ARJUNA
KRAMA
KI
ENTHUS SUSMONO
DISK
1
Ing
nagari Klidhang Langit Prabu bramongkara nduweni kapenginan kangge dhaup karo
putri dwarawati sing arane dewi rara ireng lan njaluk saran maring togog
kaliyan bilung kepiye carane supaya prabu bromangkara bisa dhaup kaliyan dewi
rara ireng.
1.
Prabu Bromangkara : “Jagad Dewa Bathara jagad pangestungkara, Togog.."
2.
Togog :
“Nuwun wonten dhawuh tinimbalan sinuwun Prabu Bromangkara.”
3.
Prabu Bromangkara : “Lan kowe Bilung.”
4.
Bilung :
“ Wonten dhawuh bos.”
5.
Prabu Bromangkara : “Kowe arep tak jak rasan-rasan ya gog.. negara Klidhang
Langit sing tak tunggoni iki rumangsaku sepi mamring tanpa wibawa, karana kowe
ngerti dhewe andhahanku, utawa para panekar senopati mungguhing para wong-wong
ingkang nduweni kawuh kang nyekel panguwasa, kabeh babar blas meh marata ora
nduweni wibawa, mergane ora ana pengaruhe antarane sing dipimpin klawan sing
mimpin gog..mula aku kapengin njangkepi sarat sarana dadi ratu kareben wibawa,
aku kapengin dhaup klawan putri Dwarawati putrane Prabu Basudewa, kira-kira
kepiye?
6.
Togog :
“Woh..wonten jagad niku sampun dipun wenangaken jodho talimangsa.”
7.
Prabu Bromangkara : “Jodho talimangsa?.”
8.
Togog :
“Nggeh.”
9.
Prabu Bromangkara : “Tegese piye gog?.”
10.
Togog :
“Jodho talimangsa menika yen bambang entuk endang satriya niku dhaupe
kaliyan putri buta karo buta kewan karo kewan, kula sawang sampeyan niku
sipate buta, napa saged mbojo kaliyan putri saking Dwarawati nggih menikapun
Dewi Rara Ireng.
11.
Prabu Bromangkara : “Iya, nanging manungsa kuwi wajib mbudhidaya gog, sapa
wonge kang gelem mbudhidaya mesthi bakal katekan kang dadi sediyane.”
12.
Bilung :
“Anu..nu..u’un sewu bos..kula ajeng matur wonten ngarsa, ajeng ngandika.”
13.
Prabu Bromangkara : “Inggih, piye Bilung?.”
14.
Bilung :
“Menawi sampeyan niku ajeng nglamar kaliyan Dewi Rara Ireng miturut kula kok
mboten badhe kelakon.”
15.
Prabu Bromangkara : “Apa sababe?.”
16.
Bilung :
“Wis genah nek Dewi Rara Ireng niku wonge ayu, sampeyan wonge niku monster
medeni mboten ajeng bisa.”
17.
Prabu Bromangkara : “Loh kowe ngepal kang dadi kasektenku aku iki sugih,
aku iki nduweni wibawa, aku nduweni panguwasa.”
18.
Bilung :
“Lare estri sakniki niku angel, wonten ingkang dipun senengi direktur jebulane
digeratisi karo tukang kabel, niku nggih kathah, pramila menurut hemat kula
sampeyan saged dhaup kaliyan Dewi Rara Ireng ning carane mboten dipunlamar.”
19.
Prabu Bromangkara : “Carane piye?.”
20.
Bilung :
“Dicolong mawon.”
21.
Prabu Bromangkara : “Dicolong?.”
22.
Bilung :
“Nggeh mangke kula tuduhake dalan sing dumugi negari Dwarawati.”
23.
Prabu Bromangkara : “Piye Togog?
24.
Togog :
“Woooohh.. menawi sampeyan ajeng nyolong kaliyan putri Dwarawati. Dwarawati
niku ratune jenenge Kresna, nika ratu wis ngerti sakdurunge dumadi sampeyan
nembe krenteg mawon mrika pun krasa.
25.
Prabu Bromangkara : “Piye Bilung?.”
26.
Bilung :
“Sing namine njangkepi tujuwan nika aja nganti disanguni nganggo ragu-ragu,
kudu optimis, sampeyan kudu budhal saiki.”
27.
Prabu Bromangkara : “Oh ngono.”
28.
Bilung :“Mang
limbang-limbang pemanggih kula kaliyan pamanggihipun Togog cabi kaya ngapa?.”
Cumangkang
ngro sesumbar lindhu bumi gonjang-ganjing meludhuk guntur kedhuk lumembak kang
jalani widhi....
29.
Prabu Bromangkara : “Hyang kala ludra mas patih praja dewaku.”
30.
Prabu Bromangkara : “Togog?.”
31.
Togog :
“Kula wonten dhawuh.”
32.
Prabu Bromangkara : “Bilung?.”
33.
Bilung :
“Nuwun boss.”
34.
Prabu Bromangkara : “Tak pikir-pikir bener saranmu lung, aku kalamon
nglamar tangeh lamun bisane ketampa, nglewati aturan pirang-pirang, tak tampa
panemu lung, aku bisa dhaup karo Dewi Rara Ireng saka Dwarawati waton tak
colong calon mantene.”
35.
Bilung :
“Totoan kang.”
36.
Togog :
“Totoan priye?.”
37.
Bilung :
“Calone mengko kelakon dhaup apa ora karo Rara Ireng.”
38.
Togog :
“Kowe pintermen le, nggawe jugangan kanggo kuburan Gustimu.”
39.
Bilung :
“Dikandhani ora kena ora sadhar diri.”
40.
Togog :
“Duduhke dalan nyang Dwarawati.”
41.
Bilung :
“Kowe keri nang kene aku wes tak melu
karo sinuwun, wun aja ditinggal wun.”
42.
Togog :
“Kowe mabura lung.”
43.
Bilung :
“Ora nduwe wulu.”
44.
Togog :
“Wulumu akeh ngono kok, apa kowe lali tak ajari supaya kowe bisa mabur.”
45.
Bilung :
“Beres kang.”
Ing
nagari dwarawati Prabu Kresna karawuhan
Prabu Baladewa, Sangkuni, Begawan Durna, lan Setyaki. Prabu
Baladewa dadi utusan panglamare
Burisrawa putrane Brabu Salya saka Mandaraka. Dheweke arep nglamar Dewi Rara
Ireng.
Minangka pambukaning konthon inggih
nagari dwarawati o.. sang prabu kresna inggih rajane..panampi rawuhing hira
ingkang raka narendra ing dwarawati..tepang ya kang raka narendra mandura miwah
patih arya sengkuni,sarimbit lan pandhita durna. Sigra atemtampu marang baya
wigatine eling.....
Pawingnya sinawung o.... sasat
sekar sinuji o... hyang prameswari hong hyang nira prameswari... yuwono...
mretmalange lan sang prabu sri bathara Kresna.... ing negri darawati nampi
rawuhing sang prabu Baladewa. He..... he.... o....ing pung..
46.
Baladewa :
“Yayi prabu sri Bathara Kresna. Pun kakang wis bisa ngarani kalamun praptanipun
kakang bebarengan klawan Pendhita Durna lan Patih Sengkuni, aning madynaning
negara Dwarawati satemah ndadekake kaget rasaning atimu, angka sepisan amarga
praptanipun kakang aning nagara Dwarawati jeneng saknalika utawa ndadak tanpa
nganggo pakabaran luwih dhisik. Di agung pangaksamamu yayi.”
47.
Kresna :
“Kawula nun inggih kanjeng Koko Prabu, dereng ngantos ingkang rayi matur sampun
karumiyinan anggen Paduka munandika, boten namung prapta Paduka kula ngaturaken
kasugengan kanjeng Koko Prabu.”
48.
Baladewa :
“Ya, wis tak tampa panembramamu yayi, praptanipun kakang kalih ngrubeda
manggihing kahyangan, heh Setyaki, padha raharja Setyaki.
49.
Sengkuni :
“Kula nuwun inggih kanjeng Koko Prabu, awit saking berkah pangestu saking
Paduka raharja, kawontenan menika, sumangga ming pangabekti kula mewantu-wantu
mugi konjuk wonten saandhaping papada Paduka kanjeng Koko Prabu.”
50.
Baladewa :
“Weh lah dalah tak tampa yayi.”
51.
Kresna :
“Bapa panemban Durna sami wilujeng prapta Paduka wonten ing madyaning negari Dwarawati.”
52.
Durna :
“A..Lole lole sinuwun inggih, sampun kadhar katendha. Kalinggga murda paringsih
panembrama ingkang remen dhumateng pun bapa ing sokalima, lampat kula slamet
mboten manggih ing alang-alang mboten manggih ing alangan. Kula ngaturaken
kasugengan mugi konjuk wonten ngarsa Paduka, dhuh sinuwun sang Prabu Kresna.”
53.
Kresna :
“Inggih sampun kula tampi paman patih sengkuni sami raharja lampak Paduka
paman.”
54.
Sengkuni :
“Inggih, entuk berkah pangestu Paduka sinuwun raharja lampah kula kalih sing
rubeda. Kula ngaturaken kasugengan mugi katampiya sinuwun.”
55.
Kresna :
“Inggih kula tampi, wangsul dhumateng jeng ngandika kanjeng Koko Prabu, baya
wonten wigatos ingkang kados ta pundi dene Paduka kanjeng kaka prabu ketawis
lan kawis tingal sumengko pangawak bojo anggenipun marawuh ingkang rayi
nyadhong menapa ingkang dados daruranipun Paduka rawuh wonten ing madyaning
negara Dwarawati kanjeng Koko Prabu.”
Sorote pandang sumuluh, amadangi
jro pasareyan i..ing..wuh
56.
Sengkuni :
“Yayi prabu kadangipun kakang, praptanipun kakang aning madyaning praja
Dwarawati blakothang terus terang bakal nakokake, adhimu ya adhiku si Dewi Rara
Ireng, magepokan klawan sejarah mbiyen Rara Ireng kuwi melu menyang Mendura
dherek marangpun kakang suwe suwening suwe si Rara Ireng ora betah melupun
kakang jaluk melu sliramu yayi, babagan perkara ora cocoke si Rara Ireng
karopun kakang ora mathuke si Rara Ireng karopun kakang ya mbokmenawa pun
kakang iki banget-banget anggone kawatir, banget-banget anggone tresna marang
si Rara Ireng, supaya aja ngantipun kakang duwe adhi wadon siji uripe
kesurang-surang, uripe sengsara, si adhi wis nggenah dadi ratu Dwarawati pun
kakang ora ketang cilik-cilik dadi ratu ing tanah Mandura. Umpamane ditampa
dening si Rara Ireng, luwih seneng melu kakange Kresna ketimbang kakange
Baladewa. Jarene Baladewa ki galak, Baladewa ki kasar, kabeh mau ora bakal tak
leboke ning ati, nanging sing perlu tak takokake ngene yayi umure si Rara Ireng
saiki wis ndungkap 19 taun, taun ngarep wis ambal warsa utawa ulang taun
ingkang kaping 20, mbesuk kalamon adhimu si Rara Ireng ana ingkang bakal mengku
garwa tegese suwe suwening suwe Rara Ireng mesthi bakal ketemu jodhone pun
kakang melu takon jajal kaya ngapa apa miturutmu ukuran kanggo gawe yayi Kresna
mbesuk kepengen duweni adhi ipe ingkang kepiye?.”
57.
Kresna :
“Koko Prabu tiyang jejodhohan menika rumiyin kaliyan samangke menika benten.
Menawi rumiyin jaman kina utawi jaman kuna, kuna menika saking tembung aku
durung ana menawi jaman kuna menika, jodho menika dipunpadosaken tiyang sepuh
gelem ora gelem anak kudu anut tuwuh. Anak menika kedah nurut dhumateng
dhawuhipun tiyang sepuh ibaratipun gudel kedah nurut kaliyan kebo, nanging
menawi jaman samangke Koko Prabu jejodhohan menika boten saged dipun peksa
jaman sangsaya maju jejodhohan menika ingkang milih inggih milih calon
pangantenipun piyambak wondene tiyang sepuh menika namung ngestreni namung
ngrestoni.”
58.
Baladewa :
“Ya tak tampa aturmu kang kaya mangkana, yayi sakdurungepun kakang iki mengko
matur apa perluku teka mrene lan ndadak nganthi Pendhita Durna lan Patih
Sengkuni, ki ngene miturut pamawasmu ingkang ketunggon saben ndinane karo
adhiku si Dewi Rara Ireng, si Rara Ireng iki wis ana pacangane apa durung
tegese Rara Ireng kuwi wis duwe pacar apa durung.”
59.
Kresna :
“Koko Prabu babagan menika kula boten ngertos, nanging menawi dipun tingali
saking glagat saksaben dintenipun ring Paduka adhi kula pun Rara Ireng , menika
sampun caket sanget kaliyan Arjuna inggih permadi, wiwit nalikanipun Paduka
kaliyan kula taksih timur ngantos samangke sampun gadhah umur wiwit rumangkang
ngantos samangke sampun sami cerapan, Paduka mesthinipun sampun saged nampi
glagat lan tandha-tandha kalamon Rara Ireng samangke sampun cedhak kaliyanpun
Arjuna.”
60.
Baladewa :
“Iya bener yayi, ning sing jenenge cedhak kuwi durung tentu dadi jodho, sanajan
toh nang endi-endi diterke, nang nggon facebook statese wis tunangan, fotone
wae wis rerangkulan diton-tonke nanggon umum kamongko nglamar wae durung bocah
saiki wis kaya ngono kuwi, GR bangetlah tak sawang durung diapak-apake kok wis
tutut kaya ngono nang ndi-ndi ndi wae lah dlah, aja maning nang Banyuwangi ora
diterna, metu o sakjabane bumi paribasane nggon planet merkurius bakal diterke
nganggo pesawat capung gunung. Mula, aja banget-banget kowe nduweni kesimpulan
kalamon Si Dewi Rara Ireng mesthi dadi jodhone si Harjuna sebab jodho kuwi ana
pirang-pirang perkara, Setyaki rungokna iki.”
