Senin, 10 April 2017
Selasa, 12 Januari 2016
Geguritan
3.
Kanca
sejati
Angin kang sumilir magawe asreping atiku
Sunare cahya kang dadi gawe semangatku
Dina iki dina minggu
Bocah pada tangi esuk mbiyantu bapak ibu
Mlakuku anuju sawijining umah
Wit-witan gedhe kang jinejer ana ing pinggir dalan
Ademe anyese magawe mlakuku ora krasa adohe..
Sri..
Sri.. tak celuki jenengmu
Mangendi toh kowe cah...
Omahmu sepi nyenyet..
Namung ana wong tuwa ijen kang njaga omahmu..
Aku kangen kowe sri
Kowe kancaku awit bayi abang branang
Wis 2 minggu kita ora kepethuk
Kowe kanca sejatiku
Namung kowe saiki nang ndi sri
Aku kapengen kowe ngrungokna curhatku
Aku kapengen kowe dolan bareng karo aku
Aku kangen kowe sri....!
4.
Mahasiswi
Awakmu apik
Klambimu gaya terbaru
Sandhalmu high hill
Rupamu ayu kaya widadari
Nanging dudu iku sing dikarepake wong tuwamu
Golekna ilmu
Golekna pengalaman
Golekna kemandirian
Kanggo bekalmu mbesuk nduk
Kowe tak kuliyahake dudu kanggo pamer awak
Kowe tak kuliyahake kanggo masa depanmu
Kanggo uripmu mbesuk
Supaya kowe dadi wong sing berilmu nduk....
5.
Sang
putra
Srengenge wus katon aslup
Angin sing magawe anyeping ati
Manuk wus pada miber nggoleki susuhe
Prau-prau pating krampul ora mingset saka papane
Nyai-nyai jambul wanen
Awak wungkuk mawa teken
Yuswa sansaya senja
Namung taksih kebak pangarep-arep
Yen sang putra bisa menyang gubug lan ngrawat
dheweke
Geguritan
3.
Nasibe
godhong garing
Langit katon mabyar
Srengenge kang nyinari tansaya gawe endahe sore
kuwi
Wit-wit kang
padha beksan kesenggol angin sore
Godhong ijem, godhong jene tiba saka puciking
carang wit asem
carang sing ringkih
carang sing gedhe
carang sing kuwat, kabeh bisa magawe godhong tiba
Godhong.....
tibamu ora ketata
Senggol satitik lemes lan niba
Tibamu ora bisa kowe karepake
Ana ing sawah
Ana ing siti
Ana ing watu
Godhong ijem
Godhong jene
angin kang sumilir dadi saksine
4.
Indonesiaku
Jaman tansaya edan
Bocah cilik
Wong nom
Wong tuwa
Tansaya kegawa arus globalisasi
Jarene indonesia kuwi makmur
Jarene indonesia kuwi subur
Jarene indonesia kuwi jaya
Jarene indonesia kuwi tanah surga
Nanging ya kenapa ta?
Rakyat isih padha mlarat
Kabeh padha kesrakat
Mangan isih padha kekurangan
Bahan bakar larang
Bahan pangan mundhak
Kiye tah sing diarani tanah surga indonesia?
5.
Jakarta
Gedung sing duwure nganti langit
Kukus pabrik sing kumebul
Magawe ibukotane tambah ruwed
Kebakaran
Kebanjiran
Kemacetan
Saben dina
Saben taun
Mesthi ana
Manungsa wus tansah ora preduli marang lingkungan
Mbuwang sampah ana ing kali
Tambah magawe rusake keindahan kota iki
Geguritan
1. Sanga
September sasi kaping sanga
Wayahe wayah apa
Banyu ing sumur asat
Sabin padha garing
Nek awan rasane benter banget
Kringet padha mili
Silire angin ora bisa ko rasake...
Udan...
Kapan mudhune?
Kabeh wong pangarep-arep bisa olih banyu
Mugi-mugi Allah tansah maringi
Amin..
toya
Milining toya ing samudra
Hanggawe biruning angkasa
Endahing damelan Gusti
Manungsa
sapantuk nugrahaning Hyang widhi
Lintang
kang nambah endahing alam
Suryane
padhang gumebyar
Langit
sing katon peteng ndedhet
Wus
ganti cerahing angkasa
Angin arupa kesetyan Gusti
marang kita
Toyaning samudra dadi panguripan
Prau sing pating krampul dadi mencar ana ing
tengah samudra
Nelayan kang golek rizki
Saged bungah lan ngucap syukur marang Hyang widhi
Ulam kejaring tan saya kebak prahune
Bungah bungah lan bungah sliramu
Mugi Gusti tansah maringi kanugrahan marang kita
sedaya
3.
