Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

About Me

Followers

My Blog List

My Blog List

My Blog List

Snag a button

Senin, 21 Desember 2015

Wawan gunem



Wawan gunem, wawancara, utawa interview yaiku sawijining cara kanggo nglumpukake data tartamtu utawa bahan berita (data utawa fakta). Carane bisa ditindakake kanthi langsung adhep-adhepan (face to face) antarane sing wawan gunem karo wong kang diajak wawan-gunem (interview), utawa kanthi or a langsung kayata lumantar telpon, internet, utawa layang( wawan gunem tinulis klebu lumantar e-mail lan sms).
          Ing jaman saiki wawan gunem ora digunakake mung kanggo metode jurnalistik kanggo nglumpukake pawarta, uga bisa kanggo panaliten lan ilmu kang padha maca supaya kaya-kaya melu nglakoni wawan gunem.
          Banjur apa kang kudu digatekake nalika sawijining wong arep ngenekake wawan-gunem karo narasumber? Saora-orane kudu nggatekake : (1) luwih dhisik nemtokake underaning prekara (tema), (2) nyiapake materi kanggo pitakonan, (3) patrap lan tata krama kang becik, (4) nggunakake basa kang becik lan gampang ditampa narasumber.
          Ing jagading jurnalistik wawan-gunem bisa kaperang dadi pirang-pirang pangerten, ing antarane yaiku :
1.   Wawan gunem pawarta (news-peg interview), yaiku wawan gunem kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, konfirmasi, utawa panemu interview babagan sawijining masalah utawa prastawa.
2.   Wawan gunem pribadi (personal interview), yaiku wawan gunemkanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lan panemu interview. Pawarta kang diasilake awujud profil interview, ing antarane identitas diri, lelakon uripe, lan penemu-panemune kang ana kaitane karo prekara aktual utawa prekara kang cundhuk karo profesine.
3.   Wawan gunem ekslusif (exclusive interview), yaiku wawan gunem kang ditindakake wartawan (nanging saka sawijining media) kanthi khusus karo interview, kang jumbuh karo prekara tinamtu ing papan kang wis karembug bebarengan antarane wartawan lan kang diwawancarai.
4.   Wawan gunem ora njarak (casual interview), yaiku wawan gunem kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana janjinan luwih dhisik karo sing di interview. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku tumuju ana ing montore arep bali, mudhun saka bandhara, lsp.
5.   Wawan gunem kliling/jalanan (man-in-the street interview, yaiku wawan gunem kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah wong sing interview kang mapane pisah, kang antarane siji lan sijine ana gegandhengane karo pawarta kang bakale ditulis.

0 komentar:

Posting Komentar