61.
Sengkuni :
“Kula nuwun inggih.”
62.
Baladewa :
“Bapa Durna.”
63.
Durna :
“Kula wonten dhawuh sinuwun.”
64.
Baladewa :
“Jodho menika wonten pinten?.”
65.
Durna :
“Enaah, jodho menika kathah, nggih nuwun sewu sinuwun mboten kula menika ngoyak
ngasemi kula megunteni dhumateng Paduka.”
66.
Baladewa :
“Megunteni kuwi apa?.”
67.
Durna :
“Megunten kuwi tata krama basa inggile maguru, kuwi megunten.”
68.
Baladewa :
“Aku kok durung tau krungu.”
69.
Durna :
“Iki sastra anyar mula kowe kudu sekolah.”
70.
Baladewa :
“O..ngono dadi meguru kuwi krama inggile megunten, lah krama tengahane?.”
71.
Durna :
“Megusret.”
72.
Sengkuni :
“Hehee..Kaya ngono kok dadi professor e lah dalah prof. Dr. Durna, prof. H. Dr.
Durna kamangka aku iki gela banget Durna kok munggah kaji, Durna kok duwe gelar
haji, kamangka asline Durna kuwi hajingan.”
73.
Durna :
“Menengo cangkemu, jodho menika satunggal wonten dipun wastani. Ah mangerep wae
ben rada penak sinuwun kula aturi mundur sawetawis supados blokingipun sakeca.”
74.
Baladewa :
“Yoyoyo welah dalah Durna ngerti bloking barang.”
75.
Durna :
“Nggih..o inggih.”
76.
Kresna :
“Kados pundi prof?.”
77.
Durna :
“Nah..menawi manggil kula menika prof, provinsi. Jodho menika wonten ingkang
dipunwastani jodho banyu.”
78.
Kresna :
“Jodho banyu menika menapa?.”
79.
Durna :
“Jodho banyu menika nikah taun iki, taun ngajeng pegatan. Lah menika jodho
banyu. Menika jodhonipun tiyang-tiyang ingkang klambrangan parawisata
darmawisata. Contonipun jodhone wong asing karo wong bali lah menika menawi
sampun cukup menapa ingkang dapuk dados sedyanipun dados pariwisata lan
darmawisata cekap. Lajeng dipun cerai ngaten menika jodho banyu keli dhumateng
waktu. Angka ingkang kaping kalihpun menika jodho geni.”
80.
Kresna :
“Apa Setyaki?.”
81.
Setyaki :
“Menika penonton ingkang ngajeng ngadeg ngaling-alingi sing teng mburi. Ujarku
wong nembe jejer ora usah ndadak apa mengko nek wis perangan ngana lang.”
82.
Kresna :
“Kaya peranganmu apik-apika.”
83.
Setyaki :
“La dalah pripun, kula niku ning perangan kalah karo arek-arek emoh kula.”
84.
Kresna :
“Jodho menapa wau?.”
85.
Durna :
“Jodho geni.”
86.
Kresna :
“Jodho geni menika??.”
87.
Durna :
“Panas hawanipun. Wonten rejeki panas boten entuk rejeki langkung panas, niku
biyasanipun weton menawi weton kaneman menika jodhonipun panas umpamanipun
jaleripun selasa bojone wetone minggu nah menika tiba kaneman, selasa, rabu,
kamis, jumat, sabtu, minggu lah nika tiba enem sakala mangsanipun menika tiba
enem menika menawi gongipun boten enten radi kirang sae. Jodho geni menika
jodho ingkang kirang sae, amargi ana rejeki mesthi bakal padu ana rejeki mesthi
ribut menika jodho geni.”
88.
Kresna :
“Lajeng menapa malih?.”
89.
Durna :
“Jodho angin.”
90.
Kresna :
“Jodho angin menika ingkang kados pundi?.”
91.
Durna :
“Jodho angin menika ingkang sipatipun sawetara sanget, ukuranipun short time
utawi long time lah niku ukuranipun namung sekedhap.”
92.
Kresna :
“Sekedhap kados pundi?.”
93.
Durna :
“Seneng karo wong wedok dijak mlebu. Terus eeee.. terus dibayar lah menika
namanipun jodho angin.”
94.
Sengkuni :
“Hehehe.”
95.
Durna :
“Menika jodho angin jodho ingkang namung sekedhap. Contonipun yang-yangan
wonten ing salekta 2 hari lah menika tiketipun ingkang bekta ingkang bedhug.
Lah menika namanipun jodho angin ngaten. Wondene anglampahi menapa mbotenipun
ingkang ngertos namung malaikat kaliyan dirinipun piyambak niku jodho.”
96.
Kresna :
“Oh inggih.”
97.
Baladewa :
“Sampun bapa kula aturi lenggah wonten pengker malih.”
98.
Durna :
“Ngestuaken dhawuh, wedange sengkuni.”
99.
Sengkuni :
“Oh.. beres..beres tenang.”
100. Baladewa :
“Yayi, apa kang ingkang dadi keterangane bapa Durna satemene tak tumpangi
nganggo apa ta sababe denepun kakang rawuh aning ngabyan caramu yayi tak aturi
midhangetke yayi.”
Wekwek wiranggan ingkang permara
kumarabi gentar-gentir dening banyu masilir maruta.o..linukip sang sekar
garudha..linukip sang sekar garudha..linukip sang sekar garudha.
101. Baladewa :
“Yayi abot-abotepun kakang dijaluki tulung klawan yayi Prabu Duryudana Narendra
ing negara Ngastina, saya maneh abot rasanipun kakang dupi mertuaku rama prabu
salya uga anum pangkarep si Burisrawa adhiku putrane kanjeng rama Prabu Salya
kowe ngerti.”
102. Kresna : “Inggih kula nate tepang Koko
Prabu.”
103. Baladewa :
“Yo kuwi gandrung-gandrung yen awan ora bisa nedha yen bengi angel turune, kaya
kena sindrom. Yayi, Rara Ireng tak jaluk tak jodhokake karo si Burisrawa
babagan apa-apa mengko ketemu buri. Tak jaluk dina iki si rasydi ingkang minangka
dipercayasi Rara Ireng supaya bisa
nduweni hak wali. Sanajan toh. Sanajan toh hak wali tumrape si Rara
Ireng ora mung si adhi dhewe. Pun kakang ugi nduweni hak kanggo gawe ningkahake
si Dewi Rara Ireng nanging luwih prayoga sapa baya ingkang tak jaluki pasetujon
ning ora si rasayadi gelem ora gelem umpanepun kakang diarani meksa ya kena
Rara Ireng kudu dhaup karo si Burisrawa adhiku ipe.
104. Kresna : “Hyang sukma dini luwih kaya ngono panjenegan ingsun
tafakur puja brata kononjuk wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumados
105. Baladewa :
“Piye yayi.”
106. Kresna : “Koko Prabu jejodhohan ingkang
dipunpekso mangke manapa mboten badhe ngawatosaken wonten tembe wingkingipu
yayi.”
107. Baladewa :
“Miturut dhawuhing agama sing jenenge wong tuwa kuwi nduweni hak meksa menyang
anak kang jenenge wali mujbir. Wali
mubjir paham.”
108. Kresna : “Ingkang tegesipun?.”
109. Baladewa :
“Hak lan wewenange wong tuwa kanggo gawe nemtoake kowe jodhone karo sapa. Kowe
jodhone karo sapa aning sajroning agama kuwi ditentuake.”
110. Kresna : “Koko Prabu, menawi miturut
pamanggih kula menika babagan ingkang pineksa menika mboten sae, wonten
samukawis menapa kemawon menawi dipun peksa menika dadosipun boten sae. Sabab
dedhaupipun Dewi Rara Ireng tumrap kula menika boten namung jejodhohan tata
lair nanging jejodhohan tata batin. Kula menika sanget ngarep-arep dhumateng
keturunanipun yayi Dewi Rara Ireng mbenjang saged dados keturunan ingkang sae.
Sabab menapa Koko Prabu badhe nukulaken generasi ingkang sae menika dipun
wiwiti saking wijil bakal sapa ingkang bakal nurunake wijil lan sapa ingkang
bakal nurunake generasi wonten ing bangsa niki. Conto saksampunipun dedhaupan
saksampunipun dedhaupan salah satunggaling pria menika netesaken wijil
dhumateng wanita mrika dipun tonton, priya iku nek le golek pangan. Sabab
menapa wijil utawi kama utawi sperma menika dipun damel saking dedhaharan utawi
dipun damel saking bahan mangan, bahan pakan, bahan ingkang dipun tedha saben
dinten-dintenipun, contone ngaten tiyang tani rumiyin menika anake apik-apike
sebabe napa wong tanine nyambut gawene
wekel, kedah dipun taliti pramila kula sanget ngatos-atos bojone si Rara Ireng
mengko metu saka ngendi sebab menawa wong lanang bapake ki nyambut gawene reget
senengane ora seneng milih dalan kang bener nyabet mrana nyabet mrene dadiya
pejabat kuwi nglakoni sandhung rawud wal-wal kedhuwal ora watu, ora aspal, ora
ula, ora kadhal, ora kasur , ora bantal janji kena diuntal jarene halal. Menika
la Koko Prabu aja dupeh nonton sugih. Sugihe kuwi saka ngendi ngaten, sabab
jaman rumiyen kaliyan jaman samangke menika benten.”
111. Baladewa :
“Yayi, kowe ki arep nyengsarakake adhimu apa piye? Nek cara aku Rara Ireng kuwi
kudu entuk paling ora-orane kuwi calon ratu. Saiki aku wis ngerti arah
tujuanmu. Kowe arep jodhohke Rara Ireng karo si Harjuna.”
112. Kresna : “Kula menika mboten jodhohaken Rara Ireng kaliyanpun
Harjuna, nanging kula badhe pitaken kaliyan Paduka menawipun Burisrawa
jaminanpun menapa?.”
113. Baladewa : “Jaminane aku, Burisrawa kuwi
anake wong sugih calon ratu, besuk umpamane kanjeng rama prabu salya seda sing
arep genteni dadi ratu kuwi si Burisrawa. Umpamane si Harjuna kuwi anake wong
mlarat bapake wis seda, saiki wae klendhang klaweran melune mbahe ya kuwi ana
ing pertapaan saptaarga ora duwe banda ora dewe apa arep dipakani apa Rara
Ireng!.”
114. Kresna : “Hehehe.”
115. Baladewa : “La ko gumuyu.”
116. Kresna : “La menika Koko Prabu,
bentenipun Paduka kaliyan kula menika ngaten. Samangke Burisrawa menika lair
wis sugih esih cilik wis sugih apa-apa ana pramila besuk yen dadi pejabat kuwi
susah sethithik mesthi warwed ora ngerti kuwi dhuwite rakyat ora ngerti kuwi
kang kudu dibagi karo rakyat gandheng wis malela nyengel ana ngarepe bisa
dipangan ya dipangan bisa ditelep ya ditilep bisa dikorupsi ya dikorupsi.
benten kaliyan pun Harjuna. Harjuna menika menawi wonten ngriki, menika paino
niki la mbiyen nelayan mlarate ora umum wiwit saka cilik dadi sedhengan dadi
iki mrambat karir mrambat apa wae pramila umpamane dadi wong sugih ki ya krasa kepiye sengsarane
wong mlarat mulane bareng wis sugih ora eman-eman ngeculake duniane kanggo
fakir miskin. Ora eman-eman ngetokake donyane kanggo gawe tangga teparo.”
DISK 2
117. Kresna : “Dadi wong sugeh ki ya krasa
kepiye sengsarane wong mlarat, mulane barang wis sugih ora eman-eman ngeculke
donyane kanggo gawe fakir miskin. Ora eman-eman ngetokake donyane kanggo gawe
tangga teparo menika sampun teruji.”
118. Setyaki : “Wah sesuk mesthi tambahe ki mesthi, masuk.
Winginane ngenyang iki mesthi ora ngenyang iki diwaneni apa penjaluke
119. Kresna : “Setyaki menenga wae. manungsa
kok senengane njalak njaluk, isin aku. Nak entuk tambahan aku dikei.”
120. Setyaki :
“Alaaah alah ....”
121. Kresna :
“Koko prabu sumangga Koko prabu dedhaupanipun Dewi Rara Ireng menika sampun
dipun anggep wes nikah titik amargi generasi-generasi ingkang badhe dumugi
mangke ingkang badhe nyanggah Negara Kesatuan Republik niki mangkeh ingkang
paling kedah dipun pikiri lan kedah dipun siapaken wiwit samangkeh.”
Lha umpamanipun generasi-generasi
saikiki mentale-mental tempe.”
122. Baladewa : “Kangge napa”
123. Kresna :
“Pramila kula menika paling cocok, yen toh pemimpin niki diserahake bali karo
militer, sabab militer menika tiyangipun militan ora ingah ingih. Sampeyan
ngertos anggota dewan perwakilan wayang. Cobi, sareng dipun tinggal TNI kaliyan
POLRI samangke amburadul, wakil-wakil rakyat ndaftar dadi petinju anyaran. Lagi
ngrembug perkara-perkarane rakyat, lagi ngrembug perkara negara, kolu-kolune
ditinggal turu ditinggal micek. Kaya ngono kok ngaku tokoh politik, niku sanes
tokoh politik ning bajingan politik. Menapa badhe nukulaken generasi-generasi
ingkang mekaten.”
124. Baladewa
: “Kowe nyurigai Burisrawa yen
Burisrawa kuwi calon koruptor.”
