Musawarah
utawa sarasehan minangka salah sawijining kegiyatan urun rembug kang nduweni
ancas golek mupakat lan pasarujukan. Anggota musawarah oleh paring panemu murih
becike asli musawarah. Indonesia kang kawentar minangka negara demokrasi,
pancen tansah ndengungke ing masarakat supaya migunakake musawarah yen ana beda
panemu. Ombyaking jaman pirembugan kepara arang dilakoni, merga akeh rakyat
kang milih demo lan luwih ndrawasi maneh kadhang kala dadi aksi sing anarkis.
Masarakat jawa wis ngenal musawarah wiwit jaman biyen, lan asring dadi cara
kanggo nguwali masalah kang tuwuh ing masarakat. Saperangan syarat kanggo
nindakake musawarah yaiku:
1.
Ana masalah kang bakal dirembug
2.
Ana pangrasa (pimpinan) musawarah
3.
Ana anggota musawarah
4.
Musawarah kudu ngasilake pasarujukan awujud
mupakat
Perangan
liya kang uga aja klalen digatekake nalika musawarah, kudu gawe catetan kang
awujud notulen, minangka sarana bukti lan pengemut kanggo anggota ngenani asil
mupakat kang wis disarujuki. Wondene cengkorongan notulen, yaiku:
Ing
alaming demokrasi saben pawongan duweni hak lan kewajiban sing padha ana ing
tengahing masyarakat iki. Kalebu nalika dadi panyarta musawarah utawa
pirembugan. Embuh kuwi ing pirembugan resmi utawa ora resmi. Bab sing prelu
digatekake nalika ana ing sarasehan, yaiku kudu njaga subasita utawa sopan
santun. Unggah-ungguh mau magepokan nalika awake dhewe dadi panyarta (anggota)
rapat, wiwit saka patrape lungguh, nalika micara kanggo ngandharake panemu, lan
liya-liyane. Sakliyane unggah-ungguh bab micara, saka cak-cakaning busana utawa
ageman sabisa-bisa kudu sopan lan ora ngisin-isini.
Sawetara
kuwi, supaya lancar anggone micara ing sawijining sarasehan bab sing perlu
digatekake antarane : (1) kudu nguwasani materi, lan carane kudu akeh sinau,
maca, utawa srawung, (2) wasis wicara kanthi laras lan leres, “laras” tegese
bener miturut paramasastra, dene leres tegese ora nalisir saka unggah-ungguh
basa, lan (3) kanthi tata susila utawa kasusilan kang becik.
0 komentar:
Posting Komentar