa.
561.     Anoman             : “Mboten nyana, mboten legewa sinuwun sampeyan sinten?”
562.     Bisa Warna        : “Anoman kula niki Prabu Bisa Warna putranipun Kanjeng Rama Begawan Gunawan Punta Wibisana.”
563.     Anoman             : “Adhuhh...”
564.     Bisa Warna        : “Wonten sukaryo ingkang kadosa pundi?”
565.     Anoman                         : “Kula mbakta. Adhi kula pun Bratasena.”
566.     Bratasena           : “Wah... Prabu Bisa Warna aku njaluk tulung, adhiku arep dadi nganten. Arep kepyak kirab manten njaluk numpak Kreta Kencana ingkang jarane wolu tilas titiane Prabu Dasamuka.”
567.     Bisa Warna        : “Kula caosaken.”
568.     Bratasena           : “Ya. Wah... ora ngira babar pindho.”
569.     Anoman             : “Pisan kok pindho.”
570.     Bratasena           : “Jebulane sedulur ingkang nembe ketemu kok malah becike kaya ngono. Taringane ngakune sedulur, ngakune anak, ngakune keponakan wis pirang-pirang puluh taun tak openi tundhon gawene jebulane nelikung saka mburi.”
571.     Anoman             : “Wis aja digetuni, getunana apa wong drajat, pangkat, daulat kuwi dhewe-dhewe. Manuk gagak karo manuk kunthul kae golek panganan ing pesisir lan ing sawah. Ning mergane werna wulune bedha kala mangsane mabure baline dhewe-dhewe tumuju menyang habitate dhewe-dhewe. Aja anggetuni ingkang wis nanging tatapen ingkang nyawang ajinana ingkang wis ana saiki kuwi kang minangka kekuwatanmu.”
572.     Bratasena           : “Terima kasih Anoman yen ora dikuati karo kuwi mbok menawa aku nglokro.”
573.     Anoman             : “Bola-bali kuwi nglokro. Wis tak kandhani wanita kuwi gawe memala mula ora usah diladeni yen wanita perlu kuwi dibunuh.”
574.     Bratasena           : “Bunuh apa?”
575.     Anoman             : “Karaktere. Wis tenang ta, ora kuwi ora aku nggih menapa mboten?”
576.     Bisa Warna        : “Sedaya ing nglampahi klebet eyang Prabu Dasamuka ugi inggih.”
577.     Anoman             : “Dintenipun sukra asih, wancinipun jam sanga enjang kreta kencana ingkang tulangga wolu kedah sampun  dumugi wonten ing alun-alun Dwarawati.”
578.     Bisa Warna        : “Ngestoaken dawuh paduka Anoman ngiras pantes kulo badhe sowan wonten ngabyantaranipun titis sang hyang Bathara Wisnu nun inggih Prabu Sri Bathara Kresna.”
579.     Anoman             : “Mangke kulo arapaken ngger.”
Araso madangi jagad o... o... o... kuwukane sapu tak ewuning pa... pa... pa... panggunging ra kena sarating surya mengongan gunung... gunung...
580.     Baladewa           : “Kepat iring-iringan manten saka ngendi iki, bocah-bocah saka ngendi iki?”
581.     Wong                 : “Saking Saptarga.”
582.     Baladewa           : “Sing di iring-iringi sapa? Arjuna? Elah dalah wani nglangkahi kridane Prabu Baladewa ora sudi rasane atiku adhiku Dewi Rara Ireng dhaup klawan si Arjuna e... calon manten kelakon dadhi penganten tataken kasektene Prabu Baladewa. Iblis ala Permadhi Arjuna.”
583.     Arjuna                : ‘Nyuwun pangapunten kula saweg crita kaliyan kang mas Bratasena.”
584.     Baladewa           : “Ora sah ndadak nylamur kuwi kalakon bisa dadhi bojone Rara Ireng kalahna dhisik Baladewa.”
