Tata busana iku minangka salah
sawijining pang-ing budaya jawa, yaiku woh pangolahing budi, cipta, rasa,
karsa, lanmanunggaling pakarti lair lan batin kang mawujud dadi karya kang
endah.
Tumrap ing kabudayan jawa, wong nyandhang
menganggo kuwi angger utawa waton wae. Kabeh kudu ditata kanthi becik lan pas
supaya bisa nuduhake marang kapribadhen kang cedhak marang piwulang tata krama
agesang. Ana unen-unen kang becik, ajining dhiri kuwi ana kedaling lathi,
ajining sarira kuwi gumantung ana busana.
Mula
saka iku wong nyandhang menanggo kudu dilaras luwih dhisik supaya bisane pantes
lair lan batine, kajumbuhake klawan kahanan awak lan acarane (situasine).
Sawetara sing diarani penganggo jawa
jangkep, yaiku cara nyandhang menganggo kang dijumbuhake klawon acara resmi ing
bebrayan jawa. Kayata adicara pahargyan penganten, syukuran duwe gawe,
jumenengan utawa kirab budaya ing Kraton Surakarta, lan adicara resmi liyane.
Lumrahe
panggonan jawa jangkep kuwi ana 8 werna sing kudu dikompliti, yaiku :
1.
udheng (blangkon)
udheg
kuwi ana loro yaiku :
a.
cengkok mondhol nganggo kuncung (mondholan)
2.
Klambi krowok (beskap)
Rasukan
utawa klambi krowok, diperang dadi :
a.
Atelan
b.
Beskap
c.
Sikepan
3.
Sabuk
Kaperang dadi :
a. Cakrik
cindhe
b. Cakrik
dringin
4.
Epek, timang, lan lerep
Kaperang
dadi :
a.
Epek blodiran
b.
Epek polos
5.
Sinjang, jarik, utawa jarit
Kaperang
dadi :
a.
Cakrik lereng utawa parang amung kanggo
para putra sentana dalem ing Kraton Surakarta.
b.
Abdi Dalem nganggo latar putih, latar
ireng, semenan, utawa ceplokan
6.
Dhuwung, wangkingan, utawa keris
Kaperang
dadi :
a.
Keris warangka ladrang (dawa)
0 komentar:
Posting Komentar