Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

About Me

Followers

My Blog List

My Blog List

My Blog List

Snag a button

Minggu, 20 Desember 2015

Jinising Ukara




Ing kalodhangan iki bakal karembug bab ukara, mbokmenawa bakal bisa dienggo ngrancakage gawe ringkesan (bahan mbeberake katrangan ing ngarep umum)
Adhedhasar surasane, ukara kabedakake :
1.   Ukara andharan, yaiku ukara kang surasane nyritakake/ngandharake sawijining bab/prastawa.
Tuladha :
a.   Dhek wingi sore, Simbah rawuh saka Yogya
b.   Pamarentah ngundhahake raga BBM sawetara 30%

2.   Ukara pakon, yaiku ukara kang surasane awujud pakon/prentah supaya nindakake pakaryan kang kasebut ing ukarane mau.
Ukara pakon kaperang maneh dadi :
a.   Pakon lumrah
1)   Jangane tambahana uyah
2)   Tukokna brambang ing warung kana, Le!

b.   Pakon pameling/pamenging
1)   E, aja penekan awan-awan!
2)   Bocah sekolah ora kena ngrokok, ya!

c.    Pakon pangajak
1)   Ayo padha sregep sinau gen pinter!
2)   Sadurunge sinau donga dhisik!

d.   Pakon panantang
1)   Balangen, yen njaluk benjut sirahmu!
2)   Oyaken wong numpak jaran kae yen isa!
3.   Ukara pitakon, yakuwi ukara kang surasane takon marang wong liya.
Ukara pitakon uga bisa kaperang maneh dadi :
a.   Pitakon lumrah
1)   Omahmu ana ing ngendi?
2)   Jenengmu sapa?

b.   Pitakon retoris
1)   Sapa sing gelem mlarat sajege urip?
2)   Apa pantes yen njaluk ngedhrel ngono kuwi?

c.    Pitakon panjaluk
1)   Leren dhisik, ya?
2)   Yen ngalih ka kono piya, nyegati wong liwat?

4.   Ukara sambawa, yakuwi ukara kang suranane awujud pangarep-arep.
Ukara sambawa kaperang dadi:
a.   Sambawa lumrah
·         Muga-muga mbesuk anakku dadi wong gedhe.
·         Mbok udan ya gen pariku ora garing.
b.   Sambawa sanajan
·         Ditangisana nganti entek eluhmu ya dheke ora bakal urip maneh.
·         Dakandhanana ya ora ngerti, wong budheg.
c.    Sambawa saupama
·         Saupama sugih dhuwit, mesthi kowe enggal daklamar.
·         Yen wis duwe wektu aku bakal dolan rana.

5.   Ukara sananta, yakuwi ukara sing surasana niyat, karep, utawa sedya.
Tuladha:
·         Aku arep sregep sinau gen pinter.
·         Suk preinan aku arep dolan neng nggonmu.

0 komentar:

Posting Komentar