Baritan inggih menika upacara sedekah laut ing
Kabupaten Pemalang ingkang dipunwontenaken saben tanggal 1 suro ing desa
Asemdoyong.
Wonten mitos ing jaman kala rumiyin warga pesisir
laut Pemalang kenging musibah penyakit ingkang dipunpercaya menika hukuman
amarga para warga mboten menehi pakurmatan sesaji marang panguwasa pantai
selatan ingkang asmanipun Dewi Lanjar saengga para warga ngawontenaken ritual
sedekah laut ingkang dipunsebat Baritan. Baritan menika asalipun saking tembung
mbubaraken peri lan setan. Saksampunipun nindakaken ritual menika, wabah
penyakit dados ical.
Upacara adat baritan taksih dipunprangguliing ing
Desa Asemdoyong, Kabupaten Pemalang. Upacara baritan utawi biyasanipun dipunwastani
upacara nglarung sirah kebo ing tengah laut dipunlestantunaken secara
tradhisional saking generasi marang generasi bacute. Masyarakat Kabupaten
Pemalang gadhahi keyakinan menawi acara ritual Baritan samenika minangka sarana
komunikasi antawisipun manungsa marang Gusti Allah. Upacara baritan iki
dipunwontenaken kanggo nyuwun palilah kanthi nenuwun marang Gusti Allah dening
tiyang ing kang nindakaken Baritan. Upacara adat Baritan menika dipunwontenake
saben 1 Syuro/ 1 Hijriyah kanthi nglarung hasil bumi, jajanan pasar lan
buah-buahan , mboten namung menika ingkang unik saking upacara adat Baritan
menika namung ing upacara adat Baritan ugi ngawontenaken nglarung sirah lembu
ing tengah laut ngangge prahu ingkang sampun dipunhiyas kaliyan bendera lan umbul-umbul
janur kuning. Sakderengipun acara dipunwiwiti nelayan lan masyarakat dedonga
marang Gusti Allah supados acara upacara Baritan lancar lan mboten wonten
alangan. Saben dipunwontenaken upacara menika warga saking desa sanesipun rawuh
lan kapengen tumut ngramekaken acara menika, nelayan ugi menehi gratisan marang
para pengunjung ingkang kepengen nitih prahu lan mboten mbayar. laminipun
upacara baritan menika sedinten kemawon kangge wujud rasa syukur marang
Gusti Allah ingkang sampun maringi rezeki para nelayan ing Desa
Asemdoyong selami setaun.
0 komentar:
Posting Komentar