ABSTRAK
TRADHISI SEDEKAH LAUT (BARITAN) ING DESA ASEMDOYONG
KABUPATEN PEMALANG
DIAH SYAVANA
JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA, FAKULTAS BAHASA DAN
SENI, UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG.
Kata
kunci : Makna Simbolik, Upacara adat, Baritan, Desa Asemdoyong
A.
WIWITAN
Kasil saka
pamikiran, panciptaan, rasa lan karsa manungsa yaiku kabudayaan sing ngrembaka
ana ing masyarakat. Pikiran lan laku sing dilakokake manungsa sayasuwe bisa
dadi tradhisi. Minangka makhluk sing nduweni akal, manungsa bisa nyiptakake
kabudayaan sing beda. Kebudayaan asale saka tembung Sansekerta buddhayah, yaiku bentuk jamak dari buddhi sing nduweni arti “budi” utawa
“akal”. Dadi kabudayaan bisa diartikake “hal-hal sing ana sangkut paute karo
budi lan akal” Koentjaraningrat (1997:9). Saben dhaerah ing Indonesia nduweni
kabudayaan mempunyai sing beda-beda. Sing mbedakake antarane dhaerah siji karo
dhaerah liyane. Bedane kabudayaan
kasebut bisa dadi ciri khusus saka dhaerah sing diwakili. Kabudayaan metu saka
kebiyasaan sing dilakoni masyarakat kanthi turun temurun. Tradhisi Baritan
nganti samenika isih eksis ing desa Asemdoyang. Tradhisi samenika biyasane
dilaksanakake para nelayan ing Desa Asemdoyong saben taun ing wengi Suro sing
dipercaya luwih penting, amarga peristiwa wengi siji suro asring dipercaya
kanthi momen sing sakral. Simbolisme uga akeh ana ing tradhisi utawa adat
istiadat, simbolisme kasebut kentel ing upacara adat sing dadi warisan leluhur
saka generasi tua marang generasi bacute. Saengga ing tradhisi samenika ana uga
simbol-simbol sing diduweni makna sing menarik kanggo dibahas.
RUMUSAN MASALAH
1)
Kados pundi kahanan wilayah lan masyarakat ing desa
Asemdoyong Kabupaten Pemalang ?
2)
Kados pundi latar belakang upacara adat Baritan ing
desa Asemdoyang Kabupaten Pemalang ?
3)
Apa wae faktor sing melatarbelakangi eksistensi tradhisi
Baritan ing desa Asemdoyang Kabupaten Pemalang ?
4)
Kados pundi makna simbolik sing dilaksanakake ing
upacara adat Baritan ing desa Asemdoyang Kabupaten Pemalang ?
LANDASAN
TEORITIS
Upacara adat
baritan yaiku salah siji kabudayaan sing isih dilaksanakake saka generasi tuwa
marang generasi muda ing dhaerah pesisir laut Kabupaten Pemalang, Jawa Tengah, tepate
ing Kongsi Tempat Pelelangan Ikan (TPI) ing Desa Asemdoyong. Tradhisi samenika
dilakokake kanthi cara nglarung ndas kebo ing tengah laut karo pirang-pirang
sesaji sing wis disiapake nelayan Desa Asemdoyong. Tradhisi samenika
dilaksanakaken minangka wujud rasa syukur para nelayang kaliyan Gusti Allah
ingkang sampun maringi rezeki lan kasil nglaut selami setaun. Baritan dipercaya
masyarakat nelayan bisa ngalap keberkahan lan keslametan.
B.
METODE
OBSERVASI
Metode sing digunakake ing
observasi menika yaiku ngangge metode wawancara lan observasi langsung.
