Brownis sing lagi tak gawe banjur dakselehake nalika,
pawongan gedhe dhuwur nganggo tas, helm lan jaket kanthi tulisan “TIKI” wis
ngadeg ana ngarep gerbang. Aku jumangkah nyedhaki. Pawongan gedhe dhuwur mau
ngulungake kembang mawar warna abang banjur lunga embuh menyang endi parane .
Aku isih ngadeg ana ngarep gerbang. Kembang mawar kanthi
warna abang sing ana tanganku mung tak sawang-sawang. Dakgatekake. Ing kembang
mawar iki mau ana layang warna jambon jenengku ditulis komplit. Semono uga
alamatku ditulis ora ana sing keleru, amplop dakwalik. Ing sangisore tembung
pengirim ana tulisan :
Diah Syavana.
Diah ? Diah syavana ? kaya
ngapa kagetku bareng mangerti sapa sing nulis layang iku. Aku kaya-kaya ora
percaya menawa bakal nampa kembang lan layang saka dheweke. Awit, sasuwene iki,
dheweke ora nate kirim layang babarpisan. Nanging saiki ngerti-ngerti layange
teka ing pangkonku. Ora sranta. Kagawa saka rasa sing selak kepengin mangerteni
surasaning layang, aku banjur mlayu menyang kamar.
Kembang
mawar dakselehake, amplop dakbuka. Lempitan kertas sing uga warna jambon sing
ana jerone tak jupuk. Dakwaca .
Kanggo
Diah.
Sing
tansah dakkangeni
Tekan ngono anggonku maca
dakpunggel. Tulisan tangane mung sing rong larik iku daksawang tanpa kedhep.
Sing tansah gawe kangen ? aku banget gumun karo tetembungan sing kaya ngono
iku. Kedadak jroning atiku banjur tuwuh pitakonan. Apa aku isih pantes
dikangeni ? sabanjure aku meneng kanggo sawetara karo sedhela-sedhela unjal
ambegan landhung. lan ora let suwe aku banjur nutugake maca maneh.
Diah, apa kowe isih
kelingan lelakon patang taun kepungkur? Dakkira kowe ora bakal nglalekake. Lan
mungguhku dhewe ya ora bisa lali. Isih panggah daksimpen dadi memori. Lelakon
patang taun kepungkur mujudake reroncening crita antarane awake dhewe. Critane
wong lanang lan wadon sing lagi dolanan kembang-kembang asmara. Ya, wektu iki
mujudake dina-dina sing kebak kabungahan lan kabagyan. Nanging, emane, wektu
iki uga mujudake dina surem tumrape awake dhewe. Aku lan kowe kudu pisah,
nalika aku kasmaran karo kenya liyane.
Tekan kono anggonku maca daklereni maneh. Layang banjur tak
seleh ana ing pangkonku. Aku mung bisa meneng lan meneng. Sinambi
sedhela-sedhela maknyut . . .pikiranku dumadakan mabur menyang wektu-wektu
patang taun kepungkur. Wektu sing kebak sejarah tumrape aku lan dheweke.
Wektu patang taun kepungkur mujudake wektu sing ora gampang
daklalekake ngono wae. Ya ing wektu iku aku lan dheweke tansah sesandhingan
reruntungan. Mecaki dina-dina kanthi kebak rasa kabagyan lan katresnan. Ing
wektu iki aku lan dheweke tansah duwe pepenginan kepengin menthik
lintang-rembulan. Utawa kapengen ambyur lan nglangi ing samodra madu sing
ambane tanpa wangenan.
Ing sawijining wektu, yaiku nalika aku lan dheweke kumpul
ing acara reoni SMA. Padha-padha nelakake janji ora bakal pisah.
“sawise
sekolahe rampung awake dhewe njur kepriye ?” kandhane nandes.
“ sing
kepriye apane?” aku malah genti takon.
“Iya
sesambungane antarane awake dhewe iki.”
“biasa ta”
“iya aku ngerti. Nanging sawise aku rampung sekolah rak
kudu kerja dhisik golek gaweyan menyang jakarta”.
“mungguh aku kutha pemalang lan jakarta iku ora adoh.
Cedhak banget. Apa maneh tumrape wong sing kadhung seneng lan tresna. Sepira
jarake kutha ora dadi pepalang. Rak ya ta? La saiki aku sing genti takon, aku
lan kowe kudu kepriye?”
