Ana
Resi kang gentur tapane jenenge Resi Gotama, mapan ing Agrastina. Dheweke resi
kang duwe sisihan widodari ayaune pilih tandhing, arane Dewi Windradi. Resi Gotama lan Dewi Windradi
diparingi momongan cacah telu, yaiku Dewi Anjani, Guwarsa lan Guwarsi. Wektu
semana uripe Resi Gotama lan Dewi Windradi tansah ayem lan tentrem.
Kocapa,
Guwarsa lan Guwarsi ngancik diwasa, sowan marang ramane Resi Gotama. Jroning
sowan, ora liya nyuwun priksa marang ramene, mbakyune Dewi Anjani duwe dolanan
Cupu Manik Astagina, bisa kanggo nonton jagad saisine. Resi Gotama kaget
jalaran dheweke ora rumangsa maringi dolanan
marang Anjani. Ora sranta Resi Gotama methuk Dewi Anjani lan takon
kepriye larah-larahe kok entuk cupuk manik kasebut. Dewi Anjani blaka suta yen
sing maringi ora liya ibune dhewe (Dewi Windradi). Kaya ngapa nesune Resi
Gotama, sang Resi ngerti sing duwe Cupu Manik Astagina ora liya mung Bathara
Surya. Ing batin Resi Gotama ngira Dewi Windradi ana sesambungan peteng klayan
Bathara Surya. Pungkasane sang Resi Gotama kanthi kerot, takon marang garwane
babagan Cupu Manik Astagina. Dewi Windradi ditakoni sang Resi mbisu. Sang Resi
nesune ora bisa diampet, pungkasane Dewi Windradi disotake malih dadi watu,
nuli ditendhang tumeka alas Dhandhaka.
Putra-putrine
tetelu nangis bebarengan, padha njalukake pangapura marang ramane. Emane beras
wis dadi bubur, Dewi Windradi kudu nglakoni dosane sang Dewi bisa malih dadi
manungsa maneh, besuk yen ana perang Pendhe Negara Ngalengka. Ora tekan semono
dukane Resi Gotama, nuli Cupu Manik Astagina dibuwang menyang alas, ora dinyana
mlayune cupu nyemplung ing tlaga banyune kinclong-konclong diarani Tlaga
Madirda. Wangune Cupu Manik Astagina dioyak dening Guwarsa lan Guwarsi,nganti
direwangi nyemplung tlaga lan slulup. Bareng nggoleki ora ketemu nuli mentas,
lelorone dadi kethek. Mangkono uga Dewi Anjani teka keri-keri, saking panase
dheweke nyedhaki tlaga, enggal-enggal wisuh lan raup. Kaya ngapa kagete dene
raine lan tangane malih thukul wulune kaya kethek.
Dewi
Anjani ngerti sing lagi perang tandhing adhine dhewe, tumuli dipisah. Bareng
wis padha sadhar lan nglenggana, Dewi Anjani, Guwarsa lan Guwarsi mulih sarta
ngadhep Resi Gutomo, lan ngaturake kaluputane. Sang Resi Gotama paring
wulangan, kang surasane ora becik rebutan dudu darbake, wusana kang dijangka
ora bakal kaleksanan. Guwarsa lan Guwarsi diganti jenenge Sugriwa lan Subali.
Kanggo nebus dosane, anak tetelu mau nindakake tapa. Dhawuhe Anjani tapa
mencolot-mencolot kaya kodhok. Sugriwa tapa nggandhul kaya lawa, dene Subali
tapa ngadeg ngejejer lan sedhakep ing alas Sunyapringga.
0 komentar:
Posting Komentar