Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

About Me

Followers

My Blog List

My Blog List

My Blog List

Snag a button

Senin, 21 Desember 2015

Menak Gandrung

Sarsaban takluk karo Wong Agung
Ing salah sawijining wengi jumat, Wong Agung jagat utawa nama liyane yaiku ambyah, Amir, sing urip ing negara Kaos ngimpi weruh Maryunani sing sakjane putrane lagi adus nang lautan getih. karo rasa wedi lan campur kaget Wong Agung tangi, biyasane mimpine Wong Agung kuwi bakal kedadiyan sing arep kalakon dadi kenyataan, dheweke langsung ngundang Umarmaya lan nyaritakake mimpi mau. Sakwise Umarmaya krungu carita saking Wong Agung, Umarmaya menehi usul maring Wong Agung supaya nyusul putrane mau. Umarmaya langsung nyiapake jaran sing arane sekardiu. Lajeng Wong Agung, Umarmaya lan jarane lunga tanpa nggawa prajurit. Umarmaya mabur ora let suwe wis tekan kota Kaswiri sing rajane arane Sarsaban, nanging dikepung karo wong arab. Wong Agung lan Umarmaya liren ing taman Kaswiri lan mbakar wedhus. Raja Sarsaban sing jengkel ana kukus akeh nang taman banjur ngongkon anake sing arane Danayah Danasah, ora sabar ngenteni suwene anake 2 mau, raja Sarsaban marani gawa gada, lan raja Sarsaban nyoba ngangkat Wong Agung tapi ora kuat, banjur Wong Agung ngangkat  lan Sarsaban diputerna. Ambyah utawa Wong Agung menang banjur raja Sarsaban matur yen Maryunani anake Wong Agung wis mati.
Dewi Sekar Kedaton Bela Pati Putrane
Wong Agung esih ora percaya lan atine esih durung narima putrane wis mati, raja saking Yunan uga ngiringi mayate Maryunani. Wong Agung nahan eluhe supaya ora katon sedhih, nanging asline nang njerone ati rasa nesu ora bisa katulungan. Ing nagari Kaos kabeh warga padha kaget lan ora percaya menawi sang Maryunani wis mati kebunuh. Ing sajrone istana swara tangis gemuruh ora mandek-mandek, Kesuma Sekar Kedaton lan Ni Alujohar sing dadi mantune langsung budhal nyusul menyang nagara Kaswiri. Akeh wong sing dibunuh, kayata: punggawa, satriya lan mantri. Raja Sanjahur gugur digada raja Yunani. Harta benda direbut, wong wadon pada diboyong. Raja Jobin lan Himan minggat menyang Medayin. Ibu Maryunani kaget lan njerit sakwise dipasrahake Ni Kalajohar saking printahe sang Amir. Sang putri ora kuwat  lajeng si anak wadon sing arane Retna Aluljohar nyusul ternyata ibune wis mati, atine sang raja putri bimbang ora karuan. Kusuma sajarah banun teka lan nyampekna karo sang kakungningarat bahwa bahwa putri Mesir wis mangkat. Sang raja Mesir Ora dinyangka Kesuma Sekar Kedaton uga sing dadi wadone Wong Agung mati ing temapate Maryunani amarga kaget lan ora bisa narima. Prabu Sanasir nyusul marang nagari Kaswiri kanggo nemoni puti Muninggar uga Sang Prabu Jaka Kobat Sarehas.
Raden Maryunani lan sang ibu nang siji tempat karo Kalisahak
Para prajurit ngendika marang putri Muninggar kaliyan sang putra supaya aja nang ngisore wit ringin dikira sing ngongkon sang Amir namung saknyatane sing ngongkon prabu saking Kohkarib. Sabab kamatian Maryunani yaiku saking Bibi Dewi Alul Johar utawa Dewi Kalajohar adhine Prabu Jobin. Dewi kalahojar ternyata kuwi duweni rasa katresnan marang Prabu Maryunani. Wong Agung ora karuan nrima cobaan kuwi nganti ngater mayat anak lan wadone pingsan ing dalan, mayat wong 2 mau didadusi lajeng dimlebuni maring keranda. Ora patiya suwe kabeh wis tekan ing nagari Kaos mayate uga arep dikubur nang Mekah, nanging Retna Aluljohar kapengen jenasah raden Maryunani sing dadi lanange lan ibunda sekar kedaton dikuburna ing alas Sahidah, nang tempat kuwi uga Kalisahak dikurna lan supaya bisa dijagi karo Wong Agung sing sakjane wong sing uri ing nagari Kaos. Mayat sang Maryunani dimakamke ing sebelah kanan ngisor makam sang putri kan jaran Kalisahak