Tarmono
lungguh ing sangisore wit wringin sing ngrembuyung godhonge, dhuwure kanthi
limang meteran. Swara angin sing nggawe sumilir ndadekake mripate Tarmono
sansaya kriyep-kriyep kapengen ngliyep. Dheweke ing kono mau lagi angen-angen
kapengen dadi wong sugih sing duwe sawah, duwe mobil lan pekarangan sing amba
kaya gene Drohun juragan jago sing paling sugih nang desa Kemukus kuwi. Wadone
Tarmono sing arane Maryati mbiyene prawan sing paling ayu dhewe ing desane.
Maryati saben ndinane mung tunggu omah, dheweke ora gelem mbiyantu Tarmono
merga awake yen kerja jarene encoke langsung kumat, maklum wae nginung susu ya
pendhak setaun sepisan tukune ya nang Boyolali sing jarene luwih murah, sangkin
ora ana dhuwite. Ben ndina piring pating klontang, cekcok ora tau liren
tanggane ya pada umbas-umbis ngrasani keluwargane Tarmono lan Maryati sing
katon ora tentrem. Ben ndina mesthi padu, padune ya gara-gara Tarmono mung
tukang becak lan buruh macul sing namung nampa dhuwit akeh-akehe mung seket
ewu. Tarmono sansaya mumet mikiri wadone sing panjaluke ora tau liren.
Ing
wayah esuk kuwi Tarmono biasa arep mbecak supaya olih setoran, nanging dina
kuwi pancen lagi sepi, merga ya wong ndesa saiki luwih seneng yen numpak motor,
jarene luwih cepet lan murah. Saya suwe ngenteni penumpang ora ana, dheweke
banjur keturon ing lincak cedhake warunge Inah.
“
Mas Tarmono! tangi kae loh mas wis ana penumpang nggolek becak, sampeyan kok
malah nang kene wae tura-turu!” Inah nggugah Tarmono sing nembe ngliyep”.
“
aku isih kesel Nah, sirahku ngelu”. Kandhane Tarmono .
“ ngelu
kenapa ta mas?” pitakone Inah .
“iki
loh bojoku njaluk tuku sepedhah montor, njaluke ngotot ora pernah mikir yen
lanange kuwi kerja susah kaya ngene panas-panasan, bojoku nek duwe pepenginan
ya kudu njaluk dituruti, aku saiki wis loyo Nah, nggolek gaweyan rena-rena,
nglamar nang kantor endi wae ora pernah olih panggilan, aku wis putus asa Nah,
aku arep nggolek gaweyan sing cepet nggasilake dhuwit akeh, wis ora takpikir
maneh halal lan harame!”
“
loh mas, sampeyan aja ngono ta mas, putus asanan! Mbok ya kaya aku iki randha
tetep akeh dhuwite! ora mikir maneh lanange sing megat aku, sing penting aku
wis bahagia duwe usaha warteg cilik-cilikan nang kene, sing penting bisa kanggo
tuku beras!”.
“
aku wis putus asa Nah, terus aku saiki kudu piye Nah ?”. pitakone Tarmono.
Jebul
Drohun sing lagi mangan nang wartege Inah krungu gunemane wong loro mau. Banjur
Drohun marani Tarmono.
Tarmono..kowe
kenapa tah? Mesakke tenan uripmu..duwe wadon mung siji ya wis sengsara kaya
ngene tah uripmu.!!! Yuh kene takjak menyang nggon ku. Kowe kapengen sugih tah?”.
Kandhane Drohun karo menehi kertas alamat.
Tarmono
langsung lunga .
Becak
sing wis reyot dijupuk ing pinggir wartege Inah kanthi rasa bungah lan deg-degan
arep ngampiri alamat dukun sing diwenehi Drohun mau, becak digenjot sansaya
banter.....