125. Kresna :
“Loh sinten ingkang nyebut Burisrawa, sinten ? Kula aturi menggalih.”
126. Durna :
“Nuwun sewu, menawi saget kula ndherek intruksi sekedhik, ngeten.”
127. Kresna :
“Wonten menapa Bapa Durna”
128. Durna :“Anu,
jejodhohan menika adhedhasar weton nuwun pangapunten Dewi Rara Ireng menika
wetonipun menapa?”
129. Kresna :
“Setyaki ladenana.”
130. Setyaki :
“Oke bos... apa?”
131. Durna :
“Aku moh karo kowe.”
132. Setyaki :
“Wong nyatane aku diperintah kon ngladheni kowe. Perkara perwetonan ki aku
ahline, Rara Ireng kuwi wetone kemis.”
133. Durna :
“Arjuna?”
134. Setyaki :
“Selasa”
135. Durna
:
“Nah, mati nom kuwi jejodhohane mati nom, kamis kuwi jodone karo minggu, la
sing wetone minggu Burisrawa.”
136. Setyaki : “Kuwi perkara apa?”
137. Durna :
“Perkara jejodhohan.”
138. Setyaki :
“Umpamane selasa ketemune karo kamis.”
139. Durna :
”Mati nom rejekine seret.”
140. Setyaki :
“Keleru.”
141. Durna :
“Sababe.”
142.
Setyaki :
“Pak Harto karo Bu Tin kae wetone selasa karo kemis ning nyatane dadi presiden
nganthi 32 tahun pesugihane pirang-pirang, cangkeme bosok kowe ki. Ning donya
ki ora mesthi sing jenenge jejodhohan gumanthung manungsane. Yen jejodhohan
kuwi pancen wis dhasar watak mangertia Durna kowe kuwi kyai ning kyai genthong
ngumes. Gusthi Allah aning surat Ar Rad yen ra kleru ayate 39 kuwi nyebutake.”
“Allah bakal ngubah keputusane, gawe keputusan anyar gumanthung ikhtiaring
manungsane.”
143. Durna :
“Budidhayane manungsa ora bakal ngungkuli purbaning kawasa.”
144. Setyaki :
“Bener ning bab endi?”
145. Durna :
“Ning babagan samukawis.”
146. Setyaki :
“Ora iso, ana ayat kang nyebutake Allah ora bakal ngrubah nasibe manungsa, yen
ora manungsane dhewe ingkang ngrubah. Nyatane apa, Paino biyen nelayan saiki
dadi jutawan. Paham ora? Ora usah ndadak adol ilmu aning negara Dwarawati, ngko
tak kepruk ndasmu pecah.”
147. Durna :
“Kowe wani karo ulama, aku iki kyai. Paham porak?”
148. Setyaki :
“Aku tak takon karo kowe, sekolahe kyai neng ndi? Kenapa ndadak ana gelar
kyai?”
149. Sengkuni :
“Wes pakne Durna, mundur mundur he mundur. Kecekel karo setyaki ho rompal , wus
wus.”
150. Setyaki :
“Jendral Sengkuni tak aturi meneng.”
151. Sengkuni
: “Oh nggeh pak kopral.”
152. Setyaki : “Ayo aku tak takon, sing jenenge
kyai, kya kuwi lumaku, i kuwi banyu. Lakuning kyai kudu kaya banyu kabeh butuh
banyu, wong nggarap sawah nukulke wineh butuh banyu, wong medang butuh banyu,
wong adus butuh banyu, wong masak butuh banyu, wong gawe anak butuh banyu,
bubar gawe anak butuh banyu.”
153. Durna : “Kramas.”
154. Setyaki :
“Hayoo.”
155. Durna :
“Kramas.”
156. Setyaki :
“Kudune sing jenenge kyai kuwi bisa madhangake jagad. Saiki aku takon apa ana
kyai- kyai sing kaya mbiyen. Kyai biyen kyai-kyai desa mulang turutan mulang
alip alipan ora tau njaluk bayaran. Honore mung urunan kemisan, kuwi wae nak
kemise udan jemuahe kyaine ora ngliwet, apa ana saiki kaya ngono kuwi. Gusthi
kang akarya jagad kuwi nduweni sifat loro. Siji sifat qadha lorone sifat
qodhar. Sifat qadha kuwi tegese ingkang mok aturake budidayane manungsa ora
bakal ngubah-ngubah marang purbaning kawasa kuwi diwatesi sak durunge
manungsane ikhtiar. Contone bayi umur petang sasi ditulis aning laiful mahfud
dening malaikat Jibril. Kowe umure semene, jodhone nanggon iki, mbesuk matine
kowe mergane iki, uwis dicatet. Nanging keputusane gusthi ngakarya jagad
ingkang jeneng qadhar bakal dirubah cocok karo ayat ingkang munine mau aning
surat Ar Rad bukaken kitabe. Kowe ki kyai ning kyaimu kanggo gawe topeng,
jabane kyai jerone iblis.”
157. Sengkuni :
“Pas pas persis cocok kuwi.”
158. Durna :
“Kowe ki menenga asu, kepruk ndhasmu kowe ki jane bebalaku po balane kono.”
159. Sengkuni :
“Balane enthus.”
160. Durna :
“Asu tenanan rumangsane, kene lagi diserang kok malah mureh gencet lho.”
161. Sengkuni :
“Hehe.”
162. Durna :
“Ngguyu!”
163. Setyaki :
“Kowe tak kandani Durna ora usah ngompor ngompori. Ora usah adol umuk aning
negara Dwarawati. Aku tak takon karo kowe, sing paling abot dadi pendhita, sing
paling abot dadi kyai, sing paling abot dadi ulama dudu gelare, dudu jenenge,
dudu ilmune, dudu pesugihane. “liyabb luwakum ayyukum ahsanu ‘amala” Sing
penting kuwi amal perbuatane, Harjosari kuthane sing dadi kenyataane ora sah
kakeyan cangkem. Rakyat wie bosen ngrungokke pidato, rakyat wis bosen
ngrungokke janji-janjine ulama, rakyat wis bosen krungu janji-janjine pejabat,
rakyat wis bosen ngrungokke janji-janjine tokoh politik sing isine mung loro,
janji karo ngapusi. Kowe krungu kowe weruh matamu ora picek Durna. Weruh
perbuatan kaya ngono kenang apa sing dadi ulama kuwi mung meneng. Kowe wis tau
disumbang pondok pesantrenmu saengga kowe cangkemmu diblangkep. Oh Durna Durna
mula rusak ing agama rusak ing bangsa sing pertama kuwi saka alimun fajir.”
164. Durna :
“Alimun fajir iki apa?”
165. Sengkuni :
“Haduh kyai orak ngerti piye, haduh mati apes-apes kyai karbitan wis kaya ngono
kuwi Durna Durna.”
166. Setyaki :
“Alimun fajir kuwi nek cara kene ulama ning watake kaya begenggek, ulama ning
watake kaya lonthe watake lacur ngedol agama, lo kowe manungsa sing kaya kuwi.
Ulama kuwi ana telu, siji kang sing disebut ulama kidhang.”
167. Durna :
“Ulama kidhang kuwi apa?”
168. Setyaki :
“Ulama sing plempatan turut partai, biyen melu partai kae Mbasa wis ora
menghasilkan pindhah partai liyane, sawise ning partai liyane ora menghasilkan
pindhah maneh aning partai liyane. Sing angka lorone kyai kodhok. Kyai kodhok
kuwi tegese kyai sing senenge mung donga terus, ora tau nyambut gawe. Yen dikai
pegawean males senengane mung donga
kamangka sing jenenge donga kuwi sing paling apik nek dongakake wong kuwi ning
ngarepane nang buri. nanging nak ngileke wong kudu aning ngarepe. Kamangka
gom-gomane kuwi kyai-kyai Ngestina kuwi ora, nek dongake ning ngarepane pejabat
karep ben apa? Karep ben diwenehi sumbngan pesantrene, kemangka dhuwite kuwi
ora ngerti kuwi dhuwit apa.”
169. Durna :
“Sing penting sumbangan dhuwite sing endi ora bakal weruh, sing penting
sumbangan ditampa.”
170. Setyaki :
“Kuwi jenenge kyai wal wal keduwal. Ora ngerti barang kang haq lan barang kang
halal. Ora ngerti dununge “walaatalbisul haq bil batili wataq tumul haq
wa’antum taklamun. Ngerti pora?”
171. Durna :
“Pangestune ora.”
172. Sengkuni :
“Aduh piye piye, setyaki malah apal dalil jare kyai Durna malah ora. Haduh
haduh mundur om mundur, haduh iki ngko iso pecah ndasmu iki mengko, haduh haduh
gawa jagung mung diwirang-wirangake.”
173. Setyaki :
“Nyuwun pangapunten Koko Prabu, nyuwun pangapunten. Miturutku perkara keluwarga
karep ben dirembug keluwarga dhewe. Sebab kyai kang sing paling apik yo kuwi
kang angka telu, kang sinebut kyai keong. Keong blekicot kae wis mati keonge,
nanging cangkange isih urip, wis mati kyaine nanging thukulan ilmune isih
manfaat kanggo wong liya. Mula tak itung nganti telu ora gelem mundur nang
mburine Koko Prabu Baladewa, apa kelakon tungkak iki ngramasi ndasmu Durna.
174. Durna :
“Nurut, malah kaya buah catur.”
175. Sengkuni
: ”Haduh Durna kowe mau
mangkate ki sarapan apa Durna.”
176. Durna
: “Kakean lopster aku, ora kulina heh
mangan lopster loro. Nyawang sindhenku kaya arep nyaut-nyauta, candrane kaya
wong mendem aku.”
177. Kresna :
“Mundur setyaki.”
Sikrabala kang tumingel perang
campo samnya medali ler kadet wileding gada dayanggung manggung jade...menjang
hyang haji mijel
kandheg buntu amargi pating carowe
ingkang ora nduweni perkara pada melu cawe-cawe. Pitakonanipun sang Prabu
Baladewa kandeg. Pamanggihipun Sri Prabu Bathara kresna ingkang sanget minulya
ugi kandeg. Amarengi buntoning lelakon tan kang nyono-nyono saking jawining
pangurakan lumebet wonten ing paseban, tilas prameswari nagari Ngastina.
Garwanipun mendiang Prabu Pandhu Dewayana nun inggih, Dewi Kunthi talibranta,
repepeh-repepeh. Anggonipun lumampah lon-lonan sumunar cahyane senajan sampun
sepuh, nanging dipun nugrahani kaliyan gusthi ingkang ngakarya jagad
Durgayuswa. Sumarak sowan merpeking ingkang putra sang Prabu Kresna.
178. Dewi
Kunthi : “Anakku ngger Kresna,
aku ingkang teka ya Kresna.”
179. Kresna
: “Bibi suwawi kula aturi pinarak lenggah lumebet Dewi Kunthi.”
180. Dewi
Kunthi : “Iya iya Kresna.”
Sorote padhang sumuluh amadhangi jroning
pasareyan...
181. Kresna :
“Sarawujengandika Dewi Kunthi, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi
konjuk wonten sandhaping pepada padhuka.
182. Dewi
Kunthi : “Ya ya Kresna, kowe wis tak
tampa gawe gedhening atiku Kresna, kowe ngaturake pangabekti, ora lewat
pangestuku tampanana, ya ngger.”
183. Kresna :
“Gurawalan awit saking anggen kula ngundhi paring pangestu saking jalandhika
kanjeng Dewi Kunthi. Lumeber wonten ing kawibawan kula.”
184. Setyaki :
“Bibi, kula ngaturaken sungkeming pangabekti bibi, mugi konjuk.”
185. Dewi
Kunthi : “Setyaki wis tak tampa.”
186. Kresna :
”Koko Prabu Baladewa mboten mbagekaken dhumateng karawuhipun Dewi Kunthi
Kunthi.”
187. Baladewa
: “Ya, wis padha karo kowe lah.”
188. Sengkuni :
“Dewi Kunthi talibranta wis tuwo ning iseh ayu ya.”
189. Durna :
“Kowe ki nek mripate nek ndhelok karo wong wedok kok.”
190. Sengkuni :
“Aku ki jan jane jatuh cinta karo Kunthi awet nom mula, nanging ora tau
kelakon, jer gagal terus. Ya wis mbesok mbok menawa ora kelakon ning dunya,
kelakon ning akhirate.”
191. Durna :
“Akhirate ora iso, wong Dewi Kunthi mlebu ning Suwarga kowe ning Neraka kok.”
192. Sengkuni :
“Dewi Kunthi ning Suwarga rak suwi-suwi arep masak mesthi butuh korek kanggo
nggawe ngurupke kompor mesthi, nyang aku nyilih korek nggo ngurupke kompor, aku
dilarak seka Neraka nyang Suwarga.”
193. Sengakuni : “Mung mungah tok, tendhang maneh
mlebu nang Nerka Jahanam paling ngisor.”
194. Dewi
Kunthi : “Aja kaget ya ngger,
tekanipun Dewi Kunthi aning madyaning negara Dwarawati, sing gedhe pangapuramu
sak temene aku babar pisan ora wani wania ngger. Teka aning negara Dwarawati negara gedhe ratune titising Sanghyang Bethara
Wisnu. Jladhak-jladhak Kunthi ingkang namung titah sawantah wani nemuni Ratu
Dwarawati ingkang gung pinenara.”
195. Kresna :
“Bibi-bibi sampun ngendhika ingkang kados mekaten menawi Dewi Kunthi menika
mboten jabel, pangandhika padhuka badhe kaluntha luntha lampahing Prabu Kresna
bibi woten wigatos punapa bibi.”
196. Dewi
Kunthi : “Kresna, aku ditangisi karo
adhimu si Arjuna anggone kepingin dhedhaupan kelawan Rara Ireng adhimu.