Tujuwane kanggo mangerteni kenapa tradhisi kasebut tetep eksis lan isih
dilakokake kanthi turun-temurun nganti samangke. Tata cara ing lelampahan upacara adat sedekah laut (baritan)
ing Desa Asemdoyong yaiku :
1. Panitia
nyediakaken telung sesaji laut utawa ambeng laut sing diselehake ing sajrone
prahu wonten uga ndas kebo, jajanan pasar lan dhaharan sing arep dilarungake ing
tengah laut nggunakake prahu sing wis dihiyas karo bendera, umbul-umbul lan
janur kuning.
2. Sakdurunge
sesajen dilarung ing tengah laut, panitia ngundi prahu kanggo nentokake juru
mudi sing berhak nggawa sesajen ing tengah laut.
3. Undian dilakokake kanthi cara njupuk nomor
urut sesajen sing wis disiapake ing sajrone toples cilik lan ditutup kertas
lajeng diwenehi bolongan cilik kanggo ngetokake lintingan kertas sing ana
tulisan nomor sesaji, bentuke undian samenika mirip karo arisan.
4. Sawise
undian juru mudi lan ABK prahu nggawa sesajen ana ing tengah laut lan diwenehi
kaos Bupati Pemalang H.Junaedi,SH,MM Pemalang, Dandim dan Kapolres Pemalang kanggo
telu wakile ABK.
5. tarian
tradisional slendang pemalang uga tumut ngramekake kegiyatan kasebut. Pelepasan
larung sesaji ditandai nguculake balon dening Bupati Pemalang.
C.
KASIL
LAN PEMBAHASAN
v
KAHANAN
WILAYAH LAN MASYARAKAT ING DESA ASEMDOYONG KABUPATEN PEMALANG
Kahanan Alam
Asemdoyong yaiku
desa sing ana ing Kecamatan Taman, Kabupaten Pemalang, Jawa
Tengah. wilayahe nduweni amba kira-ira 578.356 hektar lan separone (345.826
hektar) awujud sawah. Persawahan kasebut ana ing sisi kidul desa. Ing sisi lor
awujud laut, ing kawasan samenika akeh nelayan omah-omah.
Desa Asemdoyong sing ana ing
wilayahe kurang luwih rong meter saka permukaan laut samenika sisi lor berbatasan karo Laut Jawa; sisi kidul berbatasan karo
Desa Kabunan; sisi kulon berbatasan karo Desa Bungin (dibatasi
oleh sungai Elon).
Kependudukan
Desa Asemdoyong berpenduduk 14.780
jiwa kanthi rincian: 7.541 jiwa kakung lan 7.239 jiwa estri. Kabeh agamane Islam.
Sanajan samenika, tiyang menika nduweni kapercayaan menawi ing panggonan
tertamtu ana “penunggune”. Larangan lan pantangan menawi ana ing laut lan ana
upacara tradhisional Baritan yaiku wujud saka kapercayaan kasebut.
Tingkat pendidikan dening warga
setempat namung tamat Sekolah Dasar (SD). Wonten 21 warga sing tamat akademik lan
18 warga sing nduweni gelar sarjana (S1). Warga ingkang namung tamat SD utawa mboten
tamat SD kantun akeh dados nelayan. Saben ndina warga nyambutdamel dados
nelayan sing dijalani warga Desa
Asemdoyong, wonten panyambut damel sanes kayata Pegawai Negeri Sipil, Tentara
Nasional Indonesia (TNI), Polisi Republik Indonesia (Polri), dagang, tukang,
petani nganti nelayan. Nanging kantun kathah ingkang dados nelayan.
v LATAR BELAKANG UPACARA ADAT BARITAN ING DESA
ASEMDOYONG KABUPATEN PEMALANG
Masyarakat Kabupaten Pemalang yaiku masyarakat
sing saben ndinane dagang lan tani. Dicritakake
ing sawijine dina warga pesisir laut ing kabupaten pemalang kena penyakit. Wabah
kasebut dipercaya hukuman amarga warga ora menehi pakurmatan marang panguwasa
pantai utara sing arane Dewi Lanjar saengga ngadakake ritual sedekah laut sing
dimenehi aran baritan. Nama baritan asale saka tembung mbubarake peri lan setan
(mengusir hantu dan setan). Sawise dianakake ritual baritan kasebut, wabah
penyakit kasebut ilang lan masyarakat dadi tenang.
v
FAKTOR SING
MELATARBELAKANGI EKSISTENSI TRADHISI BARITAN
1.