Desaku
kang Asri
Wit pelem alemba-lemba ing pinggir tambak
Sawah sing ijo royo-royo
magawe mripat seger
Kembang mlathi sing ambune arum
Iki lah desaku
Desa sing subur
Desa sing makmur
Desa sing ayem
Desa sing tentrem
Kabeh wong pada sregep golek rizki
Ana ing sabin
Ana ing ladang
Ana ing tambak
Sandhang pangan kacukupan
Tangga teparo tepang sedaya
Ora kaya wong kutha
Sing uripe mung individual ora kenal liyan
Kabeh-kabeh serba mewah, tela godhog ora doyan
Miris sanget marang gayanipun
Senin, 21 Desember 2015
Menak Gandrung
Sarsaban takluk karo Wong Agung
Ing
salah sawijining wengi jumat, Wong Agung jagat utawa nama liyane yaiku ambyah, Amir,
sing urip ing negara Kaos ngimpi weruh Maryunani sing sakjane putrane lagi adus
nang lautan getih. karo rasa wedi lan campur kaget Wong Agung tangi, biyasane
mimpine Wong Agung kuwi bakal kedadiyan sing arep kalakon dadi kenyataan,
dheweke langsung ngundang Umarmaya lan nyaritakake mimpi mau. Sakwise Umarmaya
krungu carita saking Wong Agung, Umarmaya menehi usul maring Wong Agung supaya
nyusul putrane mau. Umarmaya langsung nyiapake jaran sing arane sekardiu.
Lajeng Wong Agung, Umarmaya lan jarane lunga tanpa nggawa prajurit. Umarmaya
mabur ora let suwe wis tekan kota Kaswiri sing rajane arane Sarsaban, nanging
dikepung karo wong arab. Wong Agung lan Umarmaya liren ing taman Kaswiri lan
mbakar wedhus. Raja Sarsaban sing jengkel ana kukus akeh nang taman banjur
ngongkon anake sing arane Danayah Danasah, ora sabar ngenteni suwene anake 2
mau, raja Sarsaban marani gawa gada, lan raja Sarsaban nyoba ngangkat Wong
Agung tapi ora kuat, banjur Wong Agung ngangkat
lan Sarsaban diputerna. Ambyah utawa Wong Agung menang banjur raja Sarsaban
matur yen Maryunani anake Wong Agung wis mati.
Dewi Sekar Kedaton Bela Pati
Putrane
Wong
Agung esih ora percaya lan atine esih durung narima putrane wis mati, raja
saking Yunan uga ngiringi mayate Maryunani. Wong Agung nahan eluhe supaya ora
katon sedhih, nanging asline nang njerone ati rasa nesu ora bisa katulungan.
Ing nagari Kaos kabeh warga padha kaget lan ora percaya menawi sang Maryunani
wis mati kebunuh. Ing sajrone istana swara tangis gemuruh ora mandek-mandek, Kesuma
Sekar Kedaton lan Ni Alujohar sing dadi mantune langsung budhal nyusul menyang
nagara Kaswiri. Akeh wong sing dibunuh, kayata: punggawa, satriya lan mantri.
Raja Sanjahur gugur digada raja Yunani. Harta benda direbut, wong wadon pada
diboyong. Raja Jobin lan Himan minggat menyang Medayin. Ibu Maryunani kaget lan
njerit sakwise dipasrahake Ni Kalajohar saking printahe sang Amir. Sang putri
ora kuwat lajeng si anak wadon sing
arane Retna Aluljohar nyusul ternyata ibune wis mati, atine sang raja putri
bimbang ora karuan. Kusuma sajarah banun teka lan nyampekna karo sang
kakungningarat bahwa bahwa putri Mesir wis mangkat. Sang raja Mesir Ora
dinyangka Kesuma Sekar Kedaton uga sing dadi wadone Wong Agung mati ing
temapate Maryunani amarga kaget lan ora bisa narima. Prabu Sanasir nyusul
marang nagari Kaswiri kanggo nemoni puti Muninggar uga Sang Prabu Jaka Kobat
Sarehas.