Prasetyane si Arjuna anakku gelem mengku garwa nanging kudu karo Dewi Rara Dewi
Ireng, kamangka kowe ngerti dhewe Arjuna kuwi anake wong randha bapake wis
seda, saiki uripe melu simbahe ana ing pertapan saptaarga wani nglamar adhine
ratu gedhe. Abot-abote aku iki wong tuwo kudu tanggung jawab marang nasibing
putra, gelem ora gelem senajan ta abot kaya watu. Tak seret tak remuk watu mau
aku ora nduweni rasa tak tutupi ora tedheng aling aling lan ora aling alingi
tedheng mpun bibi arep netepake
lamaran mbiyen wis ora sah ndadak mitung apa-apa Kresna. Kira-kira entuk apa
ora lan mbesok kapan dhedhaupe Arjuna karo si Rara Ireng adhimu kuluk.”
Kabyak
risang kaberangu rinangkul kanempet-kempet tusaratnaning bawana yaki tukang
walangadek ho...yaki tukang kudu kering yaki tukang nene...
197. Baladewa
: “Kepareng matur bibi Kunthi,
kula ingkang putra pun Baladewa.”
198. Dewi
Kunthi : “Baladewa, pun Dewi Kunthi
durung rampung anggone matur nang ngarasane adhimu.”
199. Baladewa
: “Senajan dereng arampung
anggen padhuka ngendhika, kula sampun ngertos saripatinipun anggen padhuka
rawuh wonten madya negara Dwarawati. Dewi Kunthi, mugi dadosaken kawuningan
Dewi Kunthi, kajawi yayi kresna kula ugi nggadhahi hakwali kaliyan putra
padhuka pun Dewi Rara Ireng adhi kula, dinten mangkeh. Blakothang terus terang
blaka suka waleh-waleh menapa kula sampun ngrancang sinten jodhonipun si Rara
Ireng. Setunggal kiwulung mboten wonten ingkang kedhah nduwo, utawi batalaken
jejodhohan pilihan kula, mboten sanes namung kajawi. Rara Ireng badhe kula
pacangaken kaliyanipun Burisrawa adhi ipe kula. Menika sampun paten ora wis
kena diubah-ubah. Menapa maleh sifating Jawa, menawi Dewa temurun badhe
mambengi jejodhohanipun yayi Dewi Rara Ireng kaliyan adhi kula pun Burisrawa.
Prabu Baladewa ingkang badhe dados tumbal, tertamtu umpamina banteng ingkang
ageng kula tabrak. Prekawis adhi kula pun Harjuna putra paduka gampil, Arjuna
menika tiyang bagus, larene bagus, mung nggih mlarat pun ngeten mawon . Ora
duwe apa-apa uripe wae melu mbahe, wong adol bagus, pol polane ngepol adol
kementhus, pol pole ngepol dadi tukang demenan ikupun Harjuna. Kula mpun
ngertos resikone. Arjuna niku bojone pirang-pirang mangkeh mbisuke mesthi kaya
ngoten. Watak wong kaya ngono ora bakal junun ora bakal tenang nduwe
bojo siji. Pramila kula namung kepenging nylametaken adhi kula pun Dewi Rara
Ireng. Pramila Dewi Kunthi, mboten ngurangi ngraos kurmad kula dumateng padhuka
duh Dewi Kunthi Kunthi talibranta. Kula suwun Arjuna dipun padosaken wanodya
lintu, nuwun pangapunten. Menawi padhuka menika kawratan ragad. Nuwun sewu
panjenengan, dipun tular kaliyan
paman Prabu Pandu dadi randha menika sampun dangu. Kula ngertos menawi paduka
menika mboten gadhah bandha kangge ragad ndhaupaken. yayi Arjuna dhumateng
sinten kiwala.”
200. Kresna :
“Koko Prabu.”
201. Baladewa
: “Wis kowe menenga dhisik.”
202. Kresna :
“Koko Prabu.”
203. Baladewa
: “Menenga dhisik.”
204. Baladewa
: “Setyaki.”
205. Setyaki : “Kula kanjeng Koko Prabu.”
206. Baladewa : “Piye?“
207. Setyaki
: “Kendel kemawon coba kados
pundi dipun sawang.”
208. Baladewa
: “Setyaki menega.”
209. Setyaki :
“Inggih.”
210. Durna
lan : “Iki padu iki, awake dhewe
kudu lunga, iki perkara keluwarga, lunga sengkuni.”
Durna lan Sengkuni lunga.
211. Baladewa
: “Pramila bibi, kula mangkeh
ingkang badhe ngragadi Harjuna dhaupipun telas pinten yuta, telas pinten real.
Senadyan separuh negari Mendura badhe kula tambokaken kangge dhaupipun kyai
Harjuna nanging sanes kaliyan Dewi Rara Ireng adhi kula, kula suwun Arjuna
dipun padosaken wanita lintu bibi.
Kaya tinodok tumbak penggalihipun
Dewi Kunthi talibranta midhanget dhumateng dawuhipun sang Prabu Baladewa
ingkang sanget amboreh raos dhatan
kumejak amung dalaweran iluhnipun lon lonan Dewi Kunthi talibranta morod saking
pasewakan tanpa pepoyan dhumateng ingkang putra sakit jroning manah sang Dewi
Kunthi talibranta nanging dhateng kumejak duh dewa-dewa.”
212. Kresna
: “Bibi.”
Melas
dening kudira kawang-wang ngegana kang sumiras he...
213. Kresna :
“Rara ireng, ana apa kowe metu saka ing kedhaton rara ireng.”
214. Rara
Ireng : “Kakang yen nganti
tumetes banyu mripate Dewi Kunthi Kunthi aning negara Dwarawati bakal kena
tsunami kakang ana ratu sing babar pisan ora nggunakake rasa, aku njaluk izin
tak temonane ratu ingkang nyuthat bibi Kunthi.”
215. Rara
ireng : “He ratu Mandura.”
216. Baladewa
: “He Rara Ireng aku iki
kakangmu.”
217. Rara
ireng : “Aku ngerti kowe kakangmu
jalaran kowe lahire luwih dhisik timbang aku nanging kowe ngaku kakang karo
rara ireng tak batalake jalaran apa wong tuwo sing mesthine kudu bisa mbetuwahi
wong tuwo kang kudu bisa nukulake rasa tentrem tibane aning kene wong tuwo
nanging ngilang tuwane mergane mung dadi kongkonaning ratu mung dadi gedibale
adhi ipe, kakang prabu Baladewa kowe mesthine ngerti kowe ora tau dadi wanudya
nanging gelem ora gelem kowe lahir saka wanudya uga, kowe nduweni kebutuhan apa
wae sing bisa ngadhemake ki wanodya nanging kowe ngecamah kelawan penggalihe
bibi Kunthi talibranta. Tujune kanjeng bibi Kunthi talibranta senajan ta sedhih
kaya ngapa ora tau ngetokke banyu larangan ya kuwi banyu mripat, kowe tak
kandhani he wong sombong yen nganti Dewi Kunthi Kunthi iluhe tibo aning kedaton
iki njeblak bumine yen pancen kowe kaya ngana sing jenenge wong jejodhohan kuwi
bakal lumbananing kekluwargaan kang kenangapa kowe kudu ngorbanake perasaane
bibi Kunthi perkara kowe ora setuju aku kelawan Arjuna, ora usah diwaleni karo
Baladewa ora patheken rumangsane wong tuwo ora kanggo gawe patuladhan ora gelem
njaluk pangapura karo Dewi Kunthi Kunthi, ora nduweni kakang sing jenenge
Baladewa, Rara Ireng iseh tetep urip. Kakang prabu kakang prabu ora ngira babar
pisan saya kuncara, saya kondhang asmanmu ning saya mlorot akhlakmu, kowe saya
pinter nanging budi pakartimu kaya budi pakartining kewan jabang bayi ora
sothak aku nyawang kelawan kowe kakang prabu. Haduh.”
218. Setyaki :
“Sokor.”
219. Kresna :
“Setyaki menenga. piye kakang?
220. Baladewa :
“Kyai prabu kowe sing ngajari?”
221. Kresna :
“Lho lho lho kok kula sing ngajari pripon toh? Bocah pun gedhe, pun nduweni
alam pikiran piyambak kok ndadak diajari dipengaruhi pripun ta?”
222. Baladewa :
“Kowe mbelani Rara Ireng.”
223. Kresna :
“Kula mboten mbelani Rara Ireng.”
224. Baladewa :
“Nyalahke aku?”
225. Kresna :
“Mboten nyalahke.”
226. Baladewa :
“Sing keleru endi?”
227. Kresna :
“Mboten wonten sing keleru mboten woten ingkang leres wong niki sanes ulangan
niki sanes pelajaran niki sanes testing nanging menika kadadosan.”
228. Baladewa :
“Tumpraping kowe piye aku diwaneni karo si Rara Ireng piye?”
229. Kresna :
“Sampun samesthinipun sabab koko prabu leres menapa ingkang dados aturipun adhi
kula Rara Ireng seklimah kaliyan tiyang sepuh tiyang samangke menika
intelektualitas munggah kepinteran
munggah jumlahe profesor wonten negara niki kathah sanget ning napa buktine
napa? Wong–wong pinter ora bisa menyelesaikan masalah menapa mawon wonten
negara niki. Koko prabu sing pantes nduweni gelar profesor niku dudu Durna,
nanging tiyang-tiyang ingkang saget nukulaken mboten ketang namung wonten pundi
kutha cilik panggonan cilik dudu cilik kuthane nanging nglaherake generasi
ingkang bener-bener. Nduweni raos kamanungsa ingkang ageng yen dipikir sing
tuwo malah ora nduweni wibawa bocah kaya Rara Ireng malah ahklake luweh dhuwur
timbang sampeyan. Ngantos sekawan likur jam sedinten sedalu padhuka mboten
nyuwun pangapunten kaliyan Dewi Kunthi Kunthi, kula mboten tanggung jawab Koko
prabu.”
230. Baladewa :
“Aduh piye.”
231. Baladewa :
“Yayi prabu, di agung pangaksamamu yayi kebranang dening rasa ho bener kang di
aturaken marang si Rara Ireng , aku njaluk pangapura ingkang akeh yayi.”
232. Kresna :
“Koko prabu menawi badhe nyuwun pangapunten sampun kaliyan prabu Kresna tiyang
salah menika saktemenipun kejawi nyalahi diri pun pribadi menika gadhah lepat
kaliyan ingkang kawogan inggih menika bibi Kunthi talibranta pepunthoning ngrembag paduka kedhah nyuwun
pangapunten kaliyan purbaning kawasa.
233. Baladewa :
“Oh yayi.”
Gonjang
ganjing langit kelap-kelap katon mleregen janging samawi gandrung saparang
kadulwuger muyag mayig he...
234. Baladewa :
“Kabeh tak pasrahke marang sliramu yayi.”
235. Kresna : “Koko prabu”
236. Baladewa
: “Piye?”
237. Kresna
: “Menawi pitados dhumateng kula, sedaya cinakup tigang
perkawis ingkang manungsa mboten saged anggerba senajan ta, namung saget
ambudidaya nanging hasilipun sedaya wonten purbaning kawasa setunggal,
ketemuning jodho, lorone tekaning rejeki, ping telune tumibaning pepati.
Pramila wonten wangson jailulah jailulah aja nganti jail, kamangka wong kang
jail tartamtu dadi satruning gusthi Allah, kula aturi nengga wonten panuragan
mangkeh kula badhe lumebet manggihi Rara Ireng, badhe kula tarini mangko sing
pantes dadi kakunge Burisrawa menapapun Arjuna.
238. Baladewa :
“Nggeh yayi, tak percayakke kabeh karo kowe, gedhe pengarep-ngarepku supaya si
Rara Ireng bisa karo si Burisrawa.”
239. Kresna :
“Sami pengajeng-ngajengipun pun Arjuna ugi sageda dados garwanipun sedaya
mangkeh kaputusan kula pasrahaken wonten yayi Rara Ireng sedaya kewala
kesepakatan menika mboten wonten ingkang saget ambatalaken.”
240. Baladewa :
“Ya, tak tunggu aning sak njabane Balawati.”
Yakjo
buro rupa nyisedeng ngarindra manguing mung sawita kelawan..
Wonten
negara Dwarawati
241. P.
Bromangkara : “Bilung.”
242. Bilung :
“Wonten dhawuh.”
243. P.
Bromangkara : “Apa iki wes tekan negara Dwarawati?”
244. Bilung : “Sampun.”
245. P.
Bromangkara : “Wah pethetane
apik-apik nemen ya lung.”
246. Bilung :
“Negari Dwarawati niku saderengipun dipun cepeng kaliyan prabu Kresna niku
negarane amburadul wah amburadul.”
247. P.
Bromangkara : “Iya.”
248. Bilung : “Sareng dipun cepeng
kaliyan prabu Kresna samangke pembangunan dados sae sanget, amargi prabu Kresna
niku pemimpin ingkang mengutamakan masa depan bangsa, tidak hanya mencari
harta. Bedane pemimpin kaleh bakul sapi niku teng mriku.”
249. P.
Bromangkara : “Ya.”
250. Bilung :
“Pemimpin niku nek durung mimpin wes ngetokke dhuwit pirang-pirang mangkeh nek
dadi pimpinan dadi pejabat niku ora bakal miker
rakyat, piye carane modale bali dhisik. Opo maneh modale entuk utang wa wes
anggaran pendapatan belanja negara sing mesthine kanggo rakyat malah disunat
sing mesthine nggo tuku pasir pembangunan nggo tuku pasir dhuwite nggo plesir,
sing mesthine nggo tuku watu
dipangan pejabate nggo tuku sepatu, sing mesthine dhuwit dibagekke karo rakyate
dimbat nggo nglonthe la ngoten niku. Jane pejabat niku nek arep royal nak ora
nggo dhuwite negera nggo dhuwit apa. Nak paino ngono wes apa apane wis ngerti
kabeh wong kene kuwi kae wong sembada kae wedokene sing marani dudu dek’e.
