Basa
kang dirakit kanthi nggatekake endahing sastra kanggo nambahi nges-e(endahe)
basa. Sakliyane kanggo ing pasrawungan, basa endah umume uga digunakake kanggo
basa ing pedhalangan, pambiwara ing pahargyan manten, kethoprak, drama jawa, geguritan,
lsp.
Tuladha
:
1.
Prekara kuwi aku ora weruh kenthang
kimpule, mula yen ana bot repote sangganen dhewe.
(prakara
kuwi aku ora ngerti apa-apa, temahane tanggungen dhewe)
2.
Wiwit cilik uripku tansah katula-tula
katali
(wiwit
isih cilik, aku tansah ngalami ora kepenak, kerep nemu cilaka)
3.
Sadulure disebratake, jare dadiya suket
emoh nyenggut, dadia godhong emoh nyuwek, dadia banyu emoh nyawuk.
(saking
nesune/emosi nganti sedulure dhewe ora diaku maneh)
4.
Anggone memitran katon sayuk rukun,
prasasat ora tau benggang sanyari.
(anggone
kekancan katon rukun banget, kaya-kaya ora kena pisah)
5.
Ana surabaya aku ora weruh lor-kidul, mula
aku ora krasan.
(ana
surabaya aku ora weruh ngendi-endi)
6.
Ora ana udan, ora ana barat, ngerti-ngerti
bapak kok duka dadakan
(ora
ana sabab apa-apa, ujug-ujug bapak kok banjur duka)
7.
Wadinen sing primpen, suket, godhong, kayu,
watu aja ana sing krungu, ngemungna aku lan kowe.
(simpenen
ing primpen, aja ana sapa-sapa sing ngerti marang wadi iki)
8.
Aja ngendel-ngendelake endahing rupa lan sugihe
bandha, awit karo-karone bisa sima sakedhap netra.
(aja
njagakaken baguse rupa, sugihen bandha, loro-lorone bisa ilang sanalika)
9.
Guru punika kedah gadhah awatak maklum,
momot, lan mengku.
(guru
punika kedah gadhah manah sabar lan ageng pangapunten)
10.
Saiki bapak wis sepuh, mungguhe srengenge
wis adoh saka pletheke, cedhak marang surupe.
(saiki
bapak wis tuwa wis mungkur marang sakabehe)
0 komentar:
Posting Komentar