Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

About Me

Followers

My Blog List

My Blog List

My Blog List

Snag a button

Senin, 21 Desember 2015

Nulis wacana



Nulis wacana yaiku salah sawijining cara kanggo nglairake kabeh panemu, gagasan, uneg-uneg, utawa amanat kang ana pikiran lan ati. Kanthi nulis bisa nggambarake rasa lan pamikire penulis. Ketrampilan nulis iku sejatine ora angel, amung butuh ketelatenan lan keseriusan. Ngasah ketrampilan nulis padha karo sinau ketrampilan liyane, wiwitane saka sing sederhana tumuju sing rumit. Dene manawa wis dadi panulis top, daya pangaribawane gedhe banget.
          Tema kang dimekarake kanggo nulis wacan iku tebane jembar. Kabeh mau gumantung kreatifitase panulis anggone nalusur ide. Apa wae sing katon ana ing sakiwa-tengene prasasat bisa dimekarake dadi tulisan sing becik. Nanging sabisa-bisa tema ngarang (nulis) mau kudu bisa disambungrapetake marang piwulang pendidikan karakter.
Jenising wacana kuwi ana papt sing dicekak “EDAN,” antarane : (1) wacana eksposisi, (2) wacana deskriptif,(3) wacana argumentatif,(4) wacana naratif.
1.   Wacana eksposisi (nyaritakake proses)
Yaiku, wacana kang mbeberake proses sawijing bab. Dadi ancase kanggo njembarake wawasane sing maca. Isine njlentrehake perangan-perangan kang luwih rinci (detail) nalika nggambarake sawijing bab. Kayata carane gawe souvenir kipas saka kulit, carane gawe topeng, carane nandur bibit jati, lsp.
2.   Wacana deskriptif
Wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijing kahanan (obyek). Obyek mau kaya-kaya ana ngarepe kang maca. Uga diarani ragam wacana kang nggambarake sawijining bab adhedhasar kesan saka pengamatan, pengalaman, utawa perasaan penulis. Kang prelu digatekake kudu bisa gawe imajinasi kanggo wong sing maca supaya bisa ndudut rasa pangrasa.
Tuladha : nggambaraken kaendahan obyek wisata waduk kedungombo (cinta tanah air), nggambarake resiking lingkungan sekolah (peduli lingkungan), lsp.
3.   Wacana argumentasi (panemu)
Yaiku, wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemu wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikersakake panulis. Kanthi argumentasi panulis mbudidaya ngrakit kasunyatan (fakta), kanggo mbuktekake menawa argumentasine bener lan becik.
Tuladha: tulisan kanthi tema bebaya tawuran massal, congkrah kaliyan kanca, kenakalan remaja, lsp.
4.   Wacana naratif
Yaiku, wacana kang mbudidaya nyaritakake kedadeyan (prastawa) kaya-kaya wong sing maca melu nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Tembung liyane, narasi iki nyaritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sawijing wektu. Tuladha tema jujur, religius, toleransi agama, lsp.
Urutane gawe tulisan :
1.   Golek ide kanthi deleng sakiwa tengen
2.   Nemtokake underaning prekara (tema)
3.   Gawe cengkorongan lan nemtokake ukara baku saben paragraf
4.   Mekarake ukara baku mau dadi tulisan kang becik.

0 komentar:

Posting Komentar