585.     Bratasena           : “Mbiyen sejarahe piye?”
586.     Arjuna                : “Sejarahipun....”
587.     Baladewa           : “He lah kok nyingkur ki piye?!”
588.     Arjuna                : “Sejarahi pun menika tasih jeneng Narayana.”
589.     Bratasena           : “O... Narayana kakange Narayana.”
590.     Arjuna                : “Namini pun Kakrasana.”
591.     Bratasena           : “Kakrasana ki saiki ndi?”
592.     Baladewa           : “Ora sah nylamur! Yen perlu ora mung Permadhi, kakangane Bratasena maju kene!”
593.     Bratasena           : “Waktu semono kepiye?”
594.     Arjuna                : “Raden Kakrasana menika lumebet wonten lak-lakanipun Prabu Kurondhoyakso.”
595.     Bratasena           : “Manjing separo.”
596.     Arjuna                : “Nuwun nggih. Piyambakipun mboten saged polah.”
597.     Bratasena           : “Mesthine kudune mati.”
598.     Arjuna                : “Nggih.”
599.     Baladewa           : “Ora sah ndadak nylamur-nylamur! E Permadhi kuwi Bratasena sisan dene kabeh Puntadewa kon maju! Yen perlu Bibi Kunthi kon maju senajan wadon tak geceg-geceg sisan!”
600.     Bratasena           : “O... dadhi Kakrasan wektu semono arep mati?”
601.     Arjuna                : “Inggih.”
602.     Bratasena           : “Sing bisa nulungi Kakrasan kuwi sapa?”
603.     Arjuna                : “Inggih kulo.”
604.     Bratasena           : “Carane?”
605.     Arjuna                : “Prabu Kurondoyakso kula panajejantingipun satempakan mbengok uwal cokotanipun Prabu Kurondoyaksa.”
606.     Baladewa           : “Kuwi crita apa kuwi? Crita apa kuwi?”
607.     Bratasena           : “Ora sah digogoni. Lanjutna.”
608.     Baladewa           : “Kuwi crita apa kuwi?”
609.     Arjuna                : “Riyin dhaupipun kakang mas Kakrasana inggih kakang Prabu Baladewa kaliyan kakang mbok erawati menawi mboten wonten kula kakang mas Kakrasana sampun pedhot saktugel dipun dhahar kaliyan Prabu Kurondhoyaksa.”
610.     Baladewa           : “Kuwi crita apa kuwi? Crita apa kuwi? Kuwi crita apa kuwi? Apa kuwi? Crita apa kuwi?”
611.     Bratasena           : “Wah... Jebulane saiki nggoleki wong becik angel Permadhi.”
612.     Arjuna                : “Inggih.”
613.     Bratasena           : “Kuwi nalika semono diopahi apa ora?”
614.     Arjuna                : “Diopahi napa malah kula tombok. Nalika semanten kakang mas wonten tiyang ingkang prasapa gandeng aku wis bisa dhaup karo mbakyumu erawati mbesuk nek kuwi dhaup arep tak sumbang, arep tak ragadhi, arep tak ayomi.”
615.     Bratasena           : “Janji kuwi. Cangkeme bosok! Wis ora usah ndadak dipaelu yen pancen wong sing wis tau kotangan busi saiki malah ngamuk-ngamuk.”
616.     Arjuna                : “Mboten usah dipun ladosi kangmas... Mpun mangga mawon.”
617.     Baladewa           : “Permadhi. Permadhi Bratasena Permadhi Bratasena. Permadhi aku njaluk pangapurane Permadhi. Permadhi aku njaluk pangapurane Permadhi. Bratasena Bratasena kene ndhisik. Adhem-adhem ana adhimu Bratasena aku wis nglenggana Bratasena aku wis lenggana Bratasena.”
618.     Bratasena           : “Brutt!!”
619.     Baladewa           : “Adhuh tak parani... wong tua malah dipok. Permadhi, Permadhi Permadhi ayo tak bopong. E Kresna kuwi mbopong penganten wadon, aku tak mbopong penganten lanang. Permadhi elah dalah, e... wong Dwarawati iki penganten lanang, iki penganten lanang tak bopong dening Prabu Baladewa. Yayi Kresna?”
620.     Kresna               : “Kula wonten dhawuh koko Prabu.”
621.     Baladewa           : “Bopongen si Rara Ireng ayo di ijabke tengah alun-alun ben dha padha nonton, tukang-tukang becak padha diundang, nelayan-nelayan padha diundang, aku arep mbagi berkat telung ndesa, nyembelih sapi sewelas, tontonane limang dina limang bengi. Sing terakhir dalang saka Tegal iki, Prabu Paino e Baladewa kok Paino.”