“lho kok malah takon? Rak
ya kudu tenanan ta, ora bakal pisah ngono,”
“sing dakjaluk ya ngono
iku, wis ta. Awake dhewe ora susah sumelang. Pokoke tetep nyawiji, ora bakal
pisah.”
Krungu tembungku sing kaya
ngono iku dheweke banjur mesem, lega. Aku terus dirangkul kenceng lan dijiwit
sarosane. Mesthi wae aku sambat kelaranen , nanging dheweke ora maelu, malah
anggone njiwit dibaleni, aku gemes.
Ing dina-dina iku aku lan dheweke tansah gegandhengan. Ora
nate pisah. Lan ing wektu iku uga dheweke sansaya ngatonake sipat manjane.
Waktu mrambat kanthi cepet. Aku lan dheweke wis kasil lulus
SMA lan dheweke kerja ana ing Rumah makan Padang ing Jakarta. Lan sawijining
dina nalika aku lagi lungguhan ana teras omah, ngerti-ngerti dheweke teka
kanthi polatane peteng. Aku kaget. Sebab ora biasane dheweke teka kanthi
polatan kaya ngono.
“ana apa, mas?” pitakonku sawise dheweke lungguh ing
sisihku. Dheweke mung meneng wae. Tanpa kumecap. Polatane sansaya katon peteng.
Atiku wis krasa ora penak, dheweke saya judes lan ora nate sms aku maneh .
“ yah, wetengku krasa ora kepenak, aku arep maring mburi ndisit”
kandhane iqbal karo nyekel weteng.”
Ora patia suwe dheweke
menyang mburi HPne dheweke ana sing nelpon, aku deg-degan lan sansaya nesu
jebul sing nelpon kuwi wong wadon arane Ratih, atiku sansaya lara merga Ratih
ngakune wis dadi pacare saka rong wulan kepungkur, aku nangis karanta-rata”.
Iqbal sing nembe metu saka
WC kaget lan takon maring aku, kenapa kowe nangis yah? Ana apa jan-jane nganti
nangismu kamisesegen kaya ngono”.
Saiki dhewek pisah aku ora
arep ganggu uripmu maneh karo Ratih pacarmu, atiku lara. wis suwe, aku ngarep-ngarep
kowe, kowe sing wis takpercaya, kowe sing wis takkarepake dadi calon bojoku,
tapi jebul kowe malah ngiyanati aku!!!! aku lara!!!. lunga kowe bal!!!! aku wis
ora pengin ketemu kowe maneh.” Aku langsung mlebu kamar”.
Layang sing kawit mau ana
ing pangkonku alon-alon dakangkat, dakwaca maneh.
Diah,
senajan anggonku milih wong wadon sakpenake dhewe. Aku nyesel banget mbiyen
ninggalake kowe.
Anggonku maca dakpunggel
maneh. Dumadakan jroning atiku bisa ngrasakake seneng nyipati kabare dheweke.
Terus tulisane sing kari
sethithik banjur dakwaca maneh, Dakrampungke.
Diah, kowe aja kaget. Ing wektu –wektu
iki aku banget rumangsa kasepen. Atiku lara lan njarem. Senajan wis dakcoba
dakkipatake adoh meksa ora bisa.
Diah, sepisan maneh aja kaget. Saiki
aku urip ijen. Awit limang sasi kepungkur bojoku selingkuh karo kancaku dhewe
lan dakpegat. Aku ora ngerti karo kanyataan sing ana iki. Geneya Ratih tega
tumindak kaya ngono?
Diah, senajan kepriyea wae aku wis
nrima marang pandoming urip. Mbokmenawa iki wis dadi garising uripku. Aku mung
njaluk karo kowe, dongakna wae supaya aku bisa lumaku kanthi jejeg.
Geneya lelakon uripmu dadi
kaya ngono mas ? Aku bisa ngrasakake sepira sedhihe atimu lan gedhening
panandhangmu. Lan njenggirat! Aku banjur ngadeg lan layang sing ana tanganku
banjur daksimpen primpen. Nalika aku krungu klakson lan gerenge mobil sing
mlebu menyang plataran omah. Sing ana njero mobil iku ora liya kang mas Ozak
bojoku, sing bubar balik saka kantor lan ngaterna brownis sing tak edol ing
kedai mall matahari .
*Cuthel*
0 komentar:
Posting Komentar