Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

About Me

Followers

My Blog List

My Blog List

My Blog List

Snag a button

Minggu, 20 Desember 2015

TEMBANG



Sadurunge nembang perlu dimangerteni lelagon utawa tembang macapat iku bisa diarani endah lan kepenak dirungokake manawa leres lan laras. Lire, diarani leres manawa tembang pas guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune. Dene diarani laras manawa anggone nglagokake wis pas lan jumbuh karo titi laras gamelan jawa.
          Titi laras utawa notasi gamelan jawa iku ana loro cacahe, yaiku slendro lan pelog.
Tembang maapat kaperang dadi telu, yaiku:
1.   Sekar ageng
2.   Sekar tengahan
3.   Sekar alit (macapat)

1.   Sekar Alit (Macapat)
Macapat iku uga sinebut tembang macapat asli, kang umume dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutane tembang jawa iku padha karo lelakoning manungsa wiwit bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkene urut-urutane tembang kaya kang ing ngisor iki:
1.   Maskumambang: nggambarake jabang bayi sing isih ana kadhutane ibune,sig durung kawruhan lanang utawa wadon, kumambang ateges uripe ngambang ing kandhutane ibune.
2.   Mijil: ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
3.   Sinom: ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
4.   Kinanthi: saka tembung “kanthi” utawa “nuntun” kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam donya.
5.   Asmarandana: ateges rasa tresna, tresna marang liyan( priya lan wanita lan kosok baline) kang kabeh mau wis dadi kodrat ilahi.
6.   Gambuh: saka tembung “jumbuh” utawa sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk banjr digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan.
7.   Dhandhanggula: nggambrake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwe sisihan/bojo, duwe anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine, bisa diarani lagu ndhandanggula.
8.   Durma: saka tembung darma/weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur  tuwuh rasa welas-asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disengkuyung  uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
9.   Pangkur: saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha.
10.                Megatruh: saka tembung “megat roh” utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring sing maha kuwasa.
11.                Pocung: yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.

2.   Sekar Madya Utawa Sekar Tengahan
Macapat jenis iki kayadene tembang kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.
1.   Jurudemung
2.   Wirangrong
3.   Balabak
3.   Sekar Ageng
Sekar macapat ageng/gedhe mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng saka angele, sekar macapat ageng kaya tembang kakwin ing jaman kuna.

0 komentar:

Posting Komentar