Sembada tenanan lanang kae tenanan wedokane sing monggo mas kula aturi ngenclep
la ngono kuwi, wong lanang sing apik sing kaya ngono kuwi aku ya tau nglakoni
kaya ngono kuwi ning aku rak tega aku rak tegelan. Sinden kok sikile
dislonjorke ngene kaya arep, rumangsane aku ki kuwatir diwal diwel diwal diwel kok gek..
251. P.
Bromangkara : “Kowe ki
ngrembug apa kuwi.”
252. Bilung : “Nggeh, negari Dwarawati
niku nggeh niki.”
253. P.
Bromangkara : “La kedhatone nang endi?”
254. Bilung :
“Kula piyambak mboten ngertos.”
255. P.
Bromangkara : “Jare ngerti.”
256. Bilung :
“Ngerti wilayahe ning ora ngerti jeroane ngerti blegere ning jeroane dereng
nate wong kula dereng nate ndemok inggih menika menawi ciri fisikipun menika
mpun wonten contone dhadhane saya gedhe bokonge saya mendelong ngono kuwi ki
ciri-ciri wis ana ki mesthi kena sentuhan la menika mekaten niku. Wondene
sampun dumugi pundi-pundi kemawon kula mboten ngertos.”
257. P.
Bromangkara : “Wis kowe menenga, we la dalah. Weh kae ana wong ngadek
sak ngisore wit ringin.”
258. Bilung :
“Pundi?”
259. P.
Bromangkara : “Kae.”
260. Bilung :
“Oh nggeh niko satria njegreg wonten ngisore wit ringin ireng niko satriyane.”
261. P.
Bromangkara : “Ya jajal kaya
ngapa, sumingker. He satria aku melu takon, aku arep nyolong Dewi Rara Ireng ki
piye carane mbok menawa kowe ngerti carane aku ditulungi.”
Rekad
sang bratasena anganthi ingkang ibu dewi kunthi talibranta he... kangu gene
rang-rang ho...he...
262. P.
Bromangkara : “Iki lung,
jenenge sapa lung?”
263. Bilung :
“Takon dhewe.”
264. P.
Bromangkara : “Kok kowe urung kenal?”
265. Bilung :
“Wis kenal ngko ndang diunduli, takon dhewe.”
266. P.
Bromangkara : “He kisanak yen kowe nduwe jeneng sapa jenengmu yen
kowe satriya sapa sambating wewangi.
267. Bratasena
: “Waah....”
268. P.
Bromangkara : “Woh ana
lindhu.”
269. Bilung :
“Lindhu dengkul sampeyan niku, bocahe niku nggereng kok lindhu.”
270. P.
Bromangkara : “Wah bocahe nggereng.”
271. Bilung :
“Nggeh, dikira trafo njeblug napa.”
272. P.
Bromangkara : “He sapa
jenengmu.”
273. Bratasena :
“Yen kowe takon karo aku jenengku Bratasena.”
274. P.
Bromangkara : “Bratasena ki sapa Lung?”
275. Bilung :
“Bratasena niku putranipun pangeran diponegoro, ingkang dhaup kaliyan dewi Kartini.”
276. P.
Bromangkara : “Ngawur.”
277. Bilung :
“Ngerti ngawur takon, ati-ati nek kaleh niku.”
278. P.
Bromangkara : “ya, tak akalane karep ben
ngewang-ngewangi aku nyolog Dewi Rara Ireng.”
279. Bilung :
“Monggo, semoga.”
280. P.
Bromangkara : “dongakake aku ya Lung?”
281. Bilung :
“Nggeh mugi-mugi kula dongakake jembar kuburane, hu delalah wong arep apes ya
kaya ngana kuwi ndelalah aku mlaku kok rak tekan-tekan ki.”
282. Bratasena
: “Kowe sapa?”
283. P.
Bromangkara : “Prabu Bromangkara saka negara klidhang langit.”
284. Bratasena
: “Teka ning negara
Dwarawati arep apa?”
285. P.
Bromangkara : “Arep nyolong Dewi Rara Ireng.”
286. Bratasena
: “Arep mok kapake?”
287. P.
Bromangkara : “Arep tak pek bojo.”
288. Bratasena : “Barang colongan kok
dipek bojo sebabe apa?”
289. P.
Bromangkara : “Yen tak lamar ora bakal kelakon ditampa.”
290. Bratasena : “Oh ngono.”
291. P.
Bromangkara : “Ya, mulane ngene ya Bratasena kowe mengko tak kei
dhuwit sing akeh, ning aku ewang-ewangana aku kancanana.”
292. Bratasena : “Ngancani apa?”
293. P.
Bromangkara : “Nyolong.”
294. Bratasena :
“Nyolong apa?”
295. P.
Bromangkara : “Dewi Rara Ireng.”
296. Bratasena :
“Aku kudu ngapa?”
297. P.
Bromangkara : “Tuduhke dalane
mengko aku sing mlebu kowe sing ngenteni.”
298. Bratasena :
“Kowe arep mbayar piro?”
299. P.
Bromangkara : “Arep njalok bayar piro kowe?”
300. Bratasena :
“Umpamane aku njalok apa kowe bakal minangkani?”
301. P.
Bromangkara : “Yakin tak
wenehi, wis ta nek perkara-perkara wedokan calon bojoku pokok’e tak kek’i
njaluke piro.”
302. Bratasena : “Dudu njaluk piro ning
njaluke apa.”
303. P.
Bromangkara : “Ha?”
304. Bratasena :
“Njaluke apa.”
305. P.
Bromangkara : “Oh dudu dhuwit?”
306. Bratasena :
“Dudu.”
307. P.
Bromangkara : “Oh ya mbak
menawa kepengin tak lantarke nek kowe kepengen dadi satpam, apa kowe kepengin
njaluk mariner dadi meriner, kowe ngko tak larapake sing pertama kali sak
durunge kowe mengenal banyu kowe tak kandhani agamane iwak kuwi apa?”
308. Bratasena :
“Agamane iwak apa.”
309. P.
Bromangkara : “Agamane iwak
kuwi Kristen, sabab rajane jenenge paus, nah.
310. Bratasena :
“Ya paus.”
311. P.
Bromangkara : “Ha?”
312. Bratasena
:
“Nek agamane manuk apa?”
313. P.
Bromangkara : “Heh gantian ik.
Agamane manuk wah angel.”
314. Bratasena :
“Agamane manuk kuwi loro, sing Kristen lan sing Islam ya ana.”
315. P.
Bromangkara : “Sing Kristen?”
316. Bratasena :
“Manuk greja.”
317. P.
Bromangkara : “La nek sing Islam?”
318. Bratasena :
“Emprit kaji.”
319. P.
Bromangkara : “Oh iya sing
kenene putih kae, wah sahabat-sahabat ternyata hobine padha karo aku, hobi
manuk.”
320. Bratasena :
“Ana maneh.”
321. P.
Bromangkara : “Apa?”
322. Bratasena :
“Kenangapa wong mati jenazahe diadepke ngulon?”
323. P.
Bromangkara : “Wah ukuran
agama ki ngono kuwi wes dadepke nang kiblat ngono.”
324. Bratasena
:
“Goblog kowe.”
325. P.
Bromangkara : “Lo gobloge?”
326. Bratasena
:
“Takono karo aku.”
327. P.
Bromangkara : “Kenangapa wong mati diadhepke ngulon kabeh?”
328. Bratasena
:
“Yen ana sing diadhepke ngetan mesthi omong-omongan.”
329. P.
Bromangkara : “Aduh... Terimakasih entuk ilmu. La kowe kuwi njaluk
kudangane apa? Njaluk hadiahe apa?”
330. Bratasena
:
“Aku njaluk hadiah karo njaluk bonus, ning bonuse dhisik.”
331. P.
Bromangkara : “Bonuse apa?”
332. Bratasena
:
“Aku njaluk ndhasmu tinggalen kene, awake gawanen.”
333. P.
Bromangkara : “Heh heh heh ndhase tinggal awake gawa? Kowe mesthi ora
setuju kowe mesthi.”
334. Bratasena
:
“Rara Ireng kuwi arep dadi bojone Harjuna.”
335. P.
Bromangkara : “Harjuna ki sapa?”
336. Bratasena :
“Adhiku.”
337. P.
Bromangkara : “Aduh, apes aku.
Gobloge ora umum. Bilung?”
338. Bilung :
“Mula ratu niku pejabat niku ijazahe aja ijazah persamaan, ijazahe niku aja
tuku, telek dibungkusi sampeyan, mripat melek dapusi. Ratu ning polone bosok
kaya sampeyan niku, kaya pejabat-pejabat saiki kaya sampeyan niku rata-rata
ngeten niku, dadi wakil rakyat ditiba giliran mikeri rakyat micek la ngeten
niku sing digedekke mung iki thok terus kaya ngono kuwi, asu tenaaan.”
DISK 3
339. Brumangkara :“Mula
ngaso-asoni ke rumangsane apa? Heh Bratasena oh ndi wssssonge, oh iki..
jebulane kowe benteng nagara Dwarawati”
340. Bratasena :
“Tak akoni”
341. Brumangkara :“Wahaah
bagus, rawe-rawe rantas malang-malang putung”
342. Bratasena :
“Tegese piye?”
343. Bromangkara :“Sapa
ingkang ngalang-alangi aku tak trajang! Sapa ingkang cawe-cawe bakal tak
entekake! Manuta kowe, tak jabut nyawamu,”
344. Bratasena :“
Majua tak odhol-odhol ususmu. “
345. Brumangkara :”
Wuh durung klakon wis krasa aku, yaaa igit syungkup pangampit mamprung nyawamu!”
346. Brumangkara :“
Cangkemmu!”
Brumangkara
lan Bratasena gelut jotos-jotosan, Brumangkara langsung tiba”,
347. Bilung :
“ Aaaah aman...”
348. Brumangkara :
“Aduh lung... aduh bilung”
349. Bilung :“
Dereng mati ta sampeyan”
350. Brumangkara :
“Urung”
351. Bilung :“
Pateni sisan ya? “
352. Brumangkara :”
Kowe rumangsamu, weeeeeh edan! Ngancam karo Bratasena, puntir awakku”
353. Bilung :”Aaaaa,
niku nembe ronde pertama, niku nembe pengasrepan,”
354. Brumangkara :
“ Pemanasan kok pengasrepan, welah dalah lawan kaya ngapa”
355. Bilung :
“Ampun... sampeyan pingin dawa umure, Saestu wong saniki niku akeh-akehe wong
sing kaya sampeyan niku gampang mati. Aja sombong, contone Marijan, nika le
mati nika ora wedi mati, piyambake iku wedi isin, ngaten kaya niku lo,”
356. Brumangkara :
“Wong duwe keyakinan ora kena dicampuri lung,”
357. Bilung :
“Nggih mangga”
358. Brumangkara :
“ Wong nduweni keyakinan ora keno dicampuri”
359. Bilung :
“Asumonggo, nek kepingin dijemput karo malaikat Izroil”
360. Brumangkara : “Aja kakean bebangaloh,
Bratasena! Hampyak awur-awur glundhunging memeng bathangmu.. hep,”
361. Bilung :
“Aduh! Ratu matane yak-yakan dancok raimu.”
Panggonan liya,
kahanane Brumangkara ngalawan Bratasena, Brumangkara wonten ing mriki kalah.
362.
Brumangkara :” arrrg mati. Duh..
duh.. aduh. Aaaaa. Weeeeit. Yaaaaaa”
363.
Bilung :” Alhamdulillah! aish ora mati iki
ndang, helahdalah. Innalilahi wainnailahi rojiun, meninggal dunia dengan
jelalatan. Sukses! hadeeh tak gotonge ngantikan, remuk rempu. Haaah.. Bratasena
ke perangane tandangane jan nggilani tenanan, wah nganthi sing mbedhug kaponthal-ponthal.
Sing dikerekke ke gong cinane aja petambore, bol. He hehe aaah gotong go mulih.
Dianakake upacara pengantenan, eh kok pengantenan! Kematian”
Ee ee ee eeee oo ooo ee eee ee
Melas dening ludira kaaa..wang,
nggegono, tan sumirat
Ee ee ee eeee
364. Dewi
Kunthi : ” Bratasena”
365. Bratasena : ” Waaa ibu Kunthi, piye? Ditampa
apa ora penglamare Arjuna?”
366. Dewi
Kunthi : ”Tanganmu, kucah getih,
kemringet kemebul. Yen nyawang kasektenmu saka kadohan pun ibu kilingan klawan
bapakmu, Pandu”
367. Bratasena : ”Sing wis sedha, ora usah
diungkit-ungkit maneh. Piye?
368. Dewi
Kunthi : ”Bratasena, iki umpamane
mengko Permadi utawa Arjuna, adhimu ora
klakon dhaup karo Dewi Rara Ireng piye?”
369. Bratasena : ”Yen klakon Arjuna ora kasembadhan
kang dadi kesektiane piro jembare praja Dwarawati. Bumi angus dening Bratasena,
mung kari kapan sliramu paring dhawuh karo aku Ibuuu”
370. Dewi
Kunthi : “Bagus ngger, kuat tangan
anakku lanang ora sa-sia anggonku
nggegulang,nanging durung titi wancine. Sabab iki ana pepalang, ora ana liya
pepelange kajaba Burisrawa, sedulurmu saka ing nagara Mantharaka putrane paman
prabu Salya, lumantar Baladewa kakangmu melu ngriwuk kempul perkara iki”
371. Bratasena : ”Aja maneh Burisrawa, sak
baladewane aku ora bakal gila, yen njaluk tak sempal kapite mumpung manggon
Banyuwangi.”