Faktor psikologi
Faktor psikologi yaiku faktor sing
dominan melatarbelakangi dianakake ritual baritan ing masyarakat Kabupaten
Pemalang. Jarang ana hiburan kuwi sing nggawe alesan para warga kangge
nganakake ritual baritan. Khususe kanggo masyarakat nelayan sing kurang nduweni
hiburan. Saengga tradhisi baritan dadi acarasing dienteni kaliyan masyarakat.
Sanese nglarung sesajen arupa ndas kebo, ing sajrone tradhisi baritan uga
dianakane acara huburan rakyat kayata wayang lan pasar malem serta acara
dangdut.
2.
Faktor kepercayaan
Faktor kepercayaan utawa religi uga
dadi salah sijine faktor sing ndorong eksistensi tradhisi baritan ing di
Kabupaten Pemalang. faktor ini dadi alaesan dasar dilampahi ritual baritan
samenika.
v MAKNA SIMBOLIK SAKA PELAKSANAAN UPACARA ADAT BARITAN
ING DESA ASEMDOYANG KABUPATEN PEMALANG
Makna simbolik upacara adat Baritan ing Desa Asemdoyong yaiku minangka ungkapan
rasa syukur kaliyan Gusti Allah ingkang sampun maringi Desa Asemdoyong
keslamatan lan rejeki sarta terhindar saka alangan lan bencana. Hal kasebut simbol
saka tahapan prosesi upacara serta sesajen lan do’a utawa mantra sing
dibacakan. panggonan pelaksanaan yaiku Tempat Pelelangan Ikan (TPI) nyimbolaken
sakrale acara sing dilaksanakake amarga ing panggonan suci. Tari Slendang
Pemalang nyimbolakan hiburan klangenan masyarakat ing Desa Asemdoyong. Slametan
simbol komunikasi antarane manungsa kaliyan Gusti Allah kangge upaya nggolek
keslametan. Sesajen simbol saka negosiasi spiritual antarane manungsa lan
hal-hal gaib. hal-hal Gaib. Do’a utawa mantra Jawa nyimbolaken harapan doa manungsa
njalani kahuripan supaya olih berkah lan
keselamatan ing dunia lan akhirat. Muatan edukasi sing ana ing prosesi upacara
adat Baritan ing Desa Asemdoyong yaiku kita diajaraken kanggo bersyukur lan
kemutan kaliyan Gusti Allah menawi nggadahi rejeki lan kedhah gotong-royong
karo sesama ing sajarone nglakoni kegiyatan menapa kemawon.
Gambar 1. Sesaji baritan sing arep dilarung ing tengah
laut.
Gambar 2. Suasana pelaksanaan Baritan di TPI
Gambar 2. Swasana pelaksanaan Baritan ing TPI
Gambar 3. Perahu sing arep
di larung ing tengah laut beserta sesajen ing sajrone
D.
PENUTUP
Salah siji tradhisi sing isih dilestarikake masyarakat
pesisir laut Desa Asemdoyong Kabupaten Pemalang. Upacara adat baritan menika
dilaksanakake kanggo nglarung sesajen sing wis disiyapake kanggo wujud rasa
syukur nelayan marang Gusti ing Maha Agung kanthi limpahan rejeki lan hasil
nglaut nelayan setaun. Saka baritan dipercaya masyarakat nelayan bisa olih
keberkahan lan keslametan.
DAFTAR PUSTAKA
Koentjaraningrat.
1997. Kebudayaan, Mentalitas, dan Pembangunan. Jakarta: PT. Gramedia Pustaka
Utama.
0 komentar:
Posting Komentar