Raden Maryunani lan sang ibu nang
siji tempat karo Kalisahak
Para
prajurit ngendika marang putri Muninggar kaliyan sang putra supaya aja nang
ngisore wit ringin dikira sing ngongkon sang Amir namung saknyatane sing
ngongkon prabu saking Kohkarib. Sabab kamatian Maryunani yaiku saking Bibi Dewi
Alul Johar utawa Dewi Kalajohar adhine Prabu Jobin. Dewi kalahojar ternyata kuwi
duweni rasa katresnan marang Prabu Maryunani. Wong Agung ora karuan nrima
cobaan kuwi nganti ngater mayat anak lan wadone pingsan ing dalan, mayat wong 2
mau didadusi lajeng dimlebuni maring keranda. Ora patiya suwe kabeh wis tekan
ing nagari Kaos mayate uga arep dikubur nang Mekah, nanging Retna Aluljohar kapengen
jenasah raden Maryunani sing dadi lanange lan ibunda sekar kedaton dikuburna
ing alas Sahidah, nang tempat kuwi uga Kalisahak dikurna lan supaya bisa dijagi
karo Wong Agung sing sakjane wong sing uri ing nagari Kaos. Mayat sang Maryunani
dimakamke ing sebelah kanan ngisor makam sang putri kan jaran Kalisahak nang
sebelah tengen ngisor. Ing pakuburan sing digawe nganti sawulan batu batane
didamel saking batu cendani lan di wenehi ukiran saking emas. Prabu Sanasir
saben dina nasehati Wong Agung supaya iklas bisa narima apa sing ditakdirake
gusti ingkang maha agung. Telung wulan suwene prabu Sanasir urip nang negara Kaos,
prabu Sanasir uga pamit kaliyan Wong Agung menawi akeh urasan sing kudu di urus
ing nagara Mesir. Raja Himan utawa Prabu Anom lan Raja Jobin teka ing nagari Madayin.
Kabeh wong nang kono nangis diceritakake yen sang ayah diculik lan digawa
menyang Ngabesi lan dianiaya karo raja arab sing namane Sadat Kabul Ngamar. Ora
pernah diwenehi pangan, awake disiksa diborgol uga ora diwenehi nginuman, raja Himan
kapengin nguculake bapake saking raja arab lan njaluk saran marang eyange Betaljemur
supaya strategine bisa lolos nylameteke bapane.
Prameswari Medayin njaluk bantuane Wong
Agung
Betalmejur
wenehi saran supaya ibu paduka dikengken kangge
ngirim surat menyang Wong Agung nanging surate uga kudu ditandatangani
ibu paduka prameswari jurujinem, miturut Betalmejur mesthine Wong Agung
suayengbumi bakal melas mbantu ngeculake ayah paduka saking raja Ngabesi. Raja
Hirman langsung ngendika menyang ibune apa sing disaranake eyang wau ngirim
surat menyang Amir, menehi pangerten marang raja Amir ayah ing Ngabesi disiksa
oleh Sadat Kabul Ngumar. Sang prameswari anake ana lima, sing 2 wanita arane Muninggar
dan Marpinjun, sing 3 liyane Lanang Hurmus, Semakun, Hirman alias Hardiman.
Para prajurit ngirim surat mau lan diwenehi menyang Wong Agung suryayeng jagad.
Lajeng Wong Agung lunga lan dikancani karo Umarmaya kangge nomoni raja Ngabesi
supaya Nursirwan bisa dibebasake.
Wong Agung teka ing Ngabesi kangge
njaluk pembebasan bu Nursirwan prabu Medayin
Wong
Agung lunga menyang istana lan ngendika karo Muninggar mengko sore arep lunga
menyang Ngabesi sing arep dikancani karo Raden Maktal lan Sekar Duwijan. Ora
patiya sue Wong Agung lan rombongan tiba ing nagari Sadat Kabul. Rasa percaya
diri nggawe Wong Agung siap mlebu istana dhewekan, Maktal dikongkon njagani
sekarduwijan lan ora olih pindah tempat sakdurunge dheweke balik menyang tempat
kuwi maneh. Wong Agung mlebu istana lan ing sajrone istana kabeh wong turu
merga kena sirep, ing pojok remang-remang ana sangkar, ternyata nang njerone
ana bapa mertuane Nursirwan sing
dikurung awake mung balung tok. Wong Agung marani lah menehi panganan, bapa
kuwi kaget ternyata Wong Agung mono lan ora di nyangka-nyangka.