372. Dewi
Kunthi : ”Aja ngono ya ngger, ora
saben kekerasan bisa ngrampungake perkara,”
373. Bratasena : ”Nanging kekerasan titi kala
mangsane kudu perlu wong sing sombong adhile kudu disombongi. Takabur minal
mutakabirin, wis sodaqoh,”
374. Dewi
Kunthi : ”Iya, mingin durung titi
wancine aja nganthi ya ngger. Iki mau aku ditekani karo si Setyaki adhimu,
didhawuhi supaya ngenteni sawetaraning papan kang wis dipapanake dening anakku
Krsna, ayo melu..”
375. Bratasena : ”Moh, wegah ketemu karo wong Dwarawati,
sepet mripatku, aku cukup ning
alun-alun. Yen ana apa-apa, ngganggu marang katentremanmu, kabarna aku.”
376. Dewi
Kunthi : ”Sing ati-ati ya Bratasena,
ibu bakal nunggu katerangane, sabab kakangmu Krsna saiki lagi nemoni calon
adhimu, si Rara Ireng. Sapa ngerti mbok menawa netepi marang dhawuhing wong tua
padha wong tua. Sinuwun prabu Pandu prabu Pandu, klawan kakang prabu Basudewa,
mbiyen prajanji seduluran ora bakal pedhot donya akhirat, moga-moga Krsna
nyekel amanat kuwi.”
377. Bratasena : ”Iya, pangewange-wange njaluk Gusti
sing agawe jagad siapke tenaga, yen nganti urung adhiku Arjuna dawuh laro dewi
Rara Ireng. Aja takon doso Dwarawati bumi angus dening Bratasena.”
Kate tangis tangise jalar sarasa...
Eee
ee eee
Kocap
kacarita sak lebeting kedhaton nagari Durwati, Dewi Rara Ireng anggenipun
kataman panah asmara jatu..silananging
akrami diage-age, tansah angabur-ngaburake sekar merati kang rinon..ce
dadiya sumiyar gandaning kedhaton.
limbukan
Disc 4
Samenika
limbuk cangik
Sang Burisrawa nyawang-nyawang
rawit. Sang Dananjaya ring kepareng rika sumingkira hohoho. Hangnyaba Pandhawa.
Ridhu mawur, mangawur-awur wurahan,
Tengaraning ajurit,
Gong maguruh gangsa
Teteg kaya butula
Wor panjriting turanggaesthi
Rekatak ingkang
Dwaja lelayu sebit
Wonten
ing sawijining wekdal, ing nagari Mandara, Burisrawa ndangu dhateng Prabangkara
lan Prabancana
378. Burisrawa : “Prabangkara lan Prabancana.”
379. Prabangkara : “Wonten dhawuh.”
380. Prabancana : “Wonten dhawuh.”
381. Burisrawa : “Kowe tak gawa saka kasatriyan
Tambutulang saperlu kowe tetungguling nom-noman ikang takdu karo macan, macane
mati. Takdu karo gajah, pedhot gadhinge.”
382. Prabangkara : “Menika sadaya awit saking gladhen
paduka Raden Burisrawa”
383. Burisrawa
: “Iya, kowe bola-bali kandha
mbenjang kapan kula saged males kesaenan paduka raden wis tumeka titi wancine
mangsa kala. Wee, panas rasaning atiku ora saranta sanajan kakang Prabu
Baladewa wus teka mrene. Kakang Prabu Baladewa wis nglamarake Burisrawa. Wis
selak aku kepengin rabi karo si Rara Ireng. Iki wis tekan tapel wates kowe
ngadoha saka aku sawetara. Inanggara Dwarawati ora ngulungake Dewi Rara Ireng.
Ee, Mbok Badra Sumbadra, Rara Ireng ladenana brantaku Rara Ireng, Rara Ireng.
Kaya mbledhag-mbledhaga atiku ketatap jemparinging asmara ingkang metu saka
langkat panguripanmu. Hehe ladalah, hee wong negara Dwarawati endi Rara Ireng
takrabi. Ora nganti klakon dhaup karo Rara Ireng takbumi angus negara
Dwarawati.”
Banjur,
tiyang-tiyang samenika wau sami kesah piyambak-piyambak.
Punapa ta ngira ingsun mrihatin
tanpa bomije udaha tanpa karya.
Bumi gonjang-ganjing langit kelap- kelap katon,
lir kincanging alis,
risang mawèh gandrung, O ,
saparang kadulu.
Wukir moyag mayig,
saking tyas baliwur, O
Sawijining
dinten, wonten ing Mandara, Burisrawa nyuwun tulung dhateng Suman, supados Suman
kersa ngrencangi Prabu Baladewa anggenipun nglamar Dewi Rara Ireng.
384. Burisrawa : “Wuuh, ladalah Man, sampeyan
ingkang ngantheni kakang Prabu Baladewa, Man. Cekak aos Man, kula boten saranta
Man.”
385. Suman : “Dursasana ora melu,
Kartamarma ora melu, Kurawa ora ana sing melu. Padahal iki swasanane dharurat
ngger.”
386. Burisrawa
: “Pripun?”
387. Suman
:
“Dharurat ngger. Sinuwun Prabu Baladewa, kakangmu, ketoke ora kuwawa. Aku weruh
dhewe sinuwun Prabu Baladewa didukani karo calon bojomu, si Rara Ireng. Nganthi
tamek gur anggolek ora isa apa-apa.
Gawat Kurawa ora melu Burisrawa.”
388. Burisrawa : “Pripun to Man?”
389. Suman
:
“Penglamarmu dibarengi karo Arjuna.”
390. Burisrawa
: “Wee, ladalah.”
Jaja muntap lir kinetap kumejot padoning lathi,netra kocak ngondar andir, O
391. Burisrawa : “Keparat! Arjuna wani ngembari karo
penglamare Burisrawa.”
392. Suman : “Sing nglamar Dewi Kunthi
talibranta. Nganti putrane si Bratasena kae ngger sing njekrek kaya tugu
sinukarta, kamangka saiki lagi padha rembugan.”
393. Burisrawa
: “Rembugan apa?”
394. Suman
: “Pertimbangan sing ditampa Arjuna
apa Burisrawa? Ketoke Kresna ndhoyong nang Arjuna. Mula kowe aja tinggal mung
mangku tangan.”
395. Burisrawa : “Hayo gene pun?”
396. Suman : “Ukuren kekuwatane Bratasena.
Yen kowe bisa nglahke Bratasena. Mateni Arjuna mung sekedhiping metro.”
397. Burisrawa
: “Wah, ladalah. Kokop getihmu
Bratasena!”
Burisrawa
lajeng kesah nilaraken Suman piyambakan, saperlu madosi Bratasena badhe
dipunpejahi.
398. Suman : “Bagus, bagus, bagus!
Takkeproki saka kadohan ngger.”
Burisrawa
kasil anggenipun madosi Bratasena. Bratasena boten ngertos menawi wonten
Burisrawa. Ngertos-ngertos Burisrawa sampun jumeneng wonten wingkingipun Bratasena.
399. Burisrawa
: “Heh, jagoane Pandhawa!
Bratasena!”
400. Bratasena
: “Kakang Burisrawa.”
401. Burisrawa
“Kowe ngungkurake aku? Ngece kowe ?”
402. Bratasena
: “Aku lagi ngematake kori gapit
seketheng lawang pambutulan, ibu kunthi lagi rundhingan. Ayo bareng-bareng
ngenteni haning kene.”
403. Burisrawa : “Cangkemu! Pegaweyan paling
mbosenake kuwi nunggu ngerti!”
404. Bratasena
: “Apa daronane kuwi sumusul?”
405. Burisrawa
: “Yah. Arep methik kembang
soroja ingkang bakal dadi pepethetaning pituronku yah yayi Rara Ireng.”
406. Bratasena
: “Rara Ireng arep dadi bojone
Arjuna.”
407. Burisrawa : “takbatalake!”
408. Bratasena
: “Jejodhoan ora kudu nganggo
kekerasan.”
409. Burisrawa
: “Yen tak peksa piye? Arjuna
dakpateni.”
410. Bratasena
: “Ning diwakili kakangane
piye?”
411. Burisrawa
: “Yoh, yen aku bisa mateni kowe,
Bratasena, mateni Janaka luwih cepet timbang mateni kowe.”
Bratasena
nyodhog Buriswara ngantos dhawah kesakitan.
412. Burisrawa
: “Dajal laknat kowe Bratasena.
Wuh, dhadhaku nganti sementep.”
Kekalihipun
gelut. Ketingal menawi Burisrawa boten saged nandhingi kekuwatanipun Bratasena.
Burisrawa asring dhawah anggenipun nglawan Bratasena.
413.
Burisrawa : “Ora minggat, pedhot.”
414.
Burisrawa : “Adhuh, mati aku.”
Burisrawa
kalah. Piyambakipun wotak-watuk kemawon banjur idu.
Disk 5
Bratasena
karo Burisrawa.
413. Burisrawa : “Modar kowe! Bratasena, tandhingana
iki!”
Akhire
Burisrawa kalah.
414. Kunthi : “Bratasena?”
415. Bratasena
: “Piye ?”
416. Kunthi : “Perangmu kali ini hebat
tenanan, durung tau ana sing isa ngembari. Improvisasimu jan sip tenan. Kok
ngglethak?”
417. Bratasena
: “Durung mangan.”
418. Kunthi : “Lungguho, kowe tak critani”
419. Bratasena : “Iyo.”
420. Kunthi : “Mbiyen bapakmu pandhu nalika
arep entukipun ibu, tetapa nganthi taun taunan kuwat. Anake dadi wong kang
gembeng. Bapakmu kuwi
gajah ngger, ora ana gajah nduwe anak celeng.”
421. Bratasena
: “Endi Burisrawa?”
422. Kunthi : “Dudu wataking satriya, kae
pengecut. Wadya bala-balane kae Burisrawa mau, perang tandhing karo udawa karo setyaki. Mung sayange ora kesyuting dadi ora ketok.”
423. Bratasena : “Pateni ning mburi omah mau aku
weruh.”
424. Kunthi : “Iyo. Ayo ngger, ngadhep
kakangmu ingkang dina iki uwis sumadi rerumbingan sapa mengko ingkang bakal
ditampa.”
425. Bratasena
: “Burisrawa uwis kalah.”
426. Kunthi : “Sayembarane dudu perkara adu
okol, nanging iki sayembara ingkang bakal dikandharake karo calon adhimu ipe si
Rara Ireng ya Bratasena.”
Ing... Bremara leh manguswa
ambrangengeng. Ong... kadya
karenaning kaswasih. Aneng marga amalatkung. Ong...
427. Kresna : “Kanjeng bibi, swawi kula
ndherekaken minggah wonten ing balai Maligi.”
428. Kunthi : “Ayo, kadherekaken Kresna.”Ana
ing Dwarawati, Kresna, Rara Ireng, Dewi Kunthi, Baladewa, lan Bratasena pada
ngrembag perkara panyuwune Rara Ireng.
429.
Kresna :
“Kanjeng bibi Kunthi Talibranta.”
430.
Kunthi :
“Ana dhawuh punapa anakku ngger? Anakku wong bagus, wong
sugih, Prabu Kresna?”
431.
Kresna
:
“Miwak paduka kanjeng kaka
prabu.”
432.
Baladewa : “Ya yayi, piye?”
433.
Kresna : “Ora keri, yayi Bratasena.”
434.
Bratasena : “Ya. Bektiku tampanana njlitheng kresna kakangku.”
435.
Kresna : “Wes tak tampa Werkudara.”
436.
Baladewa : “Apa darunane si adhi, ngumpulake Bibi Kunthi Talibranta
kalawanipun kakang? Apa ana
sambung rapete kalawan adhiku si Rara Ireng nemoni para panglamar?”
437.
Kresna :
“Enggih. Sawetawipun mangkeh
badhe kula pasrahaken. Rara Ireng?”
438.
Rara
Ireng :
“Ana apa kakang?”
439.
Kresna : “Sira matura dhewe karo Bibi
Kunthi niwah kakangmu Bratasena”
440.
Rara
Ireng : “Kanjeng bibi miwah
paduka kakang.”
441.
Baladewa : “Iya yayi.”
442.
Kunthi : “Iya, Rara Ireng.”
443.
Rara
Ireng :
“Kabeh ora ana ingkang padha
sulaya,jalaran yen nganthi ana ingkang rebut balung tanpa isi. Tak anggep sapa
wae ingkang mengku, wigati marang Rara Ireng tak anggep bocah cilik kabeh.
444.
Baladewa :
“Kaget aku, we lhadalah.
Priye yayi prabu?”
445.
Kresna :
“Nyatanipun mekaten. Menawi paduka menika namung sadermi
utusan, sami kula kaliyan bibi Kunthi. Mboten wonten ingkang dados utama kejawi ingkang saged
manggihaken bebananipun adhi kulanipun Rara Ireng.”
446.
Kunthi : “Kresna, aku tak jaluk pamit ya Kresna. Rara Ireng aku
pamit.”
447.
Rara
Ireng : “Kula nuwun inggih. Titip salam dhumateng raden Arjuna,
sampun ngantos ngewa-ewa nggih. Dipun welingi, cempaka wungu ingkang kula kintuni kala wingi supados nyirami nggih bibi
Kunthi.”
448.
Baladewa : “Heh! Ora usah kaya ngono! Kirim salam apa kanggo kae
Burisrawa?”
449.
Rara
Ireng : “Ya kirim salam, muga-muga Burisrawa enggal
sadhar. Yen nresnani ora ditresnani, ora ana wong keplok tangan siji kakang.”
