§ Dene
apik lan orane pentas sandiwara bisa dititik saka swasana lan acting
paraga-paragane. Mula saka iku, manawa nyemak sandiwara utawa drama kudu
nggatekake babagan ngisor iki
a.
Acting
yaiku, solah bawa, polatan (mimik) paraga jroning ngayatai paraga sing
diperagakake.
b.
Vocal
yaiku, pocapan paraga sing mesthi wae kudu keprungu dening kabeh penonton lan
jumbuh karo karakter paraga sing idparagakake.
c.
Blocking
yaiku, aturan pindhah papan tumrap paraga supaya drama ing panggung bisa luwih
tumata, urip, lan ora mboseni.
§ Unsur-unsur
sing kudu digatekake nalika nyusun naskah drama yaiku
a.
Babak
Babak
minangka bagian naskah sing ngrangkum sakabehing prastawa sing dumadi saka
wektu- kapan-parastawa. Saben babak diperang adhedhasar adhegan-adhegan. Babak
kasusun saka pementasan utamaning gegayutan karo latar utawa setting, amarga
bagian crita drama bisa dumadi ing wektu lan papan sing bedha karo bagian
liyane. Lumantar pengalihan babak, penonton dikandhani bagian crita sing
ditonton ing wektu lan papan sing bedha karo sing sadurunge. Babak bisa dititik
karo dekorasi tartamtu.
b.
Adegan
Adegan
arupa perangan babak katitik karo gentine formasi utawa posisi paraga ing
dhuwur panggung. Watesane ditemtukake mlebu lan metune paraga ing dhuwur
panggung.
c.
Dialaog
Dialog
yaiku, pocapan antarane paraga siji lan paraga liyane sing dadi pusat unsur
struktur drama.
d.
Petunjuk lakuan
Petunjuk
lakuan, isine njlentrehake sing maca lan awak pementasan(sutradara, paraga,
panata seni, lsp) babagan kahanan, swasana, prastawa, utawa tumindake paraga,
lan unsur-unsur crita liyane.
e.
Prolog
Prolog
yaiku, perangan naskah drama sing dipanggonane ing perangan ngarep drama.
f.
Epilog
Epilog
yaiku perangan pungkasane naskah drama sing isine simpulan pengarang gegayutan
karo crita, nasehat, pesen moral (etika).
g.
Tema
Tema
yaiku, gagasan sing dadi dhasar lakon.
h.
Penokohan
Penokohan
sing bisa nuduhake corak sing nduweni karakteristik marang paraga.
i.
Alur
Alur
yaiku, urut-urutaning crita sing nganut ukum dramatik.
j.
Basa
Basa
yaiku, sing nggerakake paraga lan nyiptakake utawa gawe swasana. Lumantar basa
sing tepung karo paraga-paraga sing ana ing drama.
k.
Solilokui (monolog)
Solilokui
yaiku, pamikirane paraga sing awujud pocapan marang awake dhewe (mbatin)
l.
Aside
Aside
yaiku, perangan naskah drama sing dipocapake paraga kanggo penonton nanging
paraga liyane ora mangerteni pocapan mau.
§ Nulis
naskah drama sumber sing utama asale saka lingkungan utawa watak manungsa.
Kanggo nulis naskah drama bisa ngtekake kayata ngisor iki :
a.
Nyusun crita
b.
Njlentrehake crita dadi urut-urutaning
prastawa, sing bisa kasusun dadi eksposisi, konflik, komplikasi, krisis,
resolusi, lan keputusan.
c.
Urut-urutaning prastawa kudu tumuju ing
arah konflik nganti tekan resolusi.
d.
Nemtokake jinis-jinis karakter sarta
panerapane lumantar gerak lan dialog.
e.
Nyusun naskah awujud dialog sing efektif.
Sajroning nyusun bisa migunakake telu, yaiku
§ Segi teknis
yaiku, saben dialog ing sisihane diwenehi cathetan supaya cetha (anggone mlebu
metune paraga, music, lsp)
§ Segi estetis,
yaiku dialog kudu endah, komunikatif, nggatekake kontinuitas.
§ Segi literer,
yaiku dialog bisa migunakake basa konotasi.
0 komentar:
Posting Komentar