622.     Kresna               : “Sampun sadhar?”
623.     Baladewa           : “Uwis. Uwis ora sah dibacut-bacutke.”
624.     Kresna               : “Burisrawa?”
625.     Baladewa           : “Walah Burisrawa mengko gampang golekke wong Bali ya ora papa. Wis gampang. Lo endhi penganten wadone?”
626.     Kresna               : “Mungkur ngaten og, la penganten lanange mungkur.”
627.     Baladewa           : “Kuwi maju yayi.”
628.     Kresna               : “Njenengan nggih maju.”
629.     Baladewa           : “Oh ya. Ayo siji loro telu.”
630.     Kresna               : “Lo malah ora kena ki piye?”
631.     Baladewa           : “Aku tak mundur, kuwi mundur.”
632.     Kresna               : “Malah saya adoh.”
633.     Baladewa           : “Nah... Rak ngono didhonke.”
634.     Rara Ireng          : “Kakang Prabu jenengani rumangsane apa. Wong kok di gajluk-gajluke kaya dara.”
635.     Baladewa           : “Walah dalah yayi kulo wonten dhawuh koko prabu. Sepira lupute pun kakang diagung pangapura.”
636.     Kresna               : “Kulo nuwun inggih kakang Prabu.”
637.     Arjuna                : “Mbok inggih mboten ngaten.”
638.     Puntadewa         : “Sembrono. Kiyayi Arjuna mbok jangan begitu to yayi. Mangga. Sampai sekarang kok begitu.”
639.     Kresna               : “Matur nuwun yayi Puntadewa dening paduka sampun luruhi kula.”
640.     Puntadewa         : “Nggih. Ratu nggih mboten yak-yakan.”
641.     Baladewa           : “Ora ki esuk-esuk kok malah edan-edanan ki piye to.”
642.     Arjuna                : “Meng ngisor yayi.”
643.     Rara Ireng          : “Kok kaya ngono.”
644.     Kresna               : “Wis ndang salaman ndang salaman. Gong, mrene gong.”
645.     Petruk                : “O... Gene sadhar ing ndeleng kaya ngene ki piye.”
646.     Baladewa           : “Iya Petruk wis sadhar aku Petruk.”
647.     Petruk                : “E... Rumangsane, mbok yo mikir, wong kuwi mikir ora mung... Budi baik dari seorang Permadhi kepada you ketika you mau ncuk dulu sekarang menjadhi kenyataan. Makanya lidah itu tidak bertulang, mulut makanya itulah yang namanya itulah justru maka daripada itu.”
648.     Baladewa           : “Iya iya Petruk aku lengganani Petruk.”
649.     Petruk                : “Wah... Ali-aline apik abang.”
650.     Baladewa           : “Peken?”
651.     Petruk                : “Nggih. Tak dung tak tak dung tak.”
652.     Bagong              : “Sukur ngger sukur Raden Permadhi.”
653.     Puntadewa         : “Picek matamu, aku Puntadewa kok Permadhi.”
654.     Bagong              : “Oh iya deng. Iki yak, lali aku. Elah dalah.”
655.     Puntadewa         : “Kula ingkang badhe anyekseni kanjeng ibu.”
656.     Petruk                : “Yo sukur kabeh.”
657.     Kresna               : “Koko Prabu dinten mangke dipun seksenana. Sedaya ingkang sami muninga, sedaya ingkang sami midhanget mugi anyeksenana Gamelan Lukananta, parijatha Kencana, Kebondanu ingkang pancal panggung, Kreta Kencana ingkang turangga wolun sampun jangkep dumugi wonten Negari Dwarawati kalebet para pengiring, kelebet para dewa, juru rias, kelebet pangoning kelumbu andini, klebet narindra Singgela. Sedaya sampun sami kumpul kula nyuwun agungan kaliyan Batara Kukuh Andaya supados angormati ungeling ladran temanten, sumengga e... e... e... e... e...”
Akhire Arjuna mbojo karo Rara Ireng.

0 komentar:

Posting Komentar