Wong Agung kecemplung ing sajrone
sumur beracun
Prabu
ditinggal dhewekan
Prabu
Nursirwan kaget lan ora nyangka Wong Agung bisa marani dheweke lan mbantu bisa ngeculake
dheweke saking siksaane raja Ngabesi Raja Sadat Kabul Ngumar. Wong Agung nulis
surat sing isine njlentrehake Wong Agung mono lan nylametake prabu Medayin. Wong
Agung lan prabu Medayin metu saking sangkar lan nemoni prabu Maktal sing wis
ngenteni sue karo sekarduwijan, tapi ora dinyangka sekarduwijan lunga karo
jarane kanggo luruh rumput, Wong Agung sing ora sabar nyusul sekarduwijan lan
nyusuri padang pasir dhewenan, prabu Nursirwan dijagakake karo prabu Maktal,
pancen apes kuwi ora ana wong sing ngerti nang gurun mau Wong Agung kepleset
mlebu pasir beracun mau lan ora bisa metu. Sesuke raja sadat kadul tangi lan
kaget prabu Nursirwan wis ora ana nang sangkar dijupuk karo Wong Agung. Ing nagari
Kaos Raden Umarmaya ngimpi Wong Agung kepleset ing pasir lan mlebu nang
njerone, perjalan telung wulan raden Umarmaya tekan nagari Ngabesi lan niliki
ing pasir mau ternyata pasire esih gerak lan Wong Agung utawa Amir ditolong Umarmaya
nganggo serbat, jarene yen toya saking peleburan disingkap maka segeralah sang
jayeng murti katon.
Kadarisman, raja putra Ngabesi tutut
marang Wong Agung
Prabu
jaka kuwi anake raja Ngabesi Sadat Kabul Ngumar. Wong Agung Jayengmurti, Umarmaya
lan raden Maktal wong 3 mau perang karo prabu jaka. Prabu jaka sing wis ngerti
bapane senenge ingkar janji karo wong liya. Prabu jaka arep dipateni wong 3 mau
tapi mohon-mohon aja dipateni lan janji arep dadi wong sing apikan beda karo
bapane, prabu jaka lajeng di islamake lan kerajaan Ngabesi diserahake maring Wong
Agung Jayengmurti sing wis dadi hake.
Negara Kaos katekanan mungsuh
Negara
Ngabesi sing dipimpin karo Sadat Kabul Ngumar arep nglaksanakake perang karo negara
Kaos. Negara Kaos katekanan mungsuh saking syahdan raja negara Ngabesi, Sadat
Kabul Ngumar wis siap arep ngerahake para prajurit sing akeh, ing medan laga
para raja negara kuwi perang nganggo gada lan pedang, nanging ora ana sing
menang, akhire raja Medayin sing arane Lumdahur nyiapake wong sing arane
Bandarjani pencuri sakti sing asale saka Dara kanggo dadi mata-mata lan nylundup
ing nagari Kaos.
Raja kobat sarehas tewas ditipu
daya musuh.
Raja
enom raja kobat sarehas anake ratna ayu Muninggar dari nagari Kaos mati amarga
dipedang karo Bandarjani, Umarmaya sing weruh Bandarjani metu saking kamar
tangane akeh getih ditakoni apa sebabe, Bandarjani ngomong ning dheweke wis
mateni raja kobat sarehas. Umarmaya jengkel lan ora percaya kabeh wong nang
istana pada nangis lan kanggo nebus rasa prihatin mau merga raja kobat mati, Umarmaya
menehi saran supaya saben jaran kudu ditugel buntute kanggo ngurmati kematian Raja
Kobat Sarehas.
Dewi Muninggar bela putra
Raja
muda raja kobat sing dadi anake Wong Agung jayengmurti lan Muninggar mati,
nanging Muninggar esih ora percaya lan ora trima menawi kenyataane kaya ngono.
Ora sue anake mati Muninggar melu nyusul mati lan Wong Agung tambah sedhih
banget.
Wong Agung gandrung
Wong
Agung Jayengmurti esih gandrung karo Muninggar nganggep Muninggar esih urip,
dheweke sering maring pakuburan Muninggar, kadang Wong Agung pingsan ning sadar
Muninggar wis mati.
Dewi Muninggar dimakamkan ing Mekah
Jenasah
retna Muninggar dikuburake ing bumi tegal wasitah, cedhak karo Mekah lan Yaman.
Wong Agung sing esih gandrung karo Muninggar lan durung bisa nrima,
bengi-bengine Wong Agung ngimpi ketemu karo
Dewi Sirtupelaheli saking karsinah beserta putri Kanjun.
Wong Agung mabuk asmara
Wong
Agung ora tau gelem mangan. Kabeh wong nasehati Wong Agung supaya bisa
nglupakake Muninggar sing wis mati lan ora bisa kembali maneh. Kabeh kuwi wis
takdire tuhan sing ora bisa dirubah saking manungsa, lan kudune manungsa iklas
nrima takdir mau.
Raja
kajun saking nagari parangakik nyerangn nagara Kaos lan perang agung dadi
kanyataan
Langganan:
Postingan (Atom)