Pangertosan
unggah-ungguhing basa
Unggah-ungguhing basa
sabenere prekara milih lan milah basa sing sajrone pasrawungan. Pamilihing basa
nganggo wewaton:
Wong sing ngajak guneman
Wong sing diajak guneman
Swasana sajron guneman
Prekara kang digunem
Tujuwan guneman
Wewaton wong sing guneman
kuwi gumantung sesambungane utawa hubungane sajrone pasrawungan. Sesambungan
mau bisa marang wong sadrajad (horisontal), lan uga bisa marang mandhuwur utawa
mangisor (vertikal). Unggah-ungguh basa mujudake adat sopan santun ing basa
jawa. Adat sopan santun mratelakake pribadine wong jawa lan bebrayan jawa. Adat
sopan santun mratelakake tatakrama lan subasita. Tatkrama manggon ana ing basa
utawa pangucap, subasita manggon ana ing tindak tanduk utawa patrap. Kaloro-lorone
ana ing pasrawungan bisa dipilah ananging ora bisa dipisahake, kaya suruh lumah
klawan kurepe seje rupane nanging ginigit tunggal rasane.
Jinising unggah-ungguh
basa:
Sesambungane unggah-ungguh
basa, akeh sarjana kang milihake dhewe-dhew. Kayata Ki Padmosoesastra kang ing
taun 1899 milihake unggah-ungguh basa dadi :
1. Basa
ngoko
1)
Ngoko lugu
2)
Ngoko andhap, diperang (antya basa-basa
antya)
2. Basa
krama
1)
Wredha krama
2)
Madya krama
3)
Madyantara
3. Krama
desa
4. Krama
inggil
5. Basa
kedhaton
6. Basa
kasar
Enem
teori mau kasengguh wis ora njamani lan bisa diarani njlimet. Mulane rikala
taun 1979. Poedjosoedarmo milahake maneh unggah-ungguh basa dadi telu :
1.
Krama
1)
Mudha krama
2)
Kramantara
3)
Wredhakrama
2.
Madya
1)
Madyakarama
2)
Madyantara
3)
Madya ngoko
3.
Ngoko
1)
Basa antya
2)
Antya basa
3)
Ngoko lugu
Sebanjure ana pamanggih
kang luwih anyar taun 1987 lan nganti saiki luwih dienggo dening para panaliti
lan pametri basa jawa, yaiku panemune sudaryanto, dosen utawa peneliti saka
universitas gajah mada (UGM). Dheweke milahake unggah-ungguh basa jawa dadi
patang warna sing luwih gampang ditrapake, yaiku : 1) ngoko lugu, 2) ngoko
alus, 3) krama lugu, lan 4) krama alus.
Sopan santun ing bebrayan jawa tetep dadi
kawigaten, saora-orane ana alesane, yaiku:
1.
Ajaran sopan-santun mujudake warisan budaya
jawa sing isih urip
2.
Sopan santun ing basa jawa yaiku perangan
kang ora bisa dipisahake saka pasrawungan ing bebrayan jawa.
3.
Sopan santun ing basa jawa mrintahake
menawa wong kuwi kudu ngormati wong liya
4.
Sopan santun basa jawa kuwi bisa
nggancarake pasrawungan.
Kanggo lestarining unggah-ungguh basa lan
ngrembakane, yaiku kanthi
1.
Rumangsa mongkok duwe basa jawa,
2.
Duwe rasa tanggung jawab marang basa jawa,
lan
3.
Ngurangi utawa buwang panemu sing kleru
menawa nduweni basa jawa bakal surem ing tembe mburine.
0 komentar:
Posting Komentar