Sesorah
utawa pidato mujudake perangan kang ora bisa dipisahake ing adicara resmi
tartamtu kang ana ing tengahing bebrayan agung jawa nganti tumeka saiki. Salah
sawijining yaiku acara adat pahargyan penganten, acara duwe gawe (pesta)
khitanan, syukuran, lsp.
Salah
sawijining perangan adicara mau yaiku sesorah pambagyaharja. Tembung
pambagyaharja asale saka tembung “pambagya” tegese
pambage(mbagekake/pakurmatan) lan “harja” tegese slamet utawa becik. Mula
tembung sesorah pambagyaharja duwe teges pidhato sing isine kanggo mbagekake
karaharjan utawa keslametan rawuhe para tamu ing adicara kasebut. Nanging
lumrahe ing masyarakat sakliyane isine sambutan kanggo pambage, uga ngandharake
mungguh isine adicara kasebut. Dene wong sing ngandharake pambagyaharja umume
priyayi sing pinitaya (dipercaya) dening kang mengku gati sekaliyan
(kakung-putri) ngapit paraga kang nindakake pambagyaharja.
Cengkorongane sesorah
pambagyaharja:
1. Salam
pambuka
2. Purwaka
(isine pakurmatan lan ngaturake syukur marang gusti kang maha kuwasa)
3. Surasa
basa (wos isi ngaturake sugeng rawuh para tamu lan agunging panuwun awit
karawuhane, sarta ngandharake wigatine prelu)
4. Wasana
basa (panutup/njaluk pangapura sajrone sesorah)
5. Salam
panutup
Tuladha
Semaken tuladha sesorah
pambagyaharja ing ngisor iki!
Assalamualaikum wr.wb
Panjenengan
para pinesepuh ingkang kinurmatan, para tamu kakung sumawana putri, miwah para
kadang wredha-mudha ingkang panes sinubagyaharja. Langkung rumiyin sumangga
kita dherekaken ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun gusti ingkang
murbeng agesang awit sadaya kanugrahan, karahayon,miwah kabagyan ingkang sampun
kita tampi.
Keparenga
ing mriki, kula ingkang kapiji dening panjenenganipun Bp sekaliyan
Ibu...kadhawuhan matur wonten ngarsanipun para tamu kakung sumawana putri.
Ingkang sepisan, Bp/ibu...ngaturaken sugeng rawuh dalah agunging panuwun
ingkang tanpa pepindhan awit karawuhan panjenengan sekaliyan. Salajengipun ing
mangke kasuwun pinarak lenggah kanthi mardikaning panggalih.
Dene
wigatining perlu sing sing siyang punika, Bp/Ibu...ngaturaken syukur dhumateng
ngarsanipun gusti awit sampun mentas netepi darmaning tiyang sepuh,ngislamaken
(ngitanaken) ingkang putra bagus bambang soleh rikala dinten, minggu pon, surya
8 juli 2012 ing bogem, prambanan lumampah kanthi rancak boten wonten pambengan
punapa kemawon.
Pramila
Bp/Ibu...ngrawuhaken para tamu sekaliyan saperlu kasuwun paring donga pepuji
dhumateng anak kula Bambang soleh mugi enggala saras awit berkahing gusti, lan
ing tembe dadosa lare ingkang soleh, migunani tumrap ing agami,kulawarga, lan
nusa bangsa.aming.
Bp/Ibu..boten
saged amelas kasaenan panjenengan sakaliyan, namung kasuwunaken dhumateng
ngarsaning gusti mugi pikantuka lintu ingkang satimbang.
Panyuwunipun
Bp/Ibu... mugiya para tamu sekaliyan sekeca pinarak lelenggahan sinambi
angrahapi pasugatan ingkang sampun kaaturaken.
Ananging
Bp/Ibu...nglenggana bilih anggenipun anampi karawuhan panjenangan, miwah
ngaturaken pasugatan ing sadayanipun tasih kathah kekirangan. Awit saking
punika, Bp/Ibu tansah nyuwun agunging samudra pangaksami.
Mekaten
ingkang saged kula aturaken, menawi wonten kirangipun, “nedha kupat janganipun
santen, menawi wonten lepat tansah nyuwun pangapunten.” Matur nuwun.
Wassalamualaikum wr.wb
0 komentar:
Posting Komentar