Kira-kira
rong puluh menitan becak wis tekan desa ana ing alamat mau, katon sepi, ora ana
wong pating sliwer lewat, swarane kewan garengpung katon cetha sanget,
kethek-kethek pating nglantung ing wit. Takdeleng-deleng ana gubug sapinggire
wit wringin ing kono, kanthi ati teteg aku mlaku ngampiri gubug mau. Nembe
jumangkah nyedhaki lawang wis ana swara .... “mlebu nang, ana ngapa kowe mrene?
Arep njaluk pesugihan? Nggih monggoh lenggah”.
Durung
aku kumecap apa-apa mbah Durna wis ngarti kabeh sing dakarepake”.
Saiki
kowe tak gawani blorong iki, kowe kudu bisa ngrawat lan makani apa bae sing
blorong iki papengenake, aja nganti kowe ora makani blorong iki!!!! mengko kowe
bakal olih bencana!!!! kowe bakal cilaka!!!!!”. Kandhane Mbah Durna.”
“nggih
mbah aku langsung manut lan nuruti kabeh apa sing diwasiyatake mbah Durna
marang aku.”
Aku
pamit balik lan langsung nuju ngomah. Durung nganti rong jam aku olih blorong
mau ing paturonku wis ana dhuwit akehe ora mekakat rong koper gedhe, dhuwite
warna abang jambon kabeh, emas-emasan sak kotak gedhe isine jangkep gelang,
kalung, ali-ali”.
Aku
lan bojoku langsung girang jingkrak-jingkrak olih harta karun sing akehe ora
karuan. Banjur bojoku ora sida tuku sepedhah montor dheweke malah njaluk tuku
mobil, aku ya dadi bojone mesthi nukokna ora bisa nolak.
Sansaya
dina sansaya wengi sansaya esuk dhuwit ku nambah akeh, akeh lan akeh. Bojoku
tambah seneng lan girang bisa tuku barang sapenake dhewe. Aku ya mung mesem, dhuwit
nggolek gampang ya metune gampang.” Kumecap ing atiku.
Salah
sawijine dina kuwi bojoku weruh iklan ing TV ana iklan paket plesir ing kutha
Bali, dheweke ngeyel njaluk rono, aku ya wong lanang gari manut wae apa kabeh
pepengenan bojoku yen aku mampu ya aku turuti.
Omah
taktitipake karo mas Pur satpam ing omahku.
Aku
dina sesuk langsung mangkat menyang airport lan nuju ing Bali.
***
Mas
Pur sing nembe dadi satpam telung wulan ing omah kuwi wis sering krungu
omongane tangga sing ora bener lan ora dipercayani karo Mas Pur dhewe. Ora mung
siji, loro tangga sing nuduh yen majikane kuwi ngingon Blorong, dheweke sing
bengi kuwi dikongkon njagani majikane umahe telung ndina, banjur mateni lampu.
Ana ing sajrone omah dheweke kaget, “ lah kok jebul kamar majikane durung di
kunci!! iki kok ora kaya biyasane majikane lali kaya ngene.” Kandhane Ing atine
Mas Pur .
Banjur
mas Pur mlebu lan kaget ora karuan ing kasure majikane ana ula wujud blorong,
dheweke keweden lan namung ngadeg ngejejer ora tumindak menyang endi-endi .
Blorong
kuwi nesu-nesu durung dipakani, “apa ya majikanmu kalalen karo aku!!!!!!! sawise
kabeh harta, kanikmatan dunyo wis takmenehi kabeh marang dheweke!!!!!. Aku
bakal pateni kowe Tarmono.....blorong ngilang tanpa tepak.
Banjur
sesuke Mas Pur tangi saka semapute, dheweke kaya ngimpi weruh blorong nang
kasure majikane. Dheweke banjur njagong ing korsi tengah lan ndeleng TV,
dheweke sansaya kaget, kaget lan kaget! ana brita kecelakaan pesawat sing
newasake majikane.
“Brarti mbengi kuwi udu
impen, omongane tangga kabeh kuwi pancen bener yen majikanku ngingu blorong.”
Ucape Mas Pur greneng-greneng ijen.
cuthel
0 komentar:
Posting Komentar