nang sebelah tengen ngisor. Ing pakuburan sing digawe nganti sawulan batu batane didamel saking batu cendani lan di wenehi ukiran saking emas. Prabu Sanasir saben dina nasehati Wong Agung supaya iklas bisa narima apa sing ditakdirake gusti ingkang maha agung. Telung wulan suwene prabu Sanasir urip nang negara Kaos, prabu Sanasir uga pamit kaliyan Wong Agung menawi akeh urasan sing kudu di urus ing nagara Mesir. Raja Himan utawa Prabu Anom lan Raja Jobin teka ing nagari Madayin. Kabeh wong nang kono nangis diceritakake yen sang ayah diculik lan digawa menyang Ngabesi lan dianiaya karo raja arab sing namane Sadat Kabul Ngamar. Ora pernah diwenehi pangan, awake disiksa diborgol uga ora diwenehi nginuman, raja Himan kapengin nguculake bapake saking raja arab lan njaluk saran marang eyange Betaljemur supaya strategine bisa lolos nylameteke bapane.
Prameswari Medayin njaluk bantuane Wong Agung
Betalmejur wenehi saran supaya ibu paduka dikengken kangge  ngirim surat menyang Wong Agung nanging surate uga kudu ditandatangani ibu paduka prameswari jurujinem, miturut Betalmejur mesthine Wong Agung suayengbumi bakal melas mbantu ngeculake ayah paduka saking raja Ngabesi. Raja Hirman langsung ngendika menyang ibune apa sing disaranake eyang wau ngirim surat menyang Amir, menehi pangerten marang raja Amir ayah ing Ngabesi disiksa oleh Sadat Kabul Ngumar. Sang prameswari anake ana lima, sing 2 wanita arane Muninggar dan Marpinjun, sing 3 liyane Lanang Hurmus, Semakun, Hirman alias Hardiman. Para prajurit ngirim surat mau lan diwenehi menyang Wong Agung suryayeng jagad. Lajeng Wong Agung lunga lan dikancani karo Umarmaya kangge nomoni raja Ngabesi supaya Nursirwan bisa dibebasake.
Wong Agung teka ing Ngabesi kangge njaluk pembebasan bu Nursirwan prabu Medayin
Wong Agung lunga menyang istana lan ngendika karo Muninggar mengko sore arep lunga menyang Ngabesi sing arep dikancani karo Raden Maktal lan Sekar Duwijan. Ora patiya sue Wong Agung lan rombongan tiba ing nagari Sadat Kabul. Rasa percaya diri nggawe Wong Agung siap mlebu istana dhewekan, Maktal dikongkon njagani sekarduwijan lan ora olih pindah tempat sakdurunge dheweke balik menyang tempat kuwi maneh. Wong Agung mlebu istana lan ing sajrone istana kabeh wong turu merga kena sirep, ing pojok remang-remang ana sangkar, ternyata nang njerone ana bapa mertuane  Nursirwan sing dikurung awake mung balung tok. Wong Agung marani lah menehi panganan, bapa kuwi kaget ternyata Wong Agung mono lan ora di nyangka-nyangka.
Wong Agung kecemplung ing sajrone sumur beracun
Prabu ditinggal dhewekan
Prabu Nursirwan kaget lan ora nyangka Wong Agung bisa marani dheweke lan mbantu bisa ngeculake dheweke saking siksaane raja Ngabesi Raja Sadat Kabul Ngumar. Wong Agung nulis surat sing isine njlentrehake Wong Agung mono lan nylametake prabu Medayin. Wong Agung lan prabu Medayin metu saking sangkar lan nemoni prabu Maktal sing wis ngenteni sue karo sekarduwijan, tapi ora dinyangka sekarduwijan lunga karo jarane kanggo luruh rumput, Wong Agung sing ora sabar nyusul sekarduwijan lan nyusuri padang pasir dhewenan, prabu Nursirwan dijagakake karo prabu Maktal, pancen apes kuwi ora ana wong sing ngerti nang gurun mau Wong Agung kepleset mlebu pasir beracun mau lan ora bisa metu. Sesuke raja sadat kadul tangi lan kaget prabu Nursirwan wis ora ana nang sangkar dijupuk karo Wong Agung. Ing nagari Kaos Raden Umarmaya ngimpi Wong Agung kepleset ing pasir lan mlebu nang njerone, perjalan telung wulan raden Umarmaya tekan nagari Ngabesi lan niliki ing pasir mau ternyata pasire esih gerak lan Wong Agung utawa Amir ditolong Umarmaya nganggo serbat, jarene yen toya saking peleburan disingkap maka segeralah sang jayeng murti katon.