450.
Baladewa :
“We lhadalah, piye iki?”
451.
Kunthi : “Bratasena,
ayo tah dherekake Bratasena.”
452.
Bratasena :
“Ibu Kinthi, ayo tak gendhong bali.”
Pandhita ing saptaarga Sang Begawan Abiyasa. Dewi Kunthi
Talibrata Kiren ana Kinaken dhumateng prekawis penglamaring sang apekik menggih
Raden Arjuna panengah Pandhawa dhumateng kyai Semar badranaya.
453.
Semar :
“E, thole. Nala Gareng, Petruk lank owe bagong. Kene
thole padha Gumringah. Ayo padha bebarengan mikirake marang bendaramu ingkang
bakal nduwe gawe gedhe. Yaiku dedhauping tempuk kelawan
wahyu. Muga-muga Negara iki
bisa kaimbuhan baldatun, warobun, toyyibatun ghoffur awit saka ningkahaning
bendaramu. Ayo to le, aja mung pijer ngimpi thole.”
GORO-GORO
454.
Semar : “E, ndara Arjuna ndara Permadi.”
455.
Arjuna : “Apa kakang semar badranaya?”
456.
Semar : “Ndara Puntadewa.”
457.
Puntadewa :
“Apa kakang?”
458.
Semar : “Lan paduka ndara Bratasena.”
459.
Bratasena :
“Wah yo kakang semar.”
460.
Semar : “Dinten niki boten wonten gegayuhan ingkang saged
pinikul enteng namung kajawi dipun pikul sesarengan. Rukun agawe santoso, cerah
agawe bubrah. Menika ngger, sedaya kala wau ingkang saged dipun wastani
manunggaling tekad laire kawon batos. Ingkang mekaten.”
461.
Arjuna : “Gamelan Lokananta ingkan ana aning
madyaning khayangan cakra Kembang. Ingsun dhewe karo kakang Semar ingkang bakal
munggah ana ing khayangan cakra kembang, bakal tak temoni
kakang Kamajaya lan kakang
Kamaratih.”
462.
Puntadewa :
“Gamelan lokananta anaaning kaindran, ya aku Puntadewa
mengko ingkang munggah nanging beda panggonan ing khayangan.
Bakal tak pundhut dhewe aning Khayangan Swargaloka
463.
Bratasena :
“Wah. Mung kari Negara sing gelo. Mung nek perkara
Ramayana mung goleki kakang Anoman mangkih lak kepanggih.
464.
Arjuna : “Aku nyuwun pamit kakang semar.”
DISK
6
Semar
ing goden prayitno cenguris titiani ganda yo ning tri sunti wenayan jati
465. Semar : “Hai Ndara Arjuna, Ndara Permadhi.”
466. Arjuna :
“Apa kakang Semar Badranaya?”
467. Semar :
“Ndara Puntadewa.”
468. Puntadewa : “Apa kakang?”
469. Semar :
“Lan paduka Ndara Bratasena.”
470. Bratasena : “Wahh... Ya kakang Semar.”
471. Semar :
“Dinten niki mboten wonten gegayuan ingkang saged pinikul entheng namung kajawi
dipun sangkul sesarengan, urukun agawe santosa laa cerah agawe bubrah hahh
menika ngger sedaya kala wau ingkang saged dipun wastani manunggahing tekan
lahir kawan batos. Ingkang makaten.”
472. Arjuna :
“Gamelan Lukananta ingkang ana aning madyaning Khayangan Cakra Kembang ingsun
dhewe kakang Semar ingkang bakal munggah ana ing Khayangan Cakra Kembang bakal
tak temoni kakang Kamajaya lan kakang Kamaratih.”
473. Puntadewa : “Gamelan Lukananta aning kaindran
iwaku Puntadewa mengko ingkang munggah nanging bedha panggonan ing khayangan
bakal tak pundhut dhewe aning Khayangan Swargaloka.”
474. Bratasena : “Wahh... Mung kari Negara Singgelapura
aning endi papan dununge Kreta Kencana
jaran wolu tiras titisane Prabu Dasamuka.”
475. Semar :
“La nggih leres niku Negara Singgela mung nek perkara Ramayana mang goleki kakang sampeyan Anoman mangke ora
saged kepangge.”
476. Arjuna :
“Aku njaluk pamit Kakang Semar.”
477. Semar :
“Inggih ingkang ngantos-antos nggih gus.”
478. Puntadewa : “Dongakna aku Kakang Semar Badranaya.”
479. Semar :
“Pepuji kula nderek jengkal paduka.”
Ing pantan kumuwan hama tangis
sroning pasareyan ngenangi watana ramu-ramu kalingan ngangrangan sang tyas
manah wungkung tumung temtu ing sang hyang angrerepa dadya wus sira tabu yayi
eman-eman wuwus entek pranta yayi olon nadyah o...
480. Semar :
“Kula pepuji mugi-mugi saged sinambut ing berkah kayuwanan gus... e... Kula
ajeng mbrebel nonton krukunan ing para Pandawa e... Kerukunan saiki wis saya
kinikis saya entek... Saya entek. Kerukunan saya habis karena di trempa oleh
para Kaum Borjuis aah... Ndara, ndara... Mugi-mugi sampeyan para Pandawa
kenging kangge conto kangge uswah njejegaken Negara Kesatuan Republik Indonesia.
Nggih jiwa gotong royong kaya ngoten niku aja nganti ilang ndan..”
Semar ing guden prayitno jenguris
titiyaning gadayana e...
Tansah marapamaring suksmo sinuk
maya winagya winasepi sinimpen telenging kalbu
481. Puntadewa : “Pukulan Bathara Indra sembah nuwun
awit saking paduka sampun maringaken Gamelan Lukananta dhumateng pun Puntadewa.”
482. Bathara
Indra : “Iya ngger... Puntadewa Gamelan
Lukananta iki mau minangka kanggo gawe ngabuhi lan mapag temuning temanten
adhimu si Permadhi klawan si Rara Ireng mengko wulun ingkang gawa yaga saka
Surabaya e Suralaya.”
483. Arjuna :
“Matur kasinggihan kakang bukulun lan kakang mbok bukulun. Kakang bukulun
Bathara Kamajaya lan Kamaratih awit saking anggenipun pari maremuk miwah sih
wilasapa duka dhumateng kula.”
484. Kamaja :
“Aja kawatir yayi Permadhi. Ora mung tak ampili nanging mengko mbakyumu ingkang
bakal dadhi juru rias. Kidhang mas pupus cindhe parijata kencana lan leregan
mandara giri tumuli mengko bakal tak leboke menyang cupu wasiat mung yen
gawakna supaya anggone sira nggawa ora kerepotan.”
485. Bathara
Indra : “Gamelan Lukananta mengko tak
wadhahi marang Kendaga Wajaseta. Saperlu supaya kuwi mengko bisa kepenak lan bisa
praktis anggonmu nggawa.”
486. Puntadewa : “Ngaturaken agungin punuwun ingkang
tanpa pepindan. Kula nyuwun pamit bukulun.”
487. Bathara
Indra : “Ya sing ati-ati Puntadewa.”
488. Arjuna :
“Kulo nyuwun pamit Bukulun.”
489. Kamajaya : “Sing ati-ati Janaka.”
Ngaturaken agungin punuwun ingkang
tanpa pepindan
Kegiri-giri analir papata
angkawelakar mangun mungsu amin o lawan mandra drosing manada pakarsa manudruka
490. Dhadhung
awuk : “Raden Bratasena.”
491. Bratasena :
“Kuwi ngerti karo jenengku?”
492. Dhadhung
awuk : “Halah ben dina kumpul
neng kothak masa pangkling.”
493. Bratasena
: “Kuwi sapa?”
494. Dhadhung
awuk : “Pangone Kebondanu kang
pancal panggung cacah patang puluh jenengku Dhadhung awuk.”
495. Bratasena : “Dhadhung awuk wis ngerti tekaku?”
496. Dhadhung
awuk : “Wis. Kuwi arep nyilih,
yen ora nyilih tuku, yen ora tuku arep dirudukpari peksa Kebondanu kanggo
srah-srahaan adhimu si Janaka ya si Arjuna.”
497. Bratasena : “Wahh... Ya pancen kenang ngapa kuwi
ora masrahake?”
498. Dhadhung
awuk : “Ngene ya Bratasena.
Senajan aku wis diwelingi karo sang Giwang Indra yen pancen Kebondanu kuwi wis
jatahe Permadhi jatahe Arjuna.”
499. Bratasena : “Ora kakendang digiring menyang
Negara Dwarawati?”
500. Dhadhung
awuk : “Enak men! Ana pangudangku.”
501. Bratasena : “Apa pamundhutmu?”
502. Dhadhung
awuk : “Gelut karo kuwi!”
503. Bratasena : “Yen ora gelut piye?”
504. Dhadhung
awuk : “Kurang marem. Wis suwe
awakku ora tau di pedhot-pedhot karo musuh. Yen perlu patenana aku!”
505. Bratasena : “Ya! Yen pancen kuwi panjalukmu.
Tak pinangkani.”
506. Dhadhung
awuk : “Wah... Lah dalah klakon
gibeg ilang nyawamu!”
Bratasena
akhire gelut karo Dhadhung awuk
507. Dhadhung
awuk : “Wis Raden. Cukup Raden.”
508. Bratasena : “Wahh pothol gulumu!”
509. Dhadhung
awuk : “Yen aku dipothol mengko
sing angon lembu e lembu Kebondanu sapa?”
510. Bratasena : “Oh edan!”
511. Dhadhung
awuk : “Wis. Kuwi ki kelemahane
nang gon ku. Aja sia-sia karo aku. Terima kasih ya Bratasena, wah awakku penak
suwe ora tau digebugi musuh. Mbasa digebugi mungsuh dadhi kepenak kaya ngene.”
512. Bratasena : “Edan kuwi! Aku di anggep tukang
pijet wae. Rumangsamu apa hayo dina kang wis ditentoake Kebondanu kudu wis
tekan alun-alun Dwarawati.”
513. Dhadhung
awuk : “Aja kuwatir tak
rengga-rengga nganggo mutiara lan berlian, tak kalungi nganggo tambang emas.
Aku dhewe mengko ingkang masrahake karo adhimu, tak terna menyang alun-alun Dwarawati.”
514. Bratasena : “Ya matur nuwun.”
515. Dhadhung
awuk : “Padha-padha Werkudara.”
Anoman malumpat sampun... pradeng
widengnaka sari mulat mangan ndapat tingal manadyayu purwaking e...
516. Bratasena : “Pertapaanmu mung kari pirang ndina
Anoman. Tuduhke aku Negara Singgelapura, sing weruh kuwi yen nganti ora nuduhke
karo aku kaya ngapa kaning ngayaku ora bisa ngrabikke adhiku si Permadhi.”
517. Anoman :
“Adhuh Bratasena.”
518. Bratasena : “Sing gedhe pangapuramu.”
519. Anoman : “Ora papa dhi.”
520. Bratasena : “Kuwi lagi tetapa ngapa?”
521. Anoman : “Aku ki pertapa ya nyramakke
adhimu Raden Arjuna kuwi.”
522. Bratasena : “Ya, yen pancen kuwi nyramake karo
adhiku Arjuna.”
523. Anoman :
“Tak golekane, tak tuduhke anane ning Negara Singgela.”
524. Bratasena : “Ya Negara Singgela kuwi nang endi?”
525. Anoman :
“Weruh penering srengenge?”
526. Bratasena : “Ya, srengenge angslup.”
527. Anoman :
“Kulon kidul arahe kae.”
528. Bratasena : “Ya para pedhut mangampak-ampak.”
529. Anoman :
“Kae kukusing segara. Yen dudu satria bisa mati kapracundhang dening kukus
samudra kuwi.”
530. Bratasena : “Ya, karo kukuse merapi ampuh endi?”
531. Anoman :
“Imbang.”
532. Bratasena : “Ya.”
533. Anoman :
“Werkudara.”
534. Bratasena : “Nggih.”
535. Anoman :
“Aji bayu bajra.”
536. Bratasena : “Ya aji bayu bajra.”
Negara
Singgelapura.
Janeyaning talaga adhil lange
mambang tepas mulano pamani ga... eng... wurung
537. Prabu
anem : “Patih Kerta Bangsa?”
538. Patih
Kerta Bangsa : ‘Kulo wonten dhawuh.
Sang Prabu anem Bisa Warna.”
539. Prabu
anem : “Lan sira Tumenggung Kukuh Mangarsa.”
540. Tumenggung :
“A... Dadu situ ala iyung...”
541. Prabu
anem : “Sing prayitna
mripatmu, sing tutus, titis lan tetes dhasare sira iki dadhi Tumenggung ingkang
nanggung pira nggone anggunggung yoga-yoga ingkang padha munggahpanggung. Yo
kang alit yo kang agung kabeh padha kinunggung supaya ana meneh suk mbok menawa
ana tanggapan malih anggone manggung.”
542. Tumenggung :
“Ae... wa... o... e...”
543. Patih
kerta bangsa : “Wonten menapa
angger sinuwun anggenipun aninggali dhumateng ingkang patih kula pun Kerta Bangsa.”
544. Prabu
anem : “Ngene patih, wis
entuk rong kalenggahan iki.”
545. Tumenggung :
“Gambang kakang.”
546. Prabu
anem : “Rong dina iki Negara Singgela ketiban daru ingkang
bobote padha amung beda wujude. Ndaru iki mau siji ireng siji putih. Tumiba
aning pesisir samudra Negara Singgelapura mbok menawa impen iki dadhi
kasunyatan patih. Takno kabeh kuradyo bala baris pendhem aning tepining samudra.”
