Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

About Me

Followers

My Blog List

My Blog List

My Blog List

Snag a button

Kamis, 10 Desember 2015

KAWRUH BUDAYA Njingglengi Jinis Lan Isine Wayang


Wayang miturut bahane utawa mediane bisa diperang dadi papat. Yaiku wayang kulit, wayang golek, lan wayang wong.
1.   Wayang Kulit, yaiku wayang sing dumadi utawa digawe nganggo kulite kebo lan sapi. Wujude kaya sing umum dipirsani kae. Ana wewujudan kaya perangane ragane manungsa lan tangane bisa diobah-obahake. Senine wayang mapan ana ing tangan, yaiku nalika lagi diperangake. Wujude wayang kulit tipis rata, ditatah, lan disunggihi kanthi endah warna-warni nganti kaya-kaya urip.







2.   Wayang Golek, wayang mau digawe saka kayu sing diemba wewujudane manungsa. Wayang Golek umume ana ing tlatah Sunda lan sakiwa tengene. Ing Jawa wayang golek biyen kanggo nyaritakake Lakon Panji ing Majapahit.








3.   Wayang Beber, yaiku wayang sing wujude amung gambar (lukisan) sing disungging ing bakal (kain) putih daw, kulit, utawa kertas. Perangan-perangane carita banjur digambar ing media mau. Banjur Ki Dalang nyaritakake isine adegan sing ana ing lembaran kain mau kanthi gamblang. Saben ganti adegan kain mau bisa digulung banjur diganti gambar liya. Wayang beber ing jaman saiki wis ora ana, ananging koleksine isih akeh ditemokake ing museum, kraton, utawa pengrajin.



4.   Wayang wong, yaiku wayang sing diparangani dening wong sing digarap joged kang luwes lan swara kang becik. Lakone umume ya carita Ramayana lan Mahabarata. Wayang wong nganti saiki isih dilestarikake, kayata ing Surakarta, Semarang, Jakarta, Yogyakarta, lan liya-liyane.




Sawetara kuwi adhedhasar caritane wayang bisa diperang dadi 14 jinis. Yaiku wayang purwa, wayang madya, wayang gedhog, wayang klithik,wayang dupara, wayang kuluk, wayang jawi, wayang golek, wayang dhobel, wayang wahana, wayang suluh, wayang kancil, wayang wahyu, lan wayang pancasila.
1.   Wayang Purwa, yaiku wayang sing ngangkat carita Ramayana lan Mahabarata.
2.   Wayang Gedhog, yaiku wayang sing njupuk lakon epos Panji. Kayata panji Asmarabungan, lsp.
3.   Wayang Klithik utawa wayang Krucil, wayang sing mbeberake Carita Panji utawa Damarwulan.
4.   Wayang Dupara, wayang sing nyaritakake sejarah Kasunanan Surakarta.
5.   Wayang Kuluk, wayang sing nyaritakake sejarah Kasultanan Ngayogyakarta.
6.   Wayang Jawi, wayang sing nyaritakake kisahe Pangeran Diponegoro.
7.   Wayang Wahana, wayang sing nyaritakake lakon saka babad.
8.   Wayang Suluh, wayang sing nggambarake sejarah kontemporer bangsa Indonesia, utamane gregete bangsa Indonesia anggone ngrebut kamardikan saka tangane panjajah Landa apadene Jepang.
9.   Wayang Kancil, wayang sing nyaritakake tokoh-tokoh kewan kanggo pendidikan anak.
10.                Wayang Wahyu, wayang sing nyaritakake kisah-kisah sajrone kitab Injil.
Sanajan akeh cacahe wayang adhedhasar caritane, ananging nganti teka saiki sing paling misuwur yaiki Wayang Purwa. Wayang sing nyaritakake kisah Ramayana lan Mahabarata nganti saprene populer esih digandrungi masyarakat.

0 komentar:

Posting Komentar