Kadarisman, raja putra Ngabesi tutut marang Wong Agung
Prabu jaka kuwi anake raja Ngabesi Sadat Kabul Ngumar. Wong Agung Jayengmurti, Umarmaya lan raden Maktal wong 3 mau perang karo prabu jaka. Prabu jaka sing wis ngerti bapane senenge ingkar janji karo wong liya. Prabu jaka arep dipateni wong 3 mau tapi mohon-mohon aja dipateni lan janji arep dadi wong sing apikan beda karo bapane, prabu jaka lajeng di islamake lan kerajaan Ngabesi diserahake maring Wong Agung Jayengmurti sing wis dadi hake.
Negara Kaos katekanan mungsuh
Negara Ngabesi sing dipimpin karo Sadat Kabul Ngumar arep nglaksanakake perang karo negara Kaos. Negara Kaos katekanan mungsuh saking syahdan raja negara Ngabesi, Sadat Kabul Ngumar wis siap arep ngerahake para prajurit sing akeh, ing medan laga para raja negara kuwi perang nganggo gada lan pedang, nanging ora ana sing menang, akhire raja Medayin sing arane Lumdahur nyiapake wong sing arane Bandarjani pencuri sakti sing asale saka Dara kanggo dadi mata-mata lan nylundup ing nagari Kaos.
Raja kobat sarehas tewas ditipu daya musuh.
Raja enom raja kobat sarehas anake ratna ayu Muninggar dari nagari Kaos mati amarga dipedang karo Bandarjani, Umarmaya sing weruh Bandarjani metu saking kamar tangane akeh getih ditakoni apa sebabe, Bandarjani ngomong ning dheweke wis mateni raja kobat sarehas. Umarmaya jengkel lan ora percaya kabeh wong nang istana pada nangis lan kanggo nebus rasa prihatin mau merga raja kobat mati, Umarmaya menehi saran supaya saben jaran kudu ditugel buntute kanggo ngurmati kematian Raja Kobat Sarehas.
Dewi Muninggar bela putra
Raja muda raja kobat sing dadi anake Wong Agung jayengmurti lan Muninggar mati, nanging Muninggar esih ora percaya lan ora trima menawi kenyataane kaya ngono. Ora sue anake mati Muninggar melu nyusul mati lan Wong Agung tambah sedhih banget.
Wong Agung gandrung
Wong Agung Jayengmurti esih gandrung karo Muninggar nganggep Muninggar esih urip, dheweke sering maring pakuburan Muninggar, kadang Wong Agung pingsan ning sadar Muninggar wis mati.
Dewi Muninggar dimakamkan ing Mekah
Jenasah retna Muninggar dikuburake ing bumi tegal wasitah, cedhak karo Mekah lan Yaman. Wong Agung sing esih gandrung karo Muninggar lan durung bisa nrima, bengi-bengine Wong Agung ngimpi  ketemu karo Dewi Sirtupelaheli saking karsinah beserta putri Kanjun.
Wong Agung mabuk asmara
Wong Agung ora tau gelem mangan. Kabeh wong nasehati Wong Agung supaya bisa nglupakake Muninggar sing wis mati lan ora bisa kembali maneh. Kabeh kuwi wis takdire tuhan sing ora bisa dirubah saking manungsa, lan kudune manungsa iklas nrima takdir mau.
Raja kajun saking nagari parangakik nyerangn nagara Kaos lan perang agung dadi kanyataan

0 komentar:

Posting Komentar