Sorote pandangsumulung amadaning
njroning pasarean remu-remu kalih engang-engang ngangrangan sangyah manahang
pung
547. Patih
Kerta Bangsa : “Nyuwun tambahing
pangestu sinuwun.”
548. Prabu
anem : “Yaya... Aja kaya bocah patih.”
Patih
kerta bangsa lan tumenggung lunga ninggalke prabu anem
549. Kerata
Basa : “Kuwi sapa?”
550. Anoman : “Aku Anoman. Kuwi
sapa?”
551. Kerata
Basa : “Patih Kerata Basa. Inganggugu ing samudera rumadyani
negara sing luruh kurawin. Kuwi dadhi trisendi ngastenine sinom marang mburi
suwarna aja ngrereget Negara Singgelapura. Minggata!”
552. Anoman :
“Aku gelem minggat yen aku wis ketemu karo Prabu Bisa Warna.”
553. Kerata
Basa : “Elah dalah lancang pangucapmu! Lenu pangindapmu tatap
kemudha!”
554. Anoman :
“Heh... heh... heh...”
555. Kerata
Basa : “Bandha kanggo gawe pangewan-ewan kuwi.”
Patih
kerata basa lan anoman gelut
556. Bisa
Warna : “Kuwi tanding karo sapa em?”
557. Kerata
Basa : “Parwagaseta.”
558. Bisa
Warna : “Kethek Putih kae jenenge Anoman. Aja meneh kuwi mbahku
Prabu Dasamuka. Angsoh angsoh.”
559. Kerata
Basa : “Angsoh menika menapa ingkang dipun ngge bayi menika?”
560. Bisa
Warna : “Kae angsop. Angsoh kuwe
tegese mati. Aja meneh koh kuwi, yo iku ingkang tak goleki Anoman kulo ingkang
putrawa.”
Patih
bisa warna lunga nemoni anoman lan ninggalke patih kerata basa.
561. Anoman :
“Mboten nyana, mboten legewa sinuwun sampeyan sinten?”
562. Bisa
Warna : “Anoman kula niki Prabu
Bisa Warna putranipun Kanjeng Rama Begawan Gunawan Punta Wibisana.”
563. Anoman :
“Adhuhh...”
564. Bisa
Warna : “Wonten sukaryo ingkang
kadosa pundi?”
565. Anoman :
“Kula mbakta. Adhi kula pun Bratasena.”
566. Bratasena : “Wah... Prabu Bisa Warna aku njaluk
tulung, adhiku arep dadi nganten. Arep kepyak kirab manten njaluk numpak Kreta
Kencana ingkang jarane wolu tilas titiane Prabu Dasamuka.”
567. Bisa
Warna : “Kula caosaken.”
568. Bratasena : “Ya. Wah... ora ngira babar pindho.”
569. Anoman :
“Pisan kok pindho.”
570. Bratasena : “Jebulane sedulur ingkang nembe
ketemu kok malah becike kaya ngono. Taringane ngakune sedulur, ngakune anak,
ngakune keponakan wis pirang-pirang puluh taun tak openi tundhon gawene
jebulane nelikung saka mburi.”
571. Anoman :
“Wis aja digetuni, getunana apa wong drajat, pangkat, daulat kuwi dhewe-dhewe.
Manuk gagak karo manuk kunthul kae golek panganan ing pesisir lan ing sawah.
Ning mergane werna wulune bedha kala mangsane mabure baline dhewe-dhewe tumuju
menyang habitate dhewe-dhewe. Aja anggetuni ingkang wis nanging tatapen ingkang
nyawang ajinana ingkang wis ana saiki kuwi kang minangka kekuwatanmu.”
572. Bratasena : “Terima kasih Anoman yen ora
dikuati karo kuwi mbok menawa aku nglokro.”
573. Anoman :
“Bola-bali kuwi nglokro. Wis tak kandhani wanita kuwi gawe memala mula ora usah
diladeni yen wanita perlu kuwi dibunuh.”
574. Bratasena : “Bunuh apa?”
575. Anoman : “Karaktere. Wis tenang ta, ora kuwi
ora aku nggih menapa mboten?”
576. Bisa
Warna : “Sedaya ing nglampahi
klebet eyang Prabu Dasamuka ugi inggih.”
577. Anoman :
“Dintenipun sukra asih, wancinipun jam sanga enjang kreta kencana ingkang
tulangga wolu kedah sampun dumugi wonten
ing alun-alun Dwarawati.”
578. Bisa
Warna : “Ngestoaken dawuh paduka Anoman
ngiras pantes kulo badhe sowan wonten ngabyantaranipun titis sang hyang Bathara
Wisnu nun inggih Prabu Sri Bathara Kresna.”
579. Anoman : “Mangke kulo arapaken ngger.”
Araso madangi jagad o... o... o...
kuwukane sapu tak ewuning pa... pa... pa... panggunging ra kena sarating surya
mengongan gunung... gunung...
580. Baladewa : “Kepat iring-iringan manten saka ngendi
iki, bocah-bocah saka ngendi iki?”
581. Wong : “Saking Saptarga.”
582. Baladewa : “Sing di iring-iringi sapa? Arjuna?
Elah dalah wani nglangkahi kridane Prabu Baladewa ora sudi rasane atiku adhiku
Dewi Rara Ireng dhaup klawan si Arjuna e... calon manten kelakon dadhi
penganten tataken kasektene Prabu Baladewa. Iblis ala Permadhi Arjuna.”
583. Arjuna : ‘Nyuwun pangapunten kula saweg
crita kaliyan kang mas Bratasena.”
584. Baladewa : “Ora sah ndadak nylamur kuwi
kalakon bisa dadhi bojone Rara Ireng kalahna dhisik Baladewa.”
585. Bratasena : “Mbiyen sejarahe piye?”
586. Arjuna : “Sejarahipun....”
587. Baladewa : “He lah kok nyingkur ki piye?!”
588. Arjuna : “Sejarahi pun menika tasih
jeneng Narayana.”
589. Bratasena : “O... Narayana kakange Narayana.”
590. Arjuna :
“Namini pun Kakrasana.”
591. Bratasena : “Kakrasana ki saiki ndi?”
592. Baladewa : “Ora sah nylamur! Yen perlu ora
mung Permadhi, kakangane Bratasena maju kene!”
593. Bratasena : “Waktu semono kepiye?”
594. Arjuna : “Raden Kakrasana menika lumebet
wonten lak-lakanipun Prabu Kurondhoyakso.”
595. Bratasena : “Manjing separo.”
596. Arjuna : “Nuwun nggih. Piyambakipun
mboten saged polah.”
597. Bratasena : “Mesthine kudune mati.”
598. Arjuna : “Nggih.”
599. Baladewa : “Ora sah ndadak nylamur-nylamur! E
Permadhi kuwi Bratasena sisan dene kabeh Puntadewa kon maju! Yen perlu Bibi Kunthi
kon maju senajan wadon tak geceg-geceg sisan!”
600. Bratasena : “O... dadhi Kakrasan wektu semono
arep mati?”
601. Arjuna : “Inggih.”
602. Bratasena : “Sing bisa nulungi Kakrasan kuwi
sapa?”
603. Arjuna : “Inggih kulo.”
604. Bratasena : “Carane?”
605. Arjuna : “Prabu Kurondoyakso kula
panajejantingipun satempakan mbengok uwal cokotanipun Prabu Kurondoyaksa.”
606. Baladewa : “Kuwi crita apa kuwi? Crita apa kuwi?”
607. Bratasena : “Ora sah digogoni. Lanjutna.”
608. Baladewa : “Kuwi crita apa kuwi?”
609. Arjuna : “Riyin dhaupipun kakang mas
Kakrasana inggih kakang Prabu Baladewa kaliyan kakang mbok erawati menawi
mboten wonten kula kakang mas Kakrasana sampun pedhot saktugel dipun dhahar
kaliyan Prabu Kurondhoyaksa.”
610. Baladewa : “Kuwi crita apa kuwi? Crita apa kuwi?
Kuwi crita apa kuwi? Apa kuwi? Crita apa kuwi?”
611. Bratasena : “Wah... Jebulane saiki nggoleki
wong becik angel Permadhi.”
612. Arjuna : “Inggih.”
613. Bratasena : “Kuwi nalika semono diopahi apa ora?”
614. Arjuna : “Diopahi napa malah kula
tombok. Nalika semanten kakang mas wonten tiyang ingkang prasapa gandeng aku
wis bisa dhaup karo mbakyumu erawati mbesuk nek kuwi dhaup arep tak sumbang,
arep tak ragadhi, arep tak ayomi.”
615. Bratasena : “Janji kuwi. Cangkeme bosok! Wis
ora usah ndadak dipaelu yen pancen wong sing wis tau kotangan busi saiki malah
ngamuk-ngamuk.”
616. Arjuna : “Mboten usah dipun ladosi
kangmas... Mpun mangga mawon.”
617. Baladewa : “Permadhi. Permadhi Bratasena Permadhi
Bratasena. Permadhi aku njaluk pangapurane Permadhi. Permadhi aku njaluk
pangapurane Permadhi. Bratasena Bratasena kene ndhisik. Adhem-adhem ana adhimu
Bratasena aku wis nglenggana Bratasena aku wis lenggana Bratasena.”
618. Bratasena : “Brutt!!”
619. Baladewa : “Adhuh tak parani... wong tua malah
dipok. Permadhi, Permadhi Permadhi ayo tak bopong. E Kresna kuwi mbopong
penganten wadon, aku tak mbopong penganten lanang. Permadhi elah dalah, e...
wong Dwarawati iki penganten lanang, iki penganten lanang tak bopong dening
Prabu Baladewa. Yayi Kresna?”
620. Kresna : “Kula wonten dhawuh koko Prabu.”
621. Baladewa : “Bopongen si Rara Ireng ayo di ijabke
tengah alun-alun ben dha padha nonton, tukang-tukang becak padha diundang,
nelayan-nelayan padha diundang, aku arep mbagi berkat telung ndesa, nyembelih sapi
sewelas, tontonane limang dina limang bengi. Sing terakhir dalang saka Tegal
iki, Prabu Paino e Baladewa kok Paino.”
622. Kresna : “Sampun sadhar?”
623. Baladewa : “Uwis. Uwis ora sah dibacut-bacutke.”
624. Kresna : “Burisrawa?”
625. Baladewa : “Walah Burisrawa mengko gampang
golekke wong Bali ya ora papa. Wis gampang. Lo endhi penganten wadone?”
626. Kresna : “Mungkur ngaten og, la
penganten lanange mungkur.”
627. Baladewa : “Kuwi maju yayi.”
628. Kresna : “Njenengan nggih maju.”
629. Baladewa : “Oh ya. Ayo siji loro telu.”
630. Kresna : “Lo malah ora kena ki piye?”
631. Baladewa : “Aku tak mundur, kuwi mundur.”
632. Kresna : “Malah saya adoh.”
633. Baladewa : “Nah... Rak ngono didhonke.”
634. Rara
Ireng : “Kakang Prabu jenengani
rumangsane apa. Wong kok di gajluk-gajluke kaya dara.”
635. Baladewa : “Walah dalah yayi kulo wonten
dhawuh koko prabu. Sepira lupute pun kakang diagung pangapura.”
636. Kresna : “Kulo nuwun inggih kakang
Prabu.”
637. Arjuna : “Mbok inggih mboten ngaten.”
638. Puntadewa : “Sembrono. Kiyayi Arjuna mbok jangan
begitu to yayi. Mangga. Sampai sekarang kok begitu.”
639. Kresna : “Matur nuwun yayi Puntadewa
dening paduka sampun luruhi kula.”
640. Puntadewa : “Nggih. Ratu nggih mboten yak-yakan.”
641. Baladewa : “Ora ki esuk-esuk kok malah
edan-edanan ki piye to.”
642. Arjuna : “Meng ngisor yayi.”
643. Rara
Ireng : “Kok kaya ngono.”
644. Kresna : “Wis ndang salaman ndang salaman.
Gong, mrene gong.”
645. Petruk : “O... Gene sadhar ing ndeleng
kaya ngene ki piye.”
646. Baladewa : “Iya Petruk wis sadhar aku Petruk.”
647. Petruk : “E... Rumangsane, mbok yo
mikir, wong kuwi mikir ora mung... Budi baik dari seorang Permadhi kepada you
ketika you mau ncuk dulu sekarang menjadhi kenyataan. Makanya lidah itu tidak
bertulang, mulut makanya itulah yang namanya itulah justru maka daripada itu.”
648. Baladewa : “Iya iya Petruk aku lengganani
Petruk.”
649. Petruk : “Wah... Ali-aline apik abang.”
650. Baladewa : “Peken?”
651. Petruk : “Nggih. Tak dung tak tak dung
tak.”
652. Bagong :
“Sukur ngger sukur Raden Permadhi.”
653. Puntadewa : “Picek matamu, aku Puntadewa kok Permadhi.”
654. Bagong :
“Oh iya deng. Iki yak, lali aku. Elah dalah.”
655. Puntadewa : “Kula ingkang badhe anyekseni kanjeng
ibu.”
656. Petruk : “Yo sukur kabeh.”
657. Kresna : “Koko Prabu dinten mangke dipun
seksenana. Sedaya ingkang sami muninga, sedaya ingkang sami midhanget mugi
anyeksenana Gamelan Lukananta, parijatha Kencana, Kebondanu ingkang pancal
panggung, Kreta Kencana ingkang turangga wolun sampun jangkep dumugi wonten
Negari Dwarawati kalebet para pengiring, kelebet para dewa, juru rias, kelebet
pangoning kelumbu andini, klebet narindra Singgela. Sedaya sampun sami kumpul
kula nyuwun agungan kaliyan Batara Kukuh Andaya supados angormati ungeling
ladran temanten, sumengga e... e... e... e... e...”
Akhire
Arjuna mbojo